Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Berkutut Manggung

 Esuk iki aku aras-arasen tangi. Umpama ora ana wong nothok lawang, mesthi aku pilih njingkrung kemulan sarung. Nanging suwara kuwi banget ngreridhu nggonku turu. Wis wiwit mau dakjarke, nanging malah keprungu saya seru. Tamu kok ora urus. Mesthine yen nothok lawang kaping telu ora disauri, kudu gelem sumingkir. Iku tanda sing duwe omah lagi ana perlu utawa durung gelem nemoni. Nanging tamu esuk iki kok ndlajus ora idhep.

“Thok…thok…thok….” suwara nothok kuwi isih keprungu nalika aku meh mbuka lawang.

Nanging aku kudu sabar, ketamon kuwi sawijining kabegjan kang gedhe. Bisa uga nggawa rejeki kang ajine ngungkuli kepenake turu esuk ing hawa kang adhem njekut.

“Mangga!” saurku anyep sinambi mbuka kori ngarep.

“Dhik Bambang! Yahmene kok isih turu!” aloke si tamu sajak wus kulina.

Aku kang isih kriyip-kriyip kaget nyawang pawongan kang ana ngarep lawang. Kang Sihono. Tilas tanggaku kang  wis suwe manggon ing Magetan.

“Lhoh, Kang. Adhuh! Kok ya ora ngabari nek arep mrene. Numpak apa iki mau?”

“Aku ngojeg saka protelon Ngaran Mlese. Arep daktelpon kok jebul nomermu angel nyambung.”

“Pancen nomer telponku wis ganti. Nomer sing dhisik kerep dibel wong nagih utang!” saurku karo nggleges. “Ayo lungguh dhisik. Mesthi kesel banget lunga adoh. Kene leren sinambi ngopi dhisik!”

Aku banjur menyang mburi, aba wedang kopi rong cangkir marang batihku. Ora antara suwe wedang kopi panas kang isih kumebul wis lumadi ing meja tamu.

“Iki mau saka ngendi kok esuk-esuk wis tekan kene?” pitakonku marang Kang Sihono sawise aso sawetara.

“Saka Lampung tilik simbok. Nanging aku wis tekan Sala mau bengi. Banjur nginep ana omahe mbakyuku ipe. Lha esuk mau bubar subuhan aku langsung mangkat mrene nunut bis jurusan Jogja,” saure Kang Sihono sambi nyruput kopi panas.

Bapak lan simboke Kang Sihono pancen wis suwe ana Lampung, wiwit dheweke isih SMP. Karepe mono melu program transmigrasi kanggo ngentas uripe kang kesrakat. Nanging tetela ing Lampung bapake Kang Sihono malah saya ndadra anggone kedanan main judhi. Satemah jatah lemah rong hektar katut didol. Uripe tetep kesrakat, malah banjur tambah adoh karo sedulur. Kang Sihono wiwit biyen pancen ora melu transmigrasi, pilih tetep ana Klaten ngancani mbahe kang wis sepuh. Nalika mbahe seda, Kang Sihono banjur rabi antuk prawan Magetan, lan manggon kana tekan seprene.

“Lho saka Lampung? Mesthi nggawa oleh-oleh kopi Lampung. Endi kene aku dibagehi!” tembungku guyon.

“Wah, nyuwun pangapura aku ora nggawa kopi Lampung, nanging aku duwe oleh-oleh kanggo kowe Dhik.”

Kang Sihono njupuk kothak kang mau diseleh ana jogan. Kothak mau saka kayu lan bolong-bolong, sajak isine barang urip. Kothak dibuka lan isine katon cetha.

“Lhoh, berkutut???” aku nyawang karo ndomblong.

“Iya, iki manuk ingon-ingone para priyayi Jawa duk jaman biyen. Saiki pancen kalah rega karo bangsane jalak, cucak rawa apadene murai batu. Nanging manuk iki cocok yen kanggo ingon-ingon. Jare wong kuna, bisa nambah wibawa lan nggawa angsar akeh rejekine.” Ujare Kang Sihono ngethuprus.

