Translate

Senin, 29 Juli 2024

Ngrangsang Kepinteran Nganggo Musik

 Bisa Mbiyantu Tuwuh Tumangkare Utege Anak

Pangrungon mujudake tuking pangrasa (Indera) kang paling aktif ndhisiki tumpraping manungsa, malah wiwit ing njero kandhutan. Indera iki wiwitan dhewe dirangsang klawan ngrungokake ketege jantung saka ibune dhewe.

Kahanan ketege jantunge ibu gedhe dayane kanggo ngrangsang utege calon bayi. Mula saka iku, ora mung paweweh nutrisi kang becik lan cukup, aweh pangrungu bab-bab kang bisa nentremake rasa pangrasane ibu bisa ngrangsang uteg lan gawa daya marang tuwuh tumangakare calon bayi. Kejaba iku, nepungake jinis-jinis swara, kayadene music wiwit ing njero kandhutan bisa mbiyantu tuwuh tumangkare utege anak.

Dr. Anne Gracia, pawongan kang ngecakake neurosains terapan duwe anggepan, utege anak bakal ngalami perkembangan paling apik patang taun wiwitan ing panguripane. Mula iku, diperlokakae rangsangan kang cukup lan trep marang sakabehing system sensorik auditori kang gegayutan karo Indera pangrungon.

Saliyane ketege jantunge ibu, music mujudake salah siji rangsangan kanggo nyepetake perkembangan utege bayi, mula music bisa ndayani marang kekuwatan sinaune uteg, ningkatake ukuran pangrungon lan korteks motoric.

“Ora mung ibu, bapak tamtune uga nduweni lelabuhan kunci anggone ngrangsang system auditori anak, salah sijine jalaran bapak duweni frekuwensi swara kang luwih endhek tiinimbang ibu,” Ujare Dr. Anne. Kejaba iku, Dr. Anne nambahake, klawan music bisa mbiyantu ibu kang lagi ngandhut nyuda rasa muneg kang dirasakake nalika ngandhut enom. Ora mung iku wae, music uga dianggep bisa ngrangsang wiwit ibu sepisanan dhewe dinyatakake positif ngandhut,” tegese.

Kuping iku mujudake alat Indera sing gunane ngedap-edapi jalaran swara sing sadurunge mlebu menyang uteg kudu ngliwati sakehing proses. Proses iku kawiwiti saka owah-owahan hawa kang diowahi dadi geteran marang kendhangan kuping. Banjur, getaran marang mimbran diowahi maneh dadi geteran cairan lan saka sakehing proses iki banjur ngrangsang uteg kanggo nampa informasi. Mula saka iku, uteg duwe lelabuhan lan wis samesthine bakal aweh tanggapan.

“Tanggapan wiwitan kasebut mujudake awaling kapinteran tanggapan kang bisa disumurupi ora mung saka swara, uga obahe kang ditindakake dening si anak. Malah nalika uteg ora aweh tanggapan, bab kasebut pelu diwas-sumelangake,” tandhese Dr. Anne Gracia.

“Kalodhangan menehi sakehing tanggapan swara maranng anak ngene iki aja dilirwakake. Jalaran yen anak wis bisa nengeri sakehing swar, mertandhani kepinteran utege wis lumaku kanthi becik. Swara lan kepinteran nduweni sesambungan kang kuwat banget,” ujare.

 

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 39, 24 September 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...