Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Pawang Edan

 Dina iku, Bekel Dadya Tinumbala diajak sowan dening Demang Klungsur menyang daleme Ndara Nggung Gagakyuda, senapati prang pupuh manggalaning ajurit kang lagi antuk tugas dadi panitia acara rampogan. Kagem sedherek kang durung pirsa, rampogan kuwi adicara adu kebo lawan macan. Para prajurit gegaman tombak tepung gelang gawe kalangan ing ara-ara. Ing satengahe kalangan mau kebo diadu nglawan macan.

Rampogan dadi pagelaran kang banget prestise. Biasane diestreni para pengageng nagara. Kangjeng Sinuhun uga asring tedhak mirsani, malah uga nate karawuhan Tuan Gurnadur Jendral. Mula sabisa-bisa pagelaran mau diadani ing wayah ora ana udan.

Nanging nalika iku pirang-pirang dina udane nggrejeh. Njalari Ndara Nggung kewedan ing galih. Pagelaran ora bisa diundur awit bakal karawuhan tamu agung saka Betawi. Lha, sowane Demang Klungsur magepokan karo prekara iki.

“Dhi, mengko yen didangu Ndara Nggung kowe cukup muni ‘Inggih Ndara’ ngono wae. Awas lho Dhi, aja kecangkeman ngomong liya-liyane.”

“Nggih Ndara,” saure Dadya Tinumbala.

Kelakon kalorone ngadhep Tumenggung Gagakyuda. Ndara Nggung pitakon marang Ki Bekel, “He Bekel, apa si Klungsur iki bisa dadi pawang udan?”

Ki Bekel njola, ora nyana bakal antuk pitakon aneh. Sawetara ora bisa kumecap awit pancen durung nate weruh Klungsur dadi pawang udan. Demang Klungsur kang ana sandhinge njawil sarwi ngejepi.

Sakala Ki Bekel eling, banjur matur: “Inggih Ndara.”

“Yo wis kana. Mangsa borong pagelaran sesuk minggu ngarep kuwi.” Dhawuhe Ndara Nggung karo menehake buntelan cilik.

Metu saka dalem katemenggungan Ki Bekel nyandhet laku.

“Mengko dhisik Kang. Kowe bisa dadi pawang udan?”

“Lhoh, ora ngerti apa Dhi? Hahaha…” saure Demang Klungsur sarwi gumuyu.

Dadya Tinumbala ndongong, nanging manut wae nalika tangane digeret mlebu warung Soto Mbah Darmo.

“Dina iki kowe daktraktir Dhi. Iki mau entuk porsekot limang riyal. Wis miliha mangan apa nganti sabedhahe wetengmu. Aku kang bayar.”

Halah…, batine Ki Bekel sebel. Bedhaha wetenge yen isine mung banyu ya tuwas. Limang riyal kok mung nraktir soto. Mbok sate Kupang rak iya rada patut.

Tibaning dina pagelaran, Demang Klungsur wis samekta ubarampene. Bathok cumplung gadhing, isine banyu embuh apa. Kembang setaman, ingkung pitik, sega golong lan jajan pasar. Satenggok mbriyet digawa demange.

Pagelaran rampogan wis wiwit. Kanggo pemanasan sajroning kalangan diadani adu balap dara. Ana 30 pasang dara diadu. Kang nonton durung akeh, sebab pancen mung adon-adon cilik. Nadyan ngono suasana tetep gayeng. Keprungu surak ambal-ambalan saka sajroning kalangan.

Rampung balap dara banjur balap wedhus. Wong nonton wiwit teka, ndlidir saka saindenging praja. Surak-surak kaprungu ambata rubuh, ngebaki angkasa. Saking gayenge nganti ora maelu menawa ing langit dumadakan muncul mendung ireng angendanu. Langit sakala peteng dhedhet. Lan nalika adu balap wedus rampung udan kaya disok saka langit. Bres…bres…bres….

