Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

KEBLUSUK

 (Cerkak dening: Bambang Khusen Al Marie)

 Dina iki esuk-esuk aku wis adus lan dandan rapi. Sinambi rengeng-rengeng aku reresik omah, meja kursi tamu tak keludi, latar tak saponi supaya katon resik gumilar. Bakal ana tamu agung rawuh, Ndara Samson,  pejabat saka kabupaten. Piyambake arep pesen kori ukir kanggo daleme kang nembe dibangun. Aku pancen tukang kayu kang cukup kawentar ing desaku kanthi spesialis kori ukir, nanging entuk pesenan saka pejabat ya lagi sepisan iki.

“Sesuk omahmu diresiki sing asri, kanggo promosi,” ngono kandane Roto, tukang kayu kancaku kang ndherek nyambut gawe ing daleme Ndara Samson.

“Aja nganti nguciwani, sebab nek kasil iki rejeki nomplok kang bakal terus lumintu,” welinge mawanti-wanti.

Ndara Samson pancen sawijining priyayi sugih kang saben taun gawe omah gedhong. Kanthi pengarep-arep pintu gaweyanku bakal dinggo langganan, ubarampe  pratukangan takcepakake komplit supaya Ndara Samson kepranan. Ora lali takpasang papan nama sing gedhe ing ngarep omahku.

BAMBANG KHUSEN, SPESIALIS KORI UKIR”

Sinambi udud tak tunggu rawuhe Ndara Samson ing lincak ngarep omah. Ora suwe saka kadohan katon tleser-tleser mobil sedhan alus sasat tanpa nyuwara. Sedan mandeg ing ngarep omahku.  Kanthi sajak kesusu priya bagus pideksa metu saka mobil diderekake Suroto si tukang kayu. Dheweke katon kesusu banget nganti mesin mobile wae ora dipateni.

“Manggaa …mangga Ndara,” aturku sinambi ngathungake jempol, tanda pangaji-ajiku marang  priyayi iku.

Priya bagus iku mung manthuk alon, lan terus njujug wae ana bengkel papan kanggo ngrakit kori ukir. Kanti tanpa abang-abang lambe piyambake ndumuk salah siji kori ukir kang paling apik.

“Iki pira regane Pak Bambang?” pitakone datar tanpa ekspresi.

“Sedasa yuta jangkep sak kusenipun Ndara,” aturku bares wae senajan kang bakal mundhut priyayi sugih mblegedhu.

“Piye nek pitung yuta wae? Mengko aku njupuk telu!” wangsulane nganyang.

Ing batin aku rada gumun dene priyayi sugih kok tuku pintu omah wae ndadak nganyang, mangka regane wis murah banget.

“Nyuwun duka, dereng saged Ndara. Dipun tutup sangang yuta kemawon,” cekak saurku kanthi tetep sopan.

Sawise sawatara miling-miling Ndara Samson sida mundhut kori ukir cacah telu kanthi rega wolung yuta. Sirahku cenut-cenut jalaran rega sakmono aku babar pisan ora oleh turahan. Nanging kepiye maneh sing mundhut sawijing pejabat kabupaten. Aku ora bisa suwala. Tumrapku mujudake pakurmatan dene panjenenganne kersa mampir ing gubugku kang elek iki. Muga-muga kanthi lantaran priyayi iki daganganku sesuk bakal laris, ngono pikirku.

Sawise rampung rembugan Ndara Samson kondur kanthi ninggal dhuwit panjer rong yuta rupiah. Sithik banget! Taktampa kanthi ragu.

“Aja kuwatir. Mengko nek wis dadi langsung takbayar kenceng!” dawuhe mantep lan cetha, ngilangake was-was ing atiku.

Kanthi ati bombong lan mongkog taksengkud pakaryan gawe kori ukir cacah telu. Pawitanku kang pas-pasan takgolekake tambah utangan saka rentenir Bu Sura Klumpuk kanthi bunga limang persen sesasi. Kanggoku sing penting pakaryan iki enggal rampung lan kori ukir gaweyane Bambang cumanthel ing daleme Ndara Samson, pejabat kabupaten kang kawentar kasugihane. Iku mujudake promosi kang bakal mayokake daganganku ing tembe, pangajabku optimis.

Sawise rong minggu muput aku sengkud makarya, kori ukir sida rampung tenan. Taksawang-sawang, takiling-ilingi kori ukir iki. Ing batin aku mongkog lan bombong dene kori ukirku bakal diagem Ndara Samson, pejabat sugih ing kabupaten. Sesuk mesthi tamu-tamune Ndara Samson padha ngungun weruh kori ukir gaweyanku kang pancen alus lan pengkuh iki.

