Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Oh Pak Guru

 (Cerkak Dening Bambang Khusen Al Marie)

Ratih dheleg-dheleg ing kamar. Mripate kang blalak-blalak kekembeng luh, mblabar nelesi pipine kang dhekik. Dhawuhe bapake esuk mau njalari dheweke mung ndhuwel ana kamar nganti kliwat adzan dhuhur.

“Ndhuk anakku cah ayu, Bapak banget mongkog lan bombong marang prestasimu. Awit senadyan bapakmu iki mung wong tani bodho, kowe pranyata bisa ngrampungake sekolah nganti pawiyatan luhur,” mangkono dhawuhe Pak Darma, bapake Ratih esuk mau.

Atine Ratih dadi sagunung. Lagi sepisan iki bapake ngendika serius kaya ngono, kaya marang tamu agung wae. Pancen esuk iki Ratih lagi wae bali saka Purwokerta, papan dheweke ngrampungake kuliah ana Fakultas Pertanian.

“Mula ndhuk bapak banget matur nuwun marang Gusti Allah dene bapak wis dikersakake momong kowe nganti diwasa kanthi ora kurang sawiji apa. Saiki kowe wis dadi wanita kang dhiwasa lan mumpuni.”

Senadyan seneng Ratih dadi dheg-dhegan jantunge, gek ana apa kok bapak ngendika sajak ngati-ati? Kok kaya ana bab kang wigati banget. Lan pungkasane dhawuhe Pak Darma kang keri iki gawe kagete Ratih, kaya kesamber bledhek luput.

“Mula ndhuk kanggo njangkepi kuwajibanku minangka wong tuwa bapak duwe karep enggal-enggal ngomah-omahake kowe. Apa kowe wis duwe pacar?” pitakone bapake kang pungkasan kaya nyigeg keteging jantung.

Babarpisan Ratih ora ngira menawa  bapake bakal ndangu bab kuwi. Ratih dhewe sasuwene iki pancen durung karep omah-omah. Mula senajan Ratih ora nguciwani ing rupa lan tata krama nanging dheweke tansah njaga diri babagan pasrawungan priya-wanita.

“Piye ndhuk?” bapake ngambali pitakon.

“Eh…. Dereng Pak,” lirih Ratih wangsulan, sajak grogi kaya nalika adhep-adhepan karo dhosen penguji pendadaran.

“Nek ngono, piye umpama Ratih manut bapak wae? Dak golekake calon kanggomu kang timbang ing bab kapinteran lan kapribadhen karo kowe.”

Dhawuhe bapake sajak entheng tanpa sanggan, nanging sirahe Ratih kaya nyunggi watu sakendhas kebo gedhene. Bapake dhawuh maneh akeh-akeh nanging dheweke wis ora krungu apa-apa, kebacut uleng karo angen-angene.

Lan nalika bapake ndangu maneh, “Piye ndhuk?”  Ratih ora bisa matur, mung terus mlayu mlebu kamar. Nangis ungkep-ungkep bantal.

Pancen iki kabeh salahe Ratih dhewe, geneya nganti saiki Ratih ora duwe pacar kaya kanca-kancane kuliah. Umpama iya mesthi bapake ora perlu repot-repot golek mantu, lan Ratih ora bingung kaya saiki. Ratih sejatine kepengin besok yen omah-omah bisa milih bakal calone dhewe. Nanging Ratih tekan seprene durung nemu priya kang mranani atine. Biyen mula ana priya kang gawe kagume Ratih, nanging wis suwe banget. Ratih dadi kelingan marang marang lelakon kang meh wae dilalekake, limang taun kepungkur.

Ing sawijining esuk, nalika semana Ratih isih SMA kelas telu. Swasana ing kelas isih gayeng dening suwarane bocah-bocah kang padha jagongan. Maklum dina sepisanan mlebu sekolah, kabeh padha crita pengalaman sasuwene liburan. Kelas dadi rame kaya pasar manuk.

