Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Mo Limo

 “Kang Petruk, Ma Lima kuwi apa ta ?”

“Ma sing jumlahe lima”

“Apa wae kuwi Kang ?”

“Ma Lima kuwi miturut Rama Semar, petuah para leluhur kanggo nglakoni urip bebrayan kanti ngadohi limang perkara Ma kuwi. Yen wis padha ngerti isa dienggo sebagai upaya mencegah, nek wis kebacut merebak ning masyarakat kudu diberantas, lan kanggo sing wis kadung nindakake kudi diobati, basa Ngalengka-ne masyarakat kudu ngupayake preventif, post facto lan kuratif.”

“Lha apa Ma sing lima kuwi ?”

“Ma lima kuwi : MAling, MAdat, MAin, MInum, MAdon. Lima perkara sing kudu dihindari, dienyahkan saka awake dhewe yen kepengin nggayuh urip sing bener lan pener.”

“Isa dijelasake Kang”

“Maling, aja njupuk barang sing dudu duweke, dudu hak-e. Klebu korupsi cilik apa maneh wis em eman, kudu diadohi. Kowe aja sepisan pisan nyoba barang barang sing marakake fly, sing sejatine ngrusak awakmu dhewe kayata nyabu, narkoba, ekstasi lsp. Barang barang mau marakake nyandu, yen wis krasa enak pengin nyoba meneh lan meneh. Barang barang mau dudu solusi kanggo menyelesaikan masalah, malah njlomprongake awakmu ke jurang kesengsaraan. Ora ana wong sugih amarga main, judi. Kepengin sugih aja sepisan pisan nggunakake shortcut, jalan pintas melalui upaya untung untungan. Kepengin sukses kudu makarya sing smart, aja mengharapkan emas sak-trek teka ning omah. Mabuk mabukan ojo sepisan pisan mbok coba lan mbok tindakake. Lha iki kanggomu Gong. Aja seneng madon, njajan, lha wong sing ning omah ora entek entek. Sifate wong lanang kuwi nek ndelok ana sing luwih kempling luwih bening, terus tertarik lan pengin selingkuh. Lha kuwi mung polah tingkah nafsu sing ngojok ojoki awakmu kanggo selingkuh. Lha nek dipikir rasane yo padha wae. Rak iya mengkono to Gong ?”


images (1)“Iyo Kang. Ning aku nate krungu Ma LIma versi lain Kang.”

“Apa kuwi Gong?”

“Mlumah, Mengkurep, Modod, Mlebu, Metu”

“Lha kok ketoke rada rada mengarah ngono Gong. Aja sing saru lho Gong”

“Kuwi nek pikirane wis ngeres disik. Kuwi ngemu maksud ngene Kang. Mlumah kuwi menghadap ke langit, kudu eling marang Pangeran pencipta dan penguasa alam semesta dan seisinya. Mengkurep kuwi posisi ndelok ngisor. Ning rumah tangga kudu fokus karo pasangane, ora oleh tergoda karo liyane sing ketoke luwih bening, kinyis kinyis, lha kuwi mung penampilan luar wae kok. Yen dirasakake sing ning omah pastine luwih mranani ati. Modod, kuwi kanggo pepeling yen manungsa kuwi kudu berusaha mengembangkan kompetensi kanggo meningkatkan kemampuan, keterampilan kanggo membina rumah tanggane. Mlebu. Orientasi pertama kudu keluarga sing penting. Terus baru Metu, membina hubungan baik karo masyarakat sekitare. Ngono Kang.”

“Elok tenan yen iso dijadikan pedoman urip yo Gong”

“Ning kandane yu Mince putrane Lik Jono kae, Ma kuwi ora mung lima Kang.”

“Lha piye kuwi”

“Ma kuwi nganti akeh”

“Apa kuwi ?”

“Madep Mantep Mangan Melu Maratuwa, Maratuwa Mulya Mardika Melu Mukti, Maratuwa Macem Macem Mending Minggat, Maratuwa Mati Merana Melu Marisi.”

“Halah … kuwi dudu saka Yu Mince, pastine karanganmu dhewe to?”

“He he he … ana maneh Kang. Malam MInggu Mantep Marani Mal, Mloka Mlaku Munggah Mudhun Maneh, Mlerak Mlerok Mbak Mbak Mbagusi, Maassss Maaasssss Mbok Makaryo Mawon”


https://tanahmemerah.wordpress.com/2014/02/12/mo-limo-guyonan-punokawan/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...