Translate

Minggu, 21 Juli 2024

CERKAK: Donyane Para Kecu

 

Esuk iki aku ditimbali Pak Camat. Jam 8 thet kudu wis tekan kantor kecamatan, sadurung pegawe padha teka, ngono pesene satpam kecamatan wingi. Wis genah. Iki mesti ana gegayutane karo anggonku nyambut gawe dadi pengawas teknik bendungan ing kali Luk Ulo.
Bendungan kang dibangun ing desa Mireng iku wis paripurna, kanthi asil kang maremake. Aku banget mongkog lan bombong sebab bisa makarya jumbuh karo ilmu kang dak gegulang. Lan sing ndadekake aku gumbira, aku kasil nerapake efisiensi satemah bisa ngirit anggaran negara kang cacahe lumayan.

Aku yakin, Pak Camat mesti uga bombong lan mongkog. Sebab saliyane proyek lancar kaya kang dituju, uga isih bisa nyisihake turahan anggaran negara kang ora sethithik
Iki mesthi dadi kredit poin tumrap Pak Camat kadidene pejabat kang bisa mimpin lan ngawasi pembangunan kanthi becik. Iki modhal kanggo ngangkat kecamatan dadi tuladha ing bab papretrahan kang becik. Good governance, kaya dhawuhe Pak Camat nalika pidato ing peletakan batu pertama biyen.

Kanthi kanyatan kasebut ora keladuk yen aku wis ngarep-arep bebungah. Awit saka rekayasaku bendungan kang sakawit anggarane 120 milyar, bisa cukup kanthi wragad 100 milyar wae.

Lan, nadyan ragad ngirit, nanging aja kuwatir. Bangunan tetep bakoh, kokoh tak tertandingi. Sebab nalikane lumaku proyek aku nerapake riset operasi. Akeh fakta-fakta lapangan kang bisa kanggo dasar desain ulang satemah bangunan dadi luwih ngirit. Contone: nalika pondasi pereng kali didhudhuk, pranyata lagi jero 3 meter lemah wis atos. Dadi bisa ngirit jalaran sakawit manut rencana 5 meter. Uga nalika pasang paku bumi, tetela wis kuat kanthi jerone paku bumi 10 meter. Kabeh temon mau banjur dak rembug maneh karo perencana lan dibaleni ngetung kekuatan konstruksine, jumbuh karo angka keamanan ka   ng disyarate. Isih akeh maneh temon ing lapangan kang sifat teknis lan ora bisa dakjelasake ing kene.
Lhah, kanthi dhasar kaya ngono mau ora leluwihan yen aku ngarep-arep bebungah. Ora kudu akeh, sing penting asil karyaku antuk pangaji-aji.

Jam 8 kurang 10 menit aku wis tekan kantor kecamatan. Daksawang katon Pak Camat wis ngantor.

“Thok, tok, thok…… Sugeng enjing!” Uluk salamku nalika ndhodhog lawang ruang kerjane Pak Camat.

“Masuk!” Keprungu swarane Pak Camat saka njero.

Aku age-age mlebu. Lan kanthi sopan lungguh ing kursi ngarep meja kerjane Pak Camat. Nanging, dumadakan atiku rada mandhelong nalika aku nyawang pasuryane Pak Camat kang anyep. Adoh saka angenku nalika mangkat saka ngomah mau. Mesthi Pak Camat bakal mapag tekanku kanthi gumbira. Nanging, jebul ora. Malah sawetara wektu swasana rada kikuk awit Pak Camat sajak kangelan mbukani rembug.

“Sehat, Bapak?….,” Aku ndhisiki takon kanggo miyak swasana kikuk.

“Ya…., ” saure Pak Camat ampang.          

“Wonten dhawuh kenapa Bapak nimbali kula?” Pitakonku rewa-rewa tambuh.

Kamangka wis genah bisa dipesthekkake: aku arep diparingi bebungah. Yo mesthi ta, wong bisa ngawasi proyek kanthi asil maremake kok. Uga bisa ngirit dhuwit 20  milyar. Lho, 20 milyar kui ora seththik lho.

“Pak Bambang, ngene ya, aku tak ngomong…..,” ngendikane Pak Camat alon.

“Nggih Pak,” saurku lirih sambi ndhingkluk nyawang jrambah kantor kecamatan kang dilapis keramik Grahito ireng.

“Aku lan para punggawa kecamatan banget maturnuwun marang sliramu awit wis kasil ngawasi proyek gawe bendungan setelah asil maremake…… “

“Kula namung sadermi nyadhong dhawuh, lan sasaged-saged kula tindakan samampu kula Pak… ” Saurku alon.

Nadyan ucape maturnuwun nanging daksawang ulating netya lan pasemone katon yen Pak Camat lamis. Maturnuwune kaya mung satir, kanggo nyindir aku. Gek apa salahku. Aku dadi kikuk lan angel anggonku nanggapi. Aku dadi mung meneng wae.

“Saliyane kuwi ya, Pak Bambang, wong nyambut gawe kuwi kudu luwes. Kudu bisa mulat kahanan. Gawe bangunan apik, bakoh lan kokoh kui pancen kudu. Ora keno mbuwang wewaton teknis kang wis baku. Ning uga kudu ngerti marang kanca rowang. Ora kok banjur sakarepe dhewe. Ngoyak jeneng apik, ning ngorbanke kancane….”

“Liripun kadospundi, Pak?” sautku ngembol pitakon kang gedhe.

Ngendikane Pak Camat kang pungkasan banget ndhodhog atiku. Aku banget ora mengerti apa kang dikersaake. Wis dakrewangi nyambut gawe tor-toran ngluwihi wates kanthi gaji kang pas-pasan, nanging sajak malah ora ketrima. Karepe piye Camat siji iki. Atiku wiwit goreh.

“Awake dhewe wis padha tuwane, apike aku blakasuta apa anane…”

“Makaten langkung sae,… ” sautku ora kalah, atiku wiwit murina sebab asil karyaku dipaido.

“Ngene, Pak Bambang. Wingi proyek turah anggaran 20 milyar, ngapa ndadak koklaporke ing berita acara?”

“Pancen kedah ngaten, awit turahipun saking perencanaan ulang?” jawabku.

“Lha kena ngapa ndadak korencana ulang?” pitakone Pak Camat sajak jengkel.

“Awit wonten temuan ing lapangan ingkang ngedahaken rencana ulang?” Saurku maneh, nyoba njlentrehake perkara.

“Sapa sing ngudokake?” Pitakone Pak Camat.

“Inggih disiplin ilmu Teknik Sipil ingkang kula antepi.” Saurku maneh, pisan iki aku wiwit sareh sebab kepiye wae Pak Camat pepundhenku, kang sasawene iki tansah dak aji-aji.

“Lha, ing kono kui bodhomu. Mbok kira sing ngerti ilmu Teknik Sipil ki mung kowe? Kae si perencana kae, luwih ahli. Mesthi wis ngerti kudu kepiye. Lan kabeh wis tuntas nalika anggaran disetujoni. Dadi kowe ora perlu mikir bab kuwi. Tugasmu mung ngawasi supaya padha karo gambare. Ora usah kakehan polah.”

“Pihak perencana ugi sampun setuju, Pak,” kandhaku alon.

“Lha iya setuju wong dibayar maneh kanggo rencana ulang. Nanging pikiren, sebab saka pokal gawemu kuwi dhuwit sisa 20 milyar kudu bali menyang pusat. Coba kowe ora kakehan polah, mesti mlebu neng kas kecamatan. Lan kowe uga bakal kebagian. Coba pikiren, saiki sapa sing rugi?”

Aku njegrek tanpa bisa kumecap. Babarpisan ora ngira jebul kanyatane kaya ngene. Adoh karo angenku nalika metu saka ngomah mau.

“Boten wonten ingkang rugi, kula sampun dipun gaji. Nadyan sakedhik nanging kula sampun trimah. Panjenengan ugi sampun tampi bagian anut pranatan ingkang sah. Lan kula ugi suthik ngincih dateng arta ingkang sanes hak kula.”

“Kuwi rak kowe! Lha kanca-kanca liyane? Lan kowe kleru, yen ngomong ora ana sing rugi. Kowe kleru! Sebab kecamatan wis kapitunan. Kowe ngerti pira anggaran kang wis dakkorbanake kanggo mark up proyek bendungan iki? Kowe ngerti???…” pitakone Pak Camat sereng.

Aku mung gedhek tanpa kumecap.

“Sakawit nilai proyek mung 98 milyar. Banjur perencana dakbeseli 500 yuta supaya nilai proyek dimark-up dadi 120 milyar. Carane antara liya, ya njerokke pondasi. Sebab BPK ora bakal mriksa pondasi, gedhene ndhudhuk bangunan bendungan. Perencana wis pinter ndhelikake elemen struktur ngendi sing aman dimark-up. Lan aku wis sepakat karo kontraktor menawa dhuwit sisa bakal diedum. Pamrihku sing 20 milyar bisa dibagi-bagi marang kabeh punggawa sakecamatan, kalebu kowe kang uga melu nyambutgawe. Mangertia, kabeh wong bisa nggarap bendungan kanthi wragad 100 milyar. Ora mung kowe. Mula kowe aja mbagusi. Gara-gara polahmu saiki wong sakecamatan mung ngomplong. Sasen wae ora kebagian. Diamput kowe. Yen caramu ngono kui, sapa sing isih gelem nganggo tenagamu.”

Pungkasan iki Pak Camat duka tenan, malah karo nggebrak meja. Daksawang Pak Camat kaya arep nguntal-untala awakku. Aku mung bisa dingkluk nyawang jrambah. Babar pisan aku ora wani cemuwit. Aku mundur alon-alon sawise pamit marang Pak Camat. Rumangsaku, aku dadi pahlawan kang nylametake banda negara kanthi efisiensi. Jebul para pejabat ora butuh iku kabeh. Para pejabate kecu, perencanane kecu, lan Pak Camat jebul ya…. Oh, donya, donya.

Kanthi nylekuthis aku klunuh-klunuh ninggal kantor kecamatan. Ing njaba wong-wong pegawe kecamatan siji mbaka siji wis pating jredhul. Kabeh nyawang sajak ngece marang aku. Wong-wong sing gagal entuk komisi dum-duman sisa proyek mau mesthi gething banget marang aku. Oh, nasib. Luwak mangan tales. Saka ngomah mangkat kanthi gumbira ngarep-arep bakal tampa kekucah. Lha kok jebul entuk pangundhamana kang nylekit. Kepengin tumindak jujur apa anane, malah dianggep pahlawan kesiangan. Pancen angel urip ing donyane para kecu.

https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2024/05/24/cerkak-donyane-para-kecu/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...