Pasar manuk dadakan mandheg. Bocah-bocah dadi anteng nalika sawijining pawongan gagah mlebu kelas. Mesthi wae bocah-bocah wedi jalaran wong sing nembe mlebu kelas iki sangar tenan. Potongane rambute cepak kaya tentara, pawakake gothot lan pakulitane ireng gosong. Najan manganggo sandhangan guru nanging wong iki luwih mirip kuli panggul ing pasar.

Kanthi sorot mata kang tajem, Pak Guru nelukake saisine kelas. Ing sajerone kelas kang tintrim suwarane Pak Guru katon cetha, abot lan mantep.

“Anak-anakku kelas 3 kang daktresnani. Sakdurunge dikenalake dhisik. Jenengku Slamet. Aku kajibah minangka wali kelas 3 kene. Saben dinane aku mengko ngampu pelajaran Matematika.”

Najan Pak Guru Slamet wis nyaba ngomong sareh lan alus, nanging bocah-bocah ora wani nyuwara apa-apa. Kabeh sedheku ing meja, wedi marang Guru anyar kang katon galak iki.

Ratih anyel lan sebel marang guru anyar iku. Guru kok kaya kuli panggul. Wong kaya ngono kok dadi guru, mbok ya macul neng sawah wae. Jan ora simpatik blas! Ketambahan Ratih pancen ora seneng pelajaran Matematika, njalari saya tambah gething.

Sawijining awan Ratih kepeksa nuntun sepedha jalaran bane gembos. Pancen awak lagi apes. Jam terakhir pelajarane Pak Guru sing kaya kuli panggul kae. Ratih wis ora konsentrasi blas. Saiki ketambahan weteng luwe isih kudu nuntun sepedha ijen ing tengah bulak. Kanca-kancane Ratih wis padha bali dhisik, ninggal Ratih kang antuk giliran piket. Panase srengenge kaya arep mlethekake gundhul. Ratih kaya arep nangis-nangisa kae. Ing sangat kaya ngono kok ya Pak Slamet ndadak nyalib saka mburi.

Ngerti manawa siswane mlaku ijen nuntun sepedha ing tengah bulak, Pak Guru Slamet mandheg lan pitakon.

“Ana apa Ratih?”

“Gembos Pak!” cekak wangsulane Ratih.

“Wah kudu dipompa dhisik iki,” Pak Slamet nyoba mijet ban sepedhane Ratih.

Ratih tambah anyel. Wis dikandhani gembos kok isih dipijat-pijet.

“Ngarep kana ana bengkel coba lerena dhisik daknyilih pompa.”

Tanpa nunggu wangsulane Ratih, Pak Slamet ngeblas nitih sepedha motor tuwa kang suwarane kaya motor mabur. Limang menit dheweke bali karo nyangking pompa.

“Coba minggira dhisik dakpompane!”

Lan tanpa wigah-wigih Pak Slamet mompa ban sepedha kang gembos kuwi.

“Iki lho wis atos bane! Kana gek ndang bali!”

“Matur nuwun Pak,” ature Ratih sajak isin.

Ratih rumangsa dosa, guru kang digethingi kuwi pranyata nduwe bebuden kang luhur. Ingatase marang siswane dheweke gelem mbiyantu tandang gawe kasar tanpa wigah-wigih. Ing batin Ratih kagum marang Pak Guru iku. Ratih rumangsa keduwung wis nduwe panyakrabawa ala. Lan saka gething bibit-bibit simpati wiwit thukul ing atine Ratih.

Ing dina candhake Ratih wis ora gething maneh marang Pak Slamet. Apamaneh Pak Guru Slamet tetela guru kang mumpuni. Yen ngajar jelas lan gampang ditampa. Pelajaran Matematika sing umume diwedeni para siswa, ing tangane Pak Slamet dadi pelajaran kang favorit.

Ratih kang maune benci pelajaran Matematika wiwit sregep sinau. Sikape Pak Slamet kang andhap asor lan migatekake marang anak dhidhike, ing kelas apadene ing pasrawungan njalari dheweke kepranan. Apamaneh rumangsane Ratih Pak Slamet yen lagi ngajar kok kaya tansah nglirik dheweke. Atine Ratih dadi geter. Pak Guru kuwi kok saiki katon gagah lan ngantheng.

Thok! Thok! Keprungu lawang kamar didhodhog saka njaba.

“Ratih! Bukaken lawange ndhuk. Iki lho dakgawekake jenang sumsum senenganmu,” suwara wadon saka njaba celuk-celuk. Bu Darma, ibune Ratih.

Ah, mesthi ibu wis sekongkol karo bapak. Rada aras-arasen Ratih mbukak lawang.

“Iki lho ibu njenang kanggo kowe. Mbok ya mangan dhisik nek arep turu. Wiwit esuk wetengmu rak durung klebon apa-apa ta? Ayo gek dipangan!” suwara wadon setengah umur kuwi kaya ngudhari ruweting pikire Ratih. Ngilangi pasemon suntrut.

Saiki Ratih katon telap-telep mangan jenang sumsun kaya bocah cilik keluwen. Lan kanthi asih ibu wicaksana kuwi ngelus-elus sirahe Ratih.

“Mau didangu bapak apa ndhuk?”

“Ah ibu menika. Ethok-ethok ora ngerti. Mesthi sampun pirsa ta?”

Ibu mung gumujeng.

“Sinten ta bu ingkang dipun kersakaken bapak?”

“Kancane bapakmu ing kelompok tani. Dheweke petani kang sukses, najan isih mudha nanging usaha pertaniane wis ngambra-ambra. Mula bapakmu banget kepranan marang dheweke.”

Ah, Bapak! Ratih mendhelong atine. Ing batin kuciwa nanging ora wani nulak kersane bapake. Geneya bapak golek mantu wae mung petani. Senajan sugih bandha nanging apa bisa mengko ngimbangi kapiteranku ing sesrawungan. Kadar intelektuale mesthi adoh karo aku.

 Ibu sajak mangerteni isi atine Ratih.

“Ora susah dipikir sing jero ndhuk. Yen kowe ora gelem ya ora apa-apa. Nanging mengko nek bocahe mrene ditemoni sing apik. Apa kowe wis duwe calon dhewe?”

Ratih gedheg.

“Lha gene ya durung. Sapa ngerti mengko kowe malah jatuh cinta.”

“Ah ibu ki lho!” Ratih klincutan. Kanggo mbuwang kikuk tangane kemlawe nyiwel lengene ibune.

“Eh lara ki lho!”

“Ibuu…” Ratih nglendhot manja ana pundhake ibune.

“Mengko sore lho dheweke mrene. Gek ndang adus lan dandan sing ayu!”

“Ibuu….” Ratih tambah salah tingkah.

Bubar ‘Ashar Ratih wis adus lan dandan. Katon ayune mencorong amblerengi. Pancen Ratih sawijining kenya kang endah ing warna, susila anoraga ing tindak-tanduk lan trapsila ing tatakrama. Ora aneh yen dheweke dadi impening para mudha, nanging Pak Darma pancen ora sembarangan yen milih mantu. Mula para mudha kang kepencut mung padha bisa ngemut driji, lan sore iki malah bakal padha ngenes jalaran pemudha begja bakal methik kembang desa kuwi. Nanging sapa ta sing bakal teka iki mengko?

“Pak sejatosipun sinten ta ingkang badhe dhateng mangke?” Ratih nyoba takon bapake kang nembe lenggah ing kursi jengki kamar tamu.

“Lha mau arep dakkandhani kowe ndadak mlayu mlebu kamar. Ya coba ditunggu wae,” Pak Darma wangsulan karo mesem sajak mbebeda Ratih kang raine dadi abang ireng.

“Bapak menika lho kok malah nggodha. Ning kula rak mboten dikawin paksa ta pak?” Ratih wis bisa guyon.

“Ha….ha……Mesthi wae ora ndhuk. Bapak mung ndunungke endi sing ala lan becik. Keputusan tetep ana tanganmu. Mula tatanen atimu sedhela maneh dheweke bakal teka.”

“Ngendikanipun ibu piyambakipun sawijining petani, nggih Pak. Sinten Pak?” Ratih durung marem anggone nlesih.

“Iya ibumu bener nanging ora mangerti sakabehe. Ratih! Satemene kowe wis kenal kok marang dheweke. Mbok coba eling-elingen sapa bocah lanang kang wis tau cedhak karo kowe,” Pak Dharmo nutup pitakone Ratih kanthi teka-teki kang marahi Ratih penasaran.

Ah, bapak. Ratih ora ngerti marang kang dikersakake bapake. Kancane Ratih pancen akeh kang kerep dolan mrene nanging kabeh ora duwe sesambungan kang mirunggan karo dheweke. Apa si Jono sing anak petani kae ya? Jarene dheweke saiki marisi lahan pertanian puluhan hektar. Nanging ora, dheweke wis duwe pacar kanca sekolah lan Ratih  uga kenal. Apa si Bambang sing biyen bebarengan daftar ana Fakultas Pertanian. Mesthi dudu dheweke, jalaran Bambang saiki dadi tukang kayu.

Durung tutug Ratih ngudhar angen-angene saka ngarep keprungu suwara wong uluk salam.

“Assalamu’alaikum.”

“Wa’alaikum salam,” Ratih mangsuli.

Atine nratap. Suwara kuwi kok kaya suwarane…….

“Oh, Pak Guru. Mangga pinarak Pak,” Ratih mbagekake tamune sajak ewuh aya.

Pak Guru Slamet kang saiki katon bregas lan tambah gantheng iku mlebu ngomah. Polatane sumringah ora serem kaya biyen nalika isih dadi gurune Ratih.

“Kok kadingaren rawuh mriki Pak,” Ratih takon.

“Iya iki mau kebeneran liwat kene, terus mampir merga eling duwe murid ayu ana kene,” Pak Guru mangsuli sajak mbebeda Ratih.

Ratih jane seneng Pak Slamet dolan mrene nanging mengko nek tempuk karo calon mantune bapak sing jarene arep mrene sore iki banjur kepiye. Ratih bingung, solahe dadi kikuk. Pak Slamet kok ya sajak ewuh pekewuh ora kaya biyasane tegas lan dhiwasa, saiki kok sajak isin-isin kaya patrape bocah enom sing lagi pisanan apel.

Solahe pawongan loro kang kikuk iku dicuthel swara dhehem-dhehem saka njero. Suwarane Pak Darma.

“Sugeng rawuhipun Pak Guru,” Pak Darma melu ngombyongi.

“Slamet Pak,” Pak guru mangsuli guyon.

Ratih saya bingung kok wong loro kuwi kaya wis katon akrab.

“Nah Ratih,” Pak Darma noleh marang Ratih.

“Saiki mangsa borong marang kowe. Iki lho calone bapak sing mau koktakokake. Iki wonge wis ana ngarepmu.”

“Lho Pak. Niki rak Pak Guru Slamet. Ngendikane wau….” Ratih ndomblong kaya wong linglung.

“Ya pancen bener Pak Slamet iki guru, nanging dheweke ya petani sukses. Saiki duwe lahan jeruk sepuluh hektar. Malah saiki Pak Slamet karo aku mbentuk pakumpulan tani supaya ilmu pertaniane Pak Slamet bisa ditularake marang kadang tani ing kene,” Pak Darma njlentrehake.

“Mula saiki bapak ndangu kowe. Apa gelem dipek bojo Pak Slamet iki?” Pak Darma ndangu Ratih.

Ratih ora bisa mangsuli. Iki jenenge tumbu oleh tutup. Lagi esuk mau diangen-angen saiki wis ana kene. Batine Ratih seneng banget, nanging Ratih ora bisa mangsuli ‘inggih’, mung tangane uwak-uwik dolanan driji karo ndingkluk ndhelikake eseme.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2019/06/20/oh-pak-guru/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...