Jujur sejatine aku ora percaya lan sajeg jumleg uga ora nate ngingu manuk. Malah rumangsaku ngingu manuk kuwi pakaryan muspra lan gawe repot. Manuk mbok wis dijarke ana ing ngalame dhewe-dhewe, kareben bisa tumangkar. Ana ing kurungan ora wurung ya mung mati tanpa guna.

“Dadi sampeyan adoh-adoh saka Lampung mung nggawa manut kutut iki?” pitakonku marang Kang Sihono semu mangkel.

“Niate ora nggawa kutut. Nanging nalika munggah bisa kok ana wong nawani. Murah-murah, mula daktuku. Siji gur sepuluh ewu rupiah. Maune ana lima, sing papat dijaluk ponakanku. Kari siji iki. Niyat dakwenehake kowe Dhik,”  ngendikane Kang Sihono.

Kang Sihono banjur ngetokake manuk kutut mau saka kothak cilik kang sumpek iku.

“Iki kanggo sauntara dakseleh ing kerdus tilas wadah mesin cuci kae wae ya. Mengko goleka kurungan kang patut. Aja lali Dhik, dipakani,” ujare Kang Sihono.

Kang Sihono banjur njupuk kerdhus tilas bungkus mesin cuci kang katon nglumbruk ing emper. Pancen aku wingi bubar mipik mesin cuci anyar. Wadhahe durung kober nyingkirake. Sawise mranata papane manuk, Kang Sihono bali lungguh.

“Ngene Dhik. Saliyane tilik kowe sakulawarga tekaku mrene pancen ana perlu. Aku butuh pitulunganmu Dhik.”

“Ana apa Kang?”

“Aku nyilih dhuwit sepuluh yuta wae. Kanggo ragad mertamba simbok kang ana Lampung. Wingi aku kebacut saguh, kamangka ora nyekel dhuwit sithik-sithika. Piye Dhik?”

Daksawang praupane Kang Sihono kang ngrerepa. Sajake dheweke perlu banget dhuwit kuwi. Nanging kepriye anggonku mangsuli. Aku pancen nyekel dhuwit, nanging kanggo jagan mbayar kuliah anakku wadon kang ketampa neng Akper. Kamangka wektune kari seminggu maneh. Rada ewuh anggonku arep mangsuli.

“Aku yen arep ngomong ora duwe mesthi koksengguh ngapusi Kang. Yen dhuwit pancen aku nyekel, nanging wis kanggo jagan mbayar kuliahe Dhenok. Dadi sing gedhe pangapuramu Kang….”

“Dhuh, piye Dhik. Kamangka sing dakjagakake mung kowe. Nganti adoh-adoh aku keraya-raya mrene. Mosok aku mulih tanpa asil Dhik?” Kang Sihono munggel rembugku kang durung rampung.

Aku nyawang praupane Kang Sihono kang memelas. Katon aclum tanpa cahya. Pucet kaya kelangan pangarep-arep. Sakal tuwuh welasku. Apamaneh ngelingi lelakon dhisik nalika dheweke asring bebantu marang aku sakulawarga. Kang Sihono pancen dhisik nate ngenger marang swargi simbahku, nalika dheweke ditinggal transmigrasi menyang Lampung. Ing kulawargaku dheweke bebantu gaweyan ing sawah. Uga angon kebo ingon-ingone simbah. Banget wekel lan teman anggone nyambut gawe. Kadhang uga asring momong aku lan adhi-adhiku. Mula banjur dakanggep sedulur dhewe. Saiki dheweke butuh pitulungan, kok rasane ora tega yen ora tetulung.

Dhuwit sepuluh yuta sida pindhah saka tanganku. Ditampa kanthi gupuh dening Kang Sihono.