Ing dina kang wis takjanjekake utusane Ndara Samson rawuh dikantheni Roto njupuk kori ukir pesenane. Kanthi ngasta pick up, Pak Lasno, kang jarene mandhore Ndara Samson nggawa kori ukir telu kang wis takcepakake ana latar.

“Mangke bab pelunasan Ndara Samson piyambak ingkang badhe tindak mriki Pak. Sakmenika Ndara Samson nembe golf kaliyan Pak Bupati, konduripun langsung badhe njujug mriki sekaliyan badhe pesen mebel kangge isen-isen dalemipun ingkang enggal,” mangkono kandhane Mandor Lasno ngecipris.

Sajake Mandhor Lasno pancen wong kang dipercaya Ndara Samson. Aku mung sumangga kersa, senajan durung dibayar taklilakake. Mokal lamun Ndara Samson ngapusi.

Kanthi pangarep-arep Ndara Samson bakal rawuh dina iki, aku ora metu saka omah. Gaweyan sawah sengaja taktinggal. Karawuhan priyayi gedhe mujudake rejeki kang tanpa upama, apamaneh mandhor Lasno crita manawa Ndara Samson bakal pesen mebel maneh.

Sinambi nunggu rawuhe Ndara Samson aku gawe reng-rengan gambar perabotan isen-isen daleme Ndara Samson. Takranggeh tape recorder ing sandingku. Taksetel gendhing perkutut manggung. Kanthi bungah aku corat-coret ing kertas mal. Gegambaran iki mengko bakal takaturake Ndara Samson. Menawa piyambake kersa ateges rejeki nomplok. Pangajab kang ora mokal, ngono pikirku. Lan saking bungahku ora krasa jebul aku ngguya-ngguyu dhewe.

“Ngapa ta pak! Kok ngguya-ngguyu dhewe kaya wong gendheng!” ujare bojoku gawe kaget.

“Wee lhaa… kowe ora ngerti ana wong arep nampa beja..” saurku tanpa noleh, lan tanganku tetep corat-coret ing kertas mal.

“Mbok ora njagakake endhoge si blorok. Wong durung dadi kanyatan kok wis mbungahi. Pesenan sing wingi wae durung dibayar pak….. kok wis njagakke sing rung kelakon,” sinambi pencap-pencep bojoku ngomong.

Ing batin aku anyel, wong kok ora ngerti prinsip-prinsip bisnis sing profesional. Taksawang lambene bojoku isih mencap-mencep. Lambe  kang ndhisik ngangeni, saiki dadi njelehi, kaya blek pecah suwarane. Jengkel aku! Kaya arep tak untir-untira kae.

“Wis menenga ta mbokne. Ana wong lanang lagi nyambut gawe kok ribut wae!” ujarku sereng.

Bojoku kluntrung-kluntrung nglungani, isih karo pencap-pencep. Dheweke pancen wiwit wingi ora pati seneng karo caraku ngladeni Ndara Samson.

“ Aja mung dupeh dheweke pejabat, banjur kurang ngati-ati. Saiki akeh wong ngapusi najan pejabat pisan,” kandhane dhek semana sajak ngerti-ngertia.

Jarum jam wis ndumuk angka lima. Kertas mal wis kebak gambar-gambar mebel. Nanging Ndara Samson durung rawuh. Alon aku mingset saka meja kerjaku. Takberesi berkas-berkas, nuli adus. Mesthine Ndara Samson repot banget, nganti lali tindak menyang omahku. Maklum, pejabat penting kaya dheweke mesthi akeh urusane.

 

***

 

Ora krasa wis seminggu aku ngenteni tekane Ndara Samson. Lan ing wektu seminggu iki, saben dina aku mung thenguk-thenguk ing emper sinambi ngrungokake gendhing kutut manggung saka tape recorder. Embuh wis kaping pirang atus kaset sing mung siji kuwi dakwolak-walik, nanging Ndara Samson babarpisan ora ketok irunge. Atiku bingung campur mangkel.

Aku ngrumangsani menawa duwit rolikur yuta sisane rega kori ukir iku kanggone Ndara Samson mung jumlah kang sethithik, nanging kanggoku banget gedhe ajine. Mbokmenawa Ndara Samson supe utawa durung kober. Nanging geneya ora utusan mandor Lasno?

