Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Rejeki Ing Wayah Sore

 (Cerkak dening: Bambang Khusen Al Marie)

Wis seminggu iki. Bengkel kang biyasane regeng dening swara mesin saiki sepi nyenyet kaya kuburan. Dina Sabtu minggu kepungkur tukang-tukangku padha ngukut gaman, siyaga pindah nyambut gawe, awit wis ora ana maneh sing bisa ditandangi. Aku ora kuwawa menggak jalaran aku wis ora duwe kekuatan maneh. Sebagian saka tukang-tukang kuwi malah durung nampa bayaran minggu sakdurunge. Atiku angles, bebayuku pepes, kaya wong dibandha ing wit asem, ora bisa polah nyawang para kancaku nyambut gawe kang wis pirang-pirang taun bebarengan golek pangupa jiwa saiki padha mungkur ninggal aku.

Dina iki, ganep seminggu aku nganggur. Sawise aku berjuang  mati-matian supaya usaha kang dakrintis limalas taun kepungkur tetep mlaku. Sawise aku adol barang-barang darbekku kanggo tombok bengkel kang rugi awit kapusan dening sawijining pelanggan setaun kepungkur.  Sawise aku kudu pasa saben dina jalaran kudu ngirit kebutuhan urip. Sawise pirang-pirang sasi aku kelangan eseme anak-bojoku. Dina iki jam iki detik iki, aku pasrah bongkokan. Aku nyerah. Sesuk aku kudu golek gaweyan anyar. Mbuh apa wae. Lan bengkel pertukanganku kudu daklalekake.

Dina iki wayah sore. Ing njaba udan gerimis riwis-riwis. Aku nyruput teh panas kang kari sagelas. Teh asil koret-koret omplong kang kothong. Teh pait, sebab aku wis ora kuat tuku gula. Karo nyawang latar kang teles dening banyu udan kang netes saka sela-selaning wit ace, aku ngenam pikiran, nrawang dina sesuk kang isih peteng, kanthi akal budi kang winates, nyoba golek pepadhang kanggo mlangkahi dina sesuk.

“Kringg….kring…kringg…!!!”

Swara telepon munggel lamunanku. Aras-arasen aku ngangkat gagang telepon. Iki mesthi telepon saka wong nagih utang. Iki telepon kaping sewelas ing wulan iki. Sepuluh telepon sakdurunge isine ya mung kaya ngono. Nanging tetep kudu daktampa, tetep kudu daksauri kanthi sopan. Kepiye wae wong-wong kuwi wingi-wingi wis nulung aku nalika uripku sekeng. Aku kudu aweh pakurmatan kang murwat kanthi nanggapi telepone.

“Halo, sugeng sonten!”

“Sugeng sonten Pak. Menika leres Pak Bambang Khusein Al Marie?

“Inggih Pak! Wonten dhawuh menapa?”

“Ngaten Pak. Wulan kepengker Bapak nglebetaken penawaran mebel kagem kantor enggal ing jalan Yamadipati no. 10?”

“Inggih Pak”

“Penawaran Bapak kalebet ingkang unggul. Bapak saged nggarap mebelipun!”

Alhamdulillah! Muga-muga iki sulak pepadhang kang bakal ngusir pepeteng kang daksandhang seminggu iki. Wulan kepungkur aku pancen ngajokake penawaran ing sawijining kantor pemerintahan kang lagi wae gawe gedhung anyar. Lan kaya umume proyek pemerintah kudu gawe penawaran lengkap, company profil lan maneka warna sertifikat liyane. Wis sewulan daktunggu penawaranku ora ana asile. Aku wis mupus jalaran aku kalebu rekanan anyar kang durung tau garap proyek kaya ngono, mesthine luwih diutamakake kang duwe pengalaman. Mula aku iya ora ngarep-arep, kok jebul malah tembus. Alhamdulillah, aku banget ngrasa syukur.

“Halo! Halo Pak !”

“Halo! Inggih Pak!” aku gragapan ngujengi gagang telepon. Rasa trenyuh njalari pikiranku ngrambyang tekan ngendi-ngendi.

“Menapa sampus jelas Pak?”

“Inggih Pak. Benjang menapa kula saged wiwit nyambut damel?”

“Enggal-enggal kemawon sabibaripun teken kontrak. Nanging taksih wonten sawetawis bab ingkang kedah kula konfirmasi Pak.”

“Inggih. Bab menapa menika?”

“Sejatosipun harga panjenengan kalah saing kaliyan sanesipun. Nanging kula ngertos bilih damelanipun Bapak boten nguciwani bab mutunipun. Mila kita para panitia sepakat bilih Pak Bambang ingkang kita pilih. Kangge menika Bapak ugi kedah mikiraken dhateng para kanca-kanca panitia Pak.”

Aku wiwit sujana karo gaya wicarane lawan teleponku kang wiwit rada mbulet. Amrih jelase aku miterang apa karepe.

“Liripun kadospundi. Kula kok kirang jelas menika?”

“Nilai proyek ingkang tertulis mangke Bapak boten nampi 100%, nanging dipun potong 20% kangge panitia. Wonten lapuran bapak tetep kedah lapor menawi nampi 100%. Sepakat Pak?”

“Menawi dipotong 20% kula boten oman turahan. Kula boten saged!”

“Spekipun panjenengan gantos mawon, ngagem kajeng ingkang langkung murah. Pripun caranipun supados sami-sami saged kebagian Pak!”

Oh! Wong iki ngajak apus-apus. Tindak culika kang sasuwene iki dakdohi. Nanging aku butuh gaweyan. Eling wis seminggu nganggur! Bala tukang-tukang bisa mlayu nek ora enggal mlebu kerja maneh, mengko sing golek kanca maneh angel. Iki proyek gedhe kang bakal lumintu. Iki kesempatan kang langka.

“Dospundi Pak? Sepakat?” swara saka kana ndheseg!

“Menika rak teges kula ngapusi  nggih?”

“Oh sampun kuwatos, ingkang nampi barang lan paring persetujuan kanca-kanca panitia. Ingkang kagungan kantor boten badhe mangertos!”

Aku wiwit goreh. Eling nasibku seminggu iki luntang-lantung ora genah. Eling seminggu iki anak-anakku tansah mlengos yen tak ceraki jalaran panjaluke ora bisa keturutan. Eling bojoku tansah mecucu wae. Malah mau bengi nalika dakjawil tanganku langsung ditamplek. Adhuh!

“Mangke menawi konangan pripun?” Aku nyoba ngati-ati sakdurunge muni ‘Nggih’.

“Boten. Panitia sampun gadhah wewenang kangge pengadaan menika. Lan pengawas ugi sampun kita pikiraken ugi bagianipun. Sampun kuwatos. Menika sampun mlampah kanthi sae wiwit rumiyin. Bapak kula aturi enggal-enggal paring ketegasan. Wekdal kula namung singkat! Pripun?”

Angel anggonku njawab. Iki perkara weteng kang luwe, lan dudu wetengku dhewe. Wetenge anak-bojo, wetenge para bala tukang sakbrayate. Jujur iki pilihan kang angel. Wis seminggu nasibku durung genah. Dina sesuk isih peteng.

Dumadakan aku eling lelakonku 20 tahun kepungkur. Nalika aku lulus kuliah. Ngalor-ngidul golek gaweyan angel. Ana kesempatan dadi punggawa negara, ning syarate kudu mbayar dhisik semene yuta. Dhuwit kang cacahe ora sithik. Nalika semana aku nulak merga isih idealis. Nanging saiki aku nggawa nasibe wong akeh. Curang sithik ora dadi ngapa. Iki kanggo wong liya! Dudu kanggo aku pribadi! Aku kudu milih sing paling apik saka pilhan-pilihan kang ora nyenengake. Kanthi ngucap, Bismillah dakranggeh maneh gagang telepon. Kanthi manteb dakjawab tegas.

“Nyuwun pangapunten Pak. Kula boten saged! Kula sampun nawar kanthi regi ingkang pas. Menawi kita sepakat damelan menika kula garap menapa mesthinipun manut kontrak ingkang badhe kita tandhatangani. Lan tanpa potongan. Sepakat Pak?” aku genti ngultimatum.

“Wah Bapak sampun uthil ngaten! Menika proyek ageng Pak. Mbok inggih dipun bagi sareng-sareng. Kanca-kanca sanes kathah ingkang purun menawi Bapak boten kersa. Pripun Pak?” swara saka gagang telepon nyoba ngglembuk maneh. Nanging aku wis manteb.

“Boten saged. Jawaban kula tetep sami. Mangga kula aturi pikir-pikir malih amrih saenipun. Mangke kula aturi telepon malih bilih sampun sarujuk. Menawi boten sampun buwang wekdal kula. Nuwun!”

Krep! Gagang telepon daktutup. Aku njegreg ing kursi tamu. Oh! Aku iki mau ngomong apa? Sanalika donyaku peteng. Aku njranthal menyang tengah latar, nrabas gerimis kang saya deres. Aku ndhangak golek pepadhang ing selane mendhung kang mentiyung. Aku pengin weruh Gusti Allahku. Dakangkat tanganku munggah kaya patrape wong kang bakal nampa bodhotan. Aku ngucap lirih, kang mung keprungu kupingku dhewe.

“Gusti! Sampun cekap sedaya peparing Paduka. Cekap Paduka ingkang dados Panulung kula. Kula boten badhe tumut syetan!”

Udan gerimis riwis-riwis saya deres. Aku kaget krungu swara guyu cekikikan saka teras.

“Bapak udan-udan ya?” swarane anakku wadon loro nggeguyu polahku kang kaya wong kenthir. Sanalika dakrayuk kalorone ing rangkulanku. Iki guyu kang lagi dakweruhi sesasi iki. Sanalika donyaku padhang. Saking senengku, aku ora sadhar yen ana taksi mandheg ing latar. Pawongan gedhe dhuwur metu nrabas gerimis tumuju menyang teras omah.

“Pak Bambang! Piye kabare?” aloke pawongan gedhe dhuwur ngangga basa Jawa kang cadhel. Mr Lionel saka negara Belgia, wong bule kenalanku kang ndhisik ajeg pesen lemari.

“Sae  Mas! Suwe ora ketemu. Menyang ngendi wae?”

Dak gegem kenceng tangane.

“Aku bali menyang Eropa. Aku mrene arep menehi gaweyan kanggo sampeyan. Ana pesenan mebel 2 kontainer!” Kandane mantep.

Alhamdulillah. Nek sing iki ora nganggo potong-potongan. 100% halal. Siji pintu katutup, pintu liyane bakal mbukak amba kanggo sapa wae kang gelem liwat. Gusti Allah ora sare, tansah ngabulake panyuwune kawulane kang sabar.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2017/07/23/rejeki-ing-wayah-sore/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...