Translate

Kamis, 25 Juli 2024

SERAT WULANG REH PUPUH PANGKUR

 

ISINE TEMBANG

Serat Wulangreh kaanggit (diciptakake) dening Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Tembang Pangkur ing Serat Wulangreh dumadi saka 17 pada (bait).

Tembang Pangkur ing serat Wulangreh nerangake wewarah lan piwulang bab apik lan eleke tumindake manungsa iku bisa dingerteni saka solah bawa sajroning tumindak.

Kang kudu diwujudake ing tembang Pangkur yaiku jejibahan / kewajiban kang kudu ditindakake manungsa yaiku :

·         mangerteni tumindak apik lan elek

·         nindakake paugeran-paugeran / aturan-aturan kang ana ing sajroning bebrayan (masyarakat)

·         tumindak sopan lan dipetung, tegese bisa ngira-ira kanthi rasa bab saben tumindake sajroning lungguh, tangi, lunga, ngomong utawa turu

Dicethakake menawa ana wong kang ora nggunakake kira-kira nganggo rasa sajroning tumindake, kasar, sakarepe dhewe, ora pantes srawung karo wong akeh amarga wusanane gawe cilaka.

Sopan santun lan budi pekerti, tindak-tanduk sawijining pawongan bisa dideleng saka omongan lan tindak-tanduke (perbuatannya). Luwih becik awake dhewe meneng, tinimbang omongan kang ora apik kang bakal gawe jengkel wong liya.

Awake dhewe aja ngomongake eleking wong liya lan ngumpetake kabecikane wong liya. Uga ora kena mamerake kabecikan awake dhewe supaya dialem dening wong liya. Sipat kang kaya mangkene bakal nuwuhake sipat umuk (sombong).

Wong kang kaya mangkono iku wong kang picik lan srakah, ora tau rumangsa marem sajroning atine. Mula aja nganti nduweni watak kang:

1)      lunyu, yaiku wong kang ora nduweni panemu sing baku, saengga angel ditutake kekarepane, lan ora kena diugemi omongane.

2)      genjah, yaiku wong kang seneng gonta-ganti pagaweyan nanging ora ana sing rampung.

3)      angrong pasanakan (ngrongrong paseduluran), yaiku wong kang mrawasa hak bojo lan sedulure utawa rewang dhewe, utawa kanca kenthel lan kanca-kancane dhewe.

4)      nyumur gumuling, tegese wong kang sembrana ora bisa nyimpen wadi (rahasia), saben ana rame-rame mesthi mbeberake sakabehing wadi kang dimangerteni lan pesthine apa kang diomongake mung kanggo nggolek kauntungan kanggone awake dhewe.

Paugeran Tembang Macapat

Tembang Pangkur apadene tembang macapat liyane duwe paugeran dhewe-dhewe. Paugerane tembang macapat, yaiku :

a.      Guru Gatra, yaiku cacahe gatra utawa larik saben sapada ( sabait ).

b.      Guru Wilangan, yaiku cacahe wanda ( suku kata ) saben sagatra.

c.       Guru Lagu, yaiku tibane swara ing pungkasane gatra.

Dene paugerane tembang Pangkur yaiku :

a.      Guru gatra                   :    7 gatra

b.      Guru wilangan             :    8, 12, 8, 7, 12, 8, 8

c.       Guru lagu                     :    a, i, u, a, u, a, i

Kajaba paugeran ing dhuwur, saben tembang uga duwe watak, guna lan panganggone dhewe-dhewe. Tembang Pangkur duwe watak gumregah, semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya, ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.

 


 

Teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Pangkur Pakubuwana IV

 

Tembang Pangkur iku kalebu salah sawijing tembang macapat. Tembang macapat cacahe ana 11, yaiku : Pocung, Maskumambang, Gambuh, Megatruh, Mijil, Pangkur, Durma, Kinanthi, Asmaradana, Sinom, lan Dhandhanggula. Ing wulangan iki kowe arep sinau bab tembang macapat, mligine tembang Pangkur kang kapethik saka Serat Wulangreh anggitane Susuhunan Paku Buwana IV, Raja ing Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

 

01

Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Wewarah/piwulang iki kaemot (dimuat) mawa tembang Pangkur, prayogane kokmangerteni, bab pengabdian marang panguripan, prayogane kokmangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

02

Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala,  tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng  myang nendra, duga-duga aja kari.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Aja padha nglalekake, akeh sithik padha jubriya (curiga) amarga iki kabeh ora kena dilalekake, embuh iku nalika isih melek, lungguhan, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong, lan nalika turu (kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran)

03

Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Mangkono iku dadi lelimbangan/bahan pertimbangan perkara papat ing prakara gedhe lan cilik aja nganti kolalekake, kudu dilakoni saben dinane, awan lan bengi, ing kutha lan ing desa, kabeh iku kanggo manungsa kang duweni napas/urip.

04

Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak- pedhak nora wurung neniwasi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Upama ana manungsa kang nglalekake nalar/pikiran, iku ora becik utawa ora patut ngumpul marang wong akeh kang becik nalare, aja kokcedhaki wong sing ora ngerti adat lan kang mung manut kekarepane dhewe, wong kang kaya mangkono iku bakal gawa karusakan.

05

Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Titikane tindak-tanduk utawa perilaku iku bisa dingingeti lumantar carane mlaku lan lungguh, tindak-tanduke lan cara ngomonge. Sanajan wong mau ora pinter utawa bodho, duweni drajat dhuwur utawa cendhek, sugih lan miskin/mlarat.

06

Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bobotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitike manungsa watege wewategipun, apa dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Ulama utawa wong nakal/penjahat, embuh iku kang wani utawa kang jirih, tukang colong jupuk/maling apadene bebotoh, lanang utawa wadon kabeh duweni watak lan titikan/ciri kang padha.

07

Tinitik  solah  muna,  lawan  malih  ing  laku  lawan  linggih,  iku  panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Iku kabeh bisa katon saka tindak-tanduke, cara ngomonge, mlaku, lan lungguhe. Iku titikan/ciri kang gampang dingerteni lan dirasakake. Mulane wong kuna utawa wong biyen arang banget  salah manawa mbiji wong liya.

08

Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Kabeh iku diupaya/dilakoni saben dinane supayane anggone ujar becik kaprungu, laku kang ora becik disingkiri, ora duweni tindak-tanduk kang ala, kabeh iku mung pasrah marang Gusti, tansah njaga ujar kang ora becik, kautaman sing digoleki.

09

Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Ing mangsa saiki, angel banget nemokake tindak-tanduk kang utama/apik. Umume manungsa ing jaman saiki padha dengki, srakah/tamak, seneng ngapusi/dora, kesed, seneng meri-merinan, seneng maido wong liya, gumedhe, ora jujur, jahil, jubriya, lan ora jujur/curang.

10

Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung,   kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Alaning wong liya dikandhakake marang wong akeh, apike wong liya malah disimpen/diumpetake, kaapikan/kaluwihan awake dhewe dibombong/diagul-agulake ing ngarepe wong akeh, ora ngrumangsani yen eleke awake dhewe iku akeh matumpuk-tumpuk. Wong kang kaya mangkono ora patut dicedhaki.

11

Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Wong kaya mangkono diarani penjahat kang serakah, ora tau marem atine sanajan kabeh pepinginane wis bisa katurutan, niyat jahate sansaya ndadra lan ora tau mandheg, iku kabeh mung nuruti hawa nepsu lawamah/srakah lan amarah/seneng nesu/gampang muntab.

12

Ing sabarang  solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kang  madhanana, angrasa luhur pribadi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Kabeh tindak-tanduke, nalika ngomong lan nalika lungguh, kekarepane ora gelem dikalahake dening wong liya, ora seneng yen dipadhani wong liya, dheweke ngrumangsani onjo/luwih dhewe tinimbang liyane.

13

Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal  lawan  manungsa,  dipun  sami  anglabuhi  kang  apatut,  parapan  dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Aja nganti kowe kapatrapan/kapanggonan samubarang kang ora pantes, amarga tindak-tanduk kang angkara murka lan jahat  kaya mangkono ora patut diduweki manungsa. Mulane tindak-tanduka sing becik saengga dadi tuladha lan panutan ing tembe mburi.

14

Aja  lunyu  lumur  genjah,  angrong  prasanakan  nyumur  gumuling,  ambubuti  arit puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar- manyir tan antepan, dela lemeran puniku.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Dadi manungsa aja seneng ngenggoni watak munafik, seneng goroh, lamis lambene ing pasamuan, amarga watak kang kaya mangkono iku ora bakal nylametake jiwa ragamu, watak kang kaya mangkono aja ditiru, seneng mencla-mencle tetembungane ora maton, watake lemer nggegilane ngaurip lan ora patut seduluran ing masarakat.

15

Para  panginan  tegesnya,  genjah  iku cecegan  barang  kardi,  angrong  prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Manawa duweni pepinginan kudu kalakon lan seneng melik duweking liyan, seneng ngommong elek, gampang kapincut bojone liyan. Kabeh iku kumudu-kudu kalakon.

16

Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine   kang   den   urap,   mbuntut   arit  punika   pracekanipun,   apener   neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Nyumur guling tegese wong kang bisa nyimpen wadi (rahasia), Manawa kaprungu kabar kang durung mesthi benere, cepet-cepet dipunsebar/dikandhakake marang liyan, tembunge manis sangarepe wonge nanging nggrundhel/guneman/ngrasani ing tembe mburi/Manawa ora ana wonge.

17

Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Kabeh kang diomongake mung kanggo kepentingane awake dhewe. Kabeh iku dudu tindak-tanduk kang becik. Aja niru sipat nem ing dhuwur mau, prayogane tumindak kaya dene emas kang tumimbul ing dhuwur banyu. Yen kaya mangkono iku luwih mupangat  marang wong akeh. Kanggo tembang candhake, dilambangake kanthi tembung mas, yaiku tembang maskumambang.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...