Basa krama alus iku basa kang ngajeni banget.
Biyen arane basa krama inggil. Krama inggil iku sing ana mung tumrap
tembung, yaiku tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo nginggilake utawa
ngajeni wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung
krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe,
kang tegese ngajeni wong liya.
Wujude krama alus dumadi saka tembung-tembung
krama kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap, saengga
basane luwih alus lan ngajeni banget. Kaya dene basa ngoko andhap, sing nganggo
tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya (panindake)
lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake
dhewe ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena ngramakake awake dhewe),
kepara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil
sing digunakake iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Kosok
baline tembung krama andhap iku kanggo ngandhapake awake dhewe.
Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang
sapa wae sing pancen kudu dikurmati. Panganggone kaya ta:
(1)
Wong enom marang wong tuwa.
(2)
Batur marang bendarane.
(3)
Murid marang gurune.
(4)
Andhahan marang pimpinane.
(5)
Kanca karo kanca sing durung kulina.
Gatekna tuladha iki:
a. Bu Darwati nate
ngendika, panjenenganipun boten badhe kondur
menawi
dereng purna pakaryanipun.
b.
Manawi Ibu badhe dhahar, ngersakaken dhaharan punapa, mangga kula ladosi!
c.
Simbah badhe tindak
dhateng Jakarta nitih kreta, bidhalipun
mangke tabuh sekawan sonten.
d.
Kula mboten mangertos ingkang dipunngendikaken Pak Roni,
pramila kula nyuwun dipunandharaken malih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar