Basa mujudake salah sijine unsur budaya universal,
tegese saben negara utawa bangsa mesthi nduweni basa minangka sarana kanggo
komunikasi. Tujuan komunikasi kanggo medharake sawijine idhe, gagasan,
rasa-pangrasa, panemu, pamawas, maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak
guneman. Tumindak basa kang diucapake iku kudu ana sing guneman lan sing diajak
guneman utawa kang ngrungu, nanging tarkadhang ana wong kang omong dhewe wae
utawa ngunandika. Katilik saka wujude, basa iku arupa basa tulis, lesan, isyarat,
lan basa wiraga (bahasa tubuh).Sajrone
nggunakake basa kudu trep ora kena tumpang suh. Hymes (sajrone Rahardi,2001:29)
kang nyebutake components of speech,
kang nyakup 7 variabel utawa faktor kang nemtokake wacana kanthi akronim
SPEAKING, yaiku: S (situation, panggonan lan swasana tuturan), P (partisipants,
para panutur), E (ends,
maksud utawa tujuan lan asil tuturan), A
(act sequence, wujud lan isi
pesen), K (key, ekspresi utawa nada sajrone
medharake tuturan, seneng, susah, lsp), I
(instrumentalities, jalur
utawa chanels), N (norms,
norma/etika tuturan), G (genres, nyakup jinise wacana,kaya ta
gancaran, tembang, guritan, dhialog, mite, crita, donga, kotbah, lsp).
Bebrayan Jawa ngugemi
tataning kasopanan sajroning
pangetrapane basa ing pasrawungan.
Pangetrapan basa Jawa sajrone tuturan lumrah diarani unggah- ungguh. Miturut
Sudaryanto (2001:1062) unggah-ungguh yaiku
tata pranataning basa miturut
lungguhing tata krama. Tata krama yaiku unggah-ungguhing gunem lan
tindak-tanduke (Sudaryanto, 2001:1000). Pamedhare rasa-pangrasa utawa ciptaning
ati bisane gamblang utawa cetha kejaba diucapake uga kudu dikantheni
solah-bawa, tindak-tanduk, ulat, lan sapepadhane kang salaras karo ciptane ati.
Unggah-ungguh basa miturut buku Karti Basa (1946:80-81) nyakup 13 tataran, yaiku (1) ngoko lugu,
(2) ngoko andhap antya basa, (3) ngoko andhap/ basa antya,
(4) wredha krama, (5) mudha krama, (6) kramantara, (7) madya ngoko, (8)
madya krama, (9) madyantara, (10) krama inggil, (11) basa kedhaton utawa
bagongan, (12) krama desa, lan (13) basa kasar. Pamawas kang saemper
kawedharake dening Sudaryanto (ed, 2001:4) kang ngandharake manawa bebrayan
tradhisional Jawa nduweni 13 tingkat tutur (speech
level) kang tumata, nanging ora kabeh tingkat tutur ing jaman saiki
ditindakake kanthi bener lan pener. Golongan mudha wis akeh kang ora nggatekake
unggah-ungguh sajrone nggunakake basa. Kanggo ngawekani owah- owahan jaman lan
nggampangake anggone sinau unggah-ungguh basa, mula Sudaryanto (2001:5) merang
unggah-ungguh mung dadi 2 tataran, yaiku basa ngoko lan basa krama. Sabanjure
basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko
alus, dene basa krama kaperang
dadi krama lugu lan krama alus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar