Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Nyawer

 Sakawit ora sengaja. Babarpisan ora kepengin. Lan iya durung nate nglakoni. Dina iku kepeksa amarga kepepet utawa luwih pas: sengaja mepet.

Nalika iku Mbah Kadhut jagong manten. Kanca mbecak jaman isih rosa biyen duwe gawe ngomah-omahake anake ragil. Rino, kancane mau saiki wis dadi juragan angkot kang sugih mblegedhu. Mula nalika nggelar resepsi ngundhuh mantu banjur nanggap campursari Aneka Nada saka Sala. MC-ne uga njupuk paraga kondhang kang asring metu tivi, Ki Bongol.

Juragan Rino sengaja menehi papan mirunggan kanggo tilas kanca-kanca lawas jaman isih padha rekasa biyen. Kabeh dipapanake ana ing ngarep, kayata: Kusni, tilas tukang becak sing saiki pilih mbukak warung mie ayam. Suroto, kang saploke becak ilang banjur salin profesi dadi tukang ojek pangkalan. Noto, kang banjur dagang buah. Lan Mbah Kadhut kang sawise pensiun mbecak banjur nekuni gaweyan sawah.

 Ki Bongol MC kang grapyak, luwes, lan seneng guyon. Nalika penyanyine maju Ki Bongol ujug-ujug narik Mbah Kadhut kang sengaja lungguh ing ngarep dhewe.

“Ayo ngadeg Mbah, iki penyanyine dikancani,” ujare Ki Bongol cucut.

Setengah kepeksa Mbah Kadhut menyat. Wuih… lagi iki jejer penyanyi sing ayune moblong-moblong. Mbah Kadhut bombong, mula ora owel ngrogoh kanthong nalika Ki Bongol mbebeda, “Arep nyawer pira Mbah?”

Tangane Mbah Kadhut wis mlebu sak, nanging Juragan Rino aweh sasmita marang Ki Bongol supaya nulak sawerane Mbah Kadhut. Ki Bonggol tanggap.

“Para sedherek, dinten niki mirunggan. Para mantan kanca-kanca Juragan Rino boten sisah nyawer. Sedaya sampun dipun tanggel Ki Juragan. Mangga kula aturi mundhut lagu kanthi mardhika,” ujare Ki Bongol.

“Ngibing Mbah…mumpung gratis,” aloke sawijining tamu saka mburi.

Si penyanyi mesem ngujiwat, manis banget. Mbah Kadut kepencut. Lali marang mbah putri kang ngomah. Jelas beda. Penyanyine ayu wangi. Mbah putri mambu apeg karo ngemut susur. Mbah Kadhut lali purwaduksina. Sakala Mbah Kadhut rumangsa dadi umur telung puluh lima. Klakon ngibing rong lagu bareng penyanyi kang kenes merak ati. Keploke wong nonton sumrak, ngiringi Mbah Kadhut bali lungguh.

Mulih saka jagong atine Mbah Kadhut bingar. Tekan ngomah isih ngguya-ngguyu. Mbah putri gumun dene bojone bubar jagong kok nganeh-anehi. Malah nalika adus disambi rengeng-rengeng lagon mari kangen.

“Ee…jebul kae, sing dakantu-antu wis teka mrene…,”  ngono Mbah Kadut anggone rengeng-rengeng sambi gebyar-gebyur ing njedhing.

Sepisan tuman, Mbah Kadhut pengin mbaleni maneh. Lan sepisan maneh ana kasempatan, nalika Bu Lurah gawe acara syukuran desa. Acara iku ngiras pantes syukuran kamenangan bupati kang didhukung Bu Lurah. Mula acarane rada meriah. Nekakake penyanyi kondhang saka Yogya. Dhimas Teja sabalane.

Pisan iki Mbah Kadhut niyat ngematake penyanyine lan sisan ngibing. Kanthi macak mbranyak lan brengos njepaplang, Mbah Kadhut wis siyaga lungguh ing ngarep dhewe. MC-ne tanggap. Mula age Mbah Kadhut diglandhang maju. Lan sateruse, lembaran abang sido pindah tangan. Saka tangane Mbah Kadhut kang keker, marang tangah alus dhuweke si penyanyi. Wong-wong padha surak, Mbah Kadhut tambah semangat.

Eling-eling biyen mono Mbah Kadhut lelananging jagad. Modal brengos sakepel, si Jaka Kadhut kasil ngrenteng prawan. Iku biyen. Mula nek saiki sandhing wanita ayu rak iya wis lumrah. Umpama aku sugih kaya juragan Sutrim, mesthi kelakon mbojo papat. Angen-angene Mbah Kadhut nglambrang.

Mbah Kadhut saya waringuten. Lembaran abang metu maneh saka kanthong. Pisan iki kang tinudhing penyanyi kondhang saka Yogja, kang sesilih Gendhis Wulandari. Penyanyi kondhang kang asring metu TV. Mula sawerane ya dhobel. Telung lembar sida katut. Kapan maneh ngibing karo penyanyi ayu, pikire Mbah Kadhut.

Nalika acara rampung, Mbah Kadhut mulih kanthi ati kang mongkog. Saka daleme Bu Lurah Mbah Kadhut nitih motor matic ngliwati gudang rabuke Juragan Suprat. Lhoh, Blaik. Mau nalika mangkat jagong Mbah Putri nyangoni dhuwit pitung atus kanggo tuku rabuk rong zak.

“Dhuh, dhuwit kari rong atus ewu!” ujare Mbah Kadhut karo nampel bathuke dhewe.

Bengi iki, jalaran kagiwang penyanyi ayu, Mbah Kadhut kelakon dikrawu Mbah Putri.

“Kana, ngibing maneh, kana. Dhuwit rabuk dientekke sisan,” ujare Mbah Putri karo mbanting lawang.

Mbah Kadhut klunuh-klunuh metu tumuju menyang gardhu ronda. Bengi iki kepeksa turun katisen ing njaba.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2023/12/25/cerkak-nyawer/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...