“Yen bisa sadurunge seminggu dhuwit iki sampeyan balekke Mas. Merga aku butuh kanggo bayar kuliahe Dhenok.”

“Dakusaha Dhik. Muga-muga aku wis antuk ijol. Matur nuwun banget, muga-muga rejekimu tambah akeh Dhik,” saure groyok ngempet tangis.

“Aamien!”

Mung kuwi kang kuwawa dakucapake. Atiku dhewe ora karu-karuan rasane. Mendhelong campur welas, campur khawatir awit yen nganti ora bali golek ijole dhuwit samono ing wektu seminggu iki genah mustahil.

Ora suwe kang Sihono anggone mertamu. Sebab pancen wis kecekel butuhe. Dheweke ngambali matur nuwun nalika dakboceng tekan stasiun.

Sorene aku golek kurungan manuk menyang tokone Dhik Topik. Jebul kurungan regane larang-larang lan akeh modhele. Aku njupuk sing paling murah, wong mung kanggo ngurung manuk murahan wae kok. Sisan uga tuku pakan lan ubarampene wong ngingu manuk. Dhik Topik pancen bakul manuk kang akeh pengalamane. Kari nyebut apa manuke, pakan lan alate wis disedhiyani.

“Kok melu-melu ngingu manuk Mas? Apa ora repot?” pitakone Dhik Topik.

“Kepeksa Dhik. Titipane wong,” wangsulanku.

“Manuk apa Mas?”

“Kutut.”

“Warnane?

“Putih.”

“Wis gelem manggung?”

“Lha, kuwi aku durung ngerti. Sekesuk iki mau aku babarpisan durung krungu anggunge.”

“Wadhuh Mas, nek manuk kutut ora manggung banjur kanggo apa?”

“Lha embuh Dhik. Aku dhewe ora ngerti bab manuk. Lan kepriye carane ngopeni. Umpama dakdol wae payu apa ora Dhik? Sliramu mesthi ngerti rega pasarane manuk.”

“Nek manggung payu Mas. Lan payu pira aku ora bisa matur. Manuk mono klangenan. Yen ketemu wong kang seneng mesthi payu larang. Yen ora ya mung murah. Apamaneh kutut saiki manuk kang ora payu Mas. Kalah pamor karo jalak lan murai.”

“Yo wis Dhik. Wong pancen ora arep dakdol. Titipane wong Dhik sesuk ndhak nggoleki.”

Sedina, rong dina, telung dina manut kutut putih mau mung meneng wae. Babarpisan ora ana suwarane. Bener kandhane Kang Sihono, iki pancen manuk murah. Sepuluh ewu antuk. Lan uga bener kandhane Dhik Topik, manuk kutut yen ora manggung pancen murah. Cocok! Dadi rugi menawa terus diingu. Apa enake sesuk yen Kang Sihono mrene manuk iki dakaturke bali wae. Borong arep diingu dhewe apa arep dibuwang. Aku dhewe kok ora tega mbuwang, sebab jarene manuk ingon ora bisa urip ing ngalam bebas.

Seminggu candhake, aku banget ngarep-arep tekane Kang Sihono kang janji arep mbalekake dhuwit 10 yuta. Nanging sedina iki sing jenenge Sihono babarpisan ora katon irunge. Atiku mangkel campur gela dene wis ngeculake dhuwit kang daktabung meh setahun lawase. Lan sakala atiku mubal kemropok nalika ana pesen ringkes ing telpon gegemku kang unine njalari atiku pepes.

“Dhik aku durung bisa mrono nglunasi utang. Malah kahananku dhewe banget repote. Mbokmenawa ing wektu-wektu iki dhuwitmu durung bisa enggal bali. Menawa kepepete aku durung bisa nyaur, manuk kutut dolen wae. Sapayu-payune. Kanggo ijol Dhik. Aja kurang pangapuramu. Oh, ya Dhik. Aku perlu caos kabar yen anggone Simbok operasi nganggo dhuwit sing dakkirim wingi kasil. Simbok wis waras kaya wingi uni.”

Adhuh, sakal awakku lemes. Manuk kutut rega sepuluh ewu arep kanggo ijol dhuwit sepuluh yuta? Kebangeten tenan kowe Kang Sihono. Wong kok ora ana matur nuwune. Nanging bareng dakgagas aku dhewe kang luput. Mesthine aku wingi ora ngeculake dhuwit samono akehe. Nanging kepriye maneh barang wis kebacut. Niyatku mung nulung kanthi ikhlas, mesthine atiku kudu lila lan legawa. Yen pancen durung rejeki pancen angel tinemune.

Durung mari anggonku lereg-lereg kacuwan, kedadak aku krungu suwara saka njaba.

“Huur ketekung….huur ketekung…..huur ketekung…..”

Lhoh, iku rak suwara kutut? Kok bisa manggung?

Age-age aku mlayu metu. Nanging lagi wae mbuka lawang Dhik Topik jebul wis ana njaba.

“Mas manuk kutute sida didol apa ora? Iki Ndara Puspa arep ngersakake,” ujare Dhik Topik karo nudhing sawijining pawongan kanthi jempol.

Sapandurat aku kaget nyawang pawongan iku kang isih njinggleng nyetheti kutut. Nanging aku banjur eling dhuwit sepuluh yutaku kang ilang.

“Apa payu Dhik? Terus pira regane nek bisa manggung kaya kuwi?”

“Coba matur dhewe wae marang Ndara Puspa Mas.”

“Bener kutute sampeyan arep di dol Mas?” pitakone Ndara Puspa alus.

“Inggih Ndara,” saurku sopan marang pawongan kang katon wibawa iku.

“Terus direga pira?”

Dhuh, aku babarpisan ora ngerti regan kutut. Kok mau Dhik Topik ya ora mrene dhisik ngandhani. Yen butuhku genah sepuluh yuta minangka ijole dhuwit kang disilih Sihono. Nanging arep matur samono kok ora tekan atiku. Jare Sihono kutut iku mung rega sepuluh ewu. Nyawang aku sing mung bingung sajake Ndara Puspa tanggap, banjur ngendikan.

“Ayo aja ragu. Sebutna regane minangka tatakramane wong dodolan. Ora perlu rikuh. Mengko yen kelarangen aku daknganyang.”

“Se…sedasa yuta Ndara?” aku mangsuli mamang.

“Ha…ha….ha….. sampeyan kok lugu banget. Iki manut kutut apik. Ngene wae, dakbayar rong puluh yuta. Sing sepuluh yuta nuruti regamu mau. Dene sing sepuluh yuta minangka tandha syukurku merga antuk manut kutut kaya sing dakkarepake. Piye, sarujuk?”

Aku gemeter wel-welan. Dhuh, gek ngimpi apa aku mau bengi. Esuk-esuk kok antuk rejeki nomplok.

“Iki dhuwite rong puluh yuta wutuh. Wis, si Topik aja digagas. Mengko dakwenehi dhewe minangka opah cucuk laku anggonku golek kutut kasil. Kutut iki mengkone bakal dakpajang ing omah jogloku kang anyar. Kae sing cerak pompa bensin Trucuk.”

Ngendika ngono Ndara Puspa karo masrahake dhuwit sabendhel. Isine rong lak nyepuluh nyuta. Isih anyar gres saka bank. Dhuh Gusti, paduka tuhu Maha Wikan. Bisa gawe ngguyu umat sajagad. Dak sawang Dhik Topik ngguya-ngguyu merga bakal antuk persen. Aku dhewe cengar-cengir merga kebrukan rong puluh yuta. Ndara Puspa uga tansah mesem kalegan. Lan mesthine Kang Sihono uga gumuyu merga ora perlu nyaur dhuwite sing disilih wingi. Kabeh wis dicukupi Gusti Allah.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/11/20/cerkak-berkutut-manggung/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...