Ki Tumenggung Gagak Yuda menyat saka palenggahane. Raine mbabrak abang, netra kocak ngondar-andir, kumedhot padoning lathi. Jajabang mawinga-winga. Katon menawa Ki Tumenggung banget anggone duka.

“Ana ngendi Demang Klungsur! Coba undangen mrene Demang Klungsur! Den age!”

Nanging durung nganti kang didhawuhi mangkat, Demang Klungsur nrambul udan deres. Alon-alon Demang Klungsur maju ing tengah kalangan. Kanthi copot klambi, Demang Klungsur ote-ote mung nganggo kolor. Tangan kiwa nyangking bathok bolu isi banyu warna kuning. Tangan tengen nyekel kuas. Ing sikile gumandhul klinthing kang tansah muni. Sajake klinthing kang dijupuk saka guguge ingon-ingone anake. Saben sapecak mlangkah, klinthing muni: klinthing…klinthing.

Maune wong nonton pada gumun, nanging suwe-suwe padha ngguyu nonton polahe Demang Klungsur kang lucu. Demang Klungsur terus gawe pangeran-eram. Saben pojok kalangan diciprati nganggo banyu kuning, telung kuas-telung kuas. Sawise rata, Demang Klungsur ndangak, banjur tangane aksi kaya wong nyangga barang abot. Lan nalika tangane dilepas, bres..udan tiba saka langit kaya disuntak. Demang Klungsur ora mendha. Tangane karo aksi nyangga mandhuwur maneh. Pisan iki kaya-kaya nahan barang supaya ora ceblok. Banjur tangane dilepas alon-alon. Sanalika udan mendha. Kari gerimis riwis-riwis. Ora suwe banjur langite wiwit padhang. Udane wis terang.

Demang Klungsur mundur saka kalangan. Ki Tumenggung ora sida duka, malah katon mesam-mesem.  Ki Tumenggung paring sasmita supaya macan enggal kawetokake saka krangkeng. Uga kebo kang sungune njepaplang, wis samekta ing kalangan. Pagelaran rampogan lumaku kanthi gayeng. Ora prelu dakcritakake saiki. Pokoke pagelaran rampogan lumaku kanthi sukses ngono wae.

Sabubare rampogan Demang Klungsur ditimbali Ndara Nggung Gagak Yuda. Embuh apa kang didhawuhake, Ki Bekel weruh Ndara Nggung maringi buntelan marang demange. Pisan iki rada gedhe timbang kang biyen.

Demang Klungsur wis mundur saka ngarsane Ki Tumenggung. Mlaku ketebang-ketebang nyeraki Bekel. Praupane bingar semu mrenges pamer untu.

“Ayo Dhi, nyoto maneh!” ujare sambi ngepuk-epuk buntelan saka Ndara Nggung.

Ki Bekel ebat marang nasibe Demang Klungsur. Dadi pawang udan gagal kok tetep oleh honor. Malah sajake gembolane tambah gedhe. Kepriye wong iki??? Ki Bekel ndongong.

Ing selane mangan soto Ki Bekel takon, “Ndara Nggung mau dhawuh apa Kang?”

Demang Klungsur nggleges, “Aku mau didukani. Ndara Nggung dhawuh ngene: Klungsur, aku ngerti kowe ora jegos dadi pawang udan. Ana pawange kok udane malah deres. Nanging aku seneng merga aksi teatrikalmu mau pagelaran rampogan tambah gayeng. Tahun ngarep radio Der Branduwin saka Batawiyah arep nggiyarake langsung. Iki dakwenehi bebungah 125 riyal kanggo kowe. Ngono Dhi, dhawuhe Ndara Nggung.”

Ki Bekel goyang kapala. Lagi iki weruh ana pagelaran gedhe kang diundang pawang edan. Nanging gumune Ki Bekel, entuk 125 kok mung ngajak njajan soto. Mbok iya pisan-pisan sate Samirono ngono lhoh.. Tobat..Tobat..uthile.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2023/12/25/cerkak-pawang-edan/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...