Aku saya bingung jalaran duwit modal silihan saka rentenir Sura Klumpuk wis jatuh tempo. Wingi Bu Sura Klumpuk nagih karo ngundhamana. Aku semaya rong dina maneh. Kepiye anggonku mbalekake mengko? Apa hiya barang-barang isen omahku kudu disita? Bu Sura Klumpuk wis kondhang minangka rentenir kang kejem, dhemen nglumpukake bandhane tanggane.

Pikiran sumpek lan bingung ngosikake atiku, apa enake aku nagih wae neng daleme Ndara Samson? Nanging apa orang jeneng murang tata tumrapku dene nganti wani nagih pejabat sugih kaya dheweke? Mengko gek malah duka lan ora rena penggalihe. Pitakon rupa-rupa ngebaki atiku. Bingung kudu kepiye. Dadakan aku rumangsa disepelekake, dupeh aku wong cilik sing ora duwe kuwasa.

Wasana aku nekad mangkat. Eling marang nasibku seminggu iki. Bengkel wis macet ora prodhuksi maneh, utang sesuk kudu disaur lan saben dina bojoku tansah mrengut merga dhuwit blanja katut bablas.

Kanthi sepedha pancal aku menyang kutha kang adohe limalas kilometer. Alon-alon.

Abot sepedha tak pancal, kaya-kaya emoh tekan jalaran bingung mengko kudu matur kepiye. Gojag-gajeg meh mandheg. Lan nalika wewayangane Bu Sura Klumpuk kang muni-muni mampir ing angenku, tak gelak sepedha pancal iku. Daya-daya enggal tekan daleme Ndara Samson.

Aku mandheg ing ngarep omah gedhong magrong-magrong. Isih menggeh-menggeh. Napas tuwaku wis ora bisa dijak kompromi maneh. Leren sedhela aku, ngatur ambegan kang nyendhal-nyendhal dhadha. Sauntara aku njegreg ing ngarep gapura omah gedhe iku. Bener iki pancen daleme Ndara Samson. Aku ora pangling marang kori ukir gaweyanku kang kapasang gagah ing tengah gapura.

Rada mangu-mangu aku arep uluk salam. Ing pinggir kori ana bel. Durung nganti tak pijet kedadak ana sepedha motor mandheg ing buriku. Sing numpak sawijining pemudha. Polatane suntrut sajak nahan amarah ing dhadhane. Kanthi patrap kang kurang subasita dheweke takon marang aku.

“Ndara Samson ana ngomah ora Pak!”

“Wah nak! Aku ora ngerti. Aku lagi wae tekan. Aku ya arep nggoleki Ndara Samson,” wangsulanku sareh.

“Jane neng endi ta ya menungsa iku!” ucape misuh sajak nesu banget.

Dudu urusanku, pikirku tanpa maelu bocah ora sopan kuwi.

Tak pijet bel cedhak kori. Ing jero lamat-lamat keprungu suara bel memper swara jago kluruk.

“Kukuruyuuuk.”

Ora ana tandha wong ing njero kana. Tak pijet sepisan maneh.

“Kukuruyuuuk.”

Tetep sepi. Durung nganti tanganku kemlawe mijet  bel kang kaping telu, pemudha ing sandingku muwus:

“Wis pak! Tuwas kesel tanganmu. nJero ora ana wonge!”

Aku noleh sajak maido.

“Aku mau wis bola-bali mrene nganti kesel. Apa sampeyan arep nagih utang?” kandhane thoklek.

Aku rada isin arep blaka. Mosok ana wong nagih utang ing daleme Ndara Samson.

“Aku arep nakokake bab kori ukir gaweyanku iki nak. Mbokmenawa ana sing kurang sempurna,” ujarku dora.

“Mesthi durung dibayar ya pak? Arep nagih ta? Sampun pakewuh Pak! Akeh tunggale. Sedhela maneh bakal antri kaya pasien nunggu dokter,” wangsulane wiwit trapsila.

Dheweke banjur crita manawa diutus juragane nagih bayaran wedhi dan watu kang wis pirang-pirang sasi durung dilunasi. Jebule dheweke sopir sing biyasa asok material.

“Akeh Pak! Ana meh selawe yuta. Lan saben nagih mesthi ora tau digawani. Dina iki malah saya ora genah wonge ana endi!”

Aku ngelus dhadha. Ing batin semu ora ngandel dene Ndara Samson duwe patrap kaya mangkono, nanging aku dadi semu kuwatir. Mengko gek-gek bener kandhane bojoku, saiki akeh pejabat sing ngapusi. Pikirku saya kaco, ginubet angen-engen kang nglambrang. Saka kadohan katon ana pawongan tuwa numpak sepedha motor Honda 70, gumuyu sajak mbebeda.

“He…he….pasiene wis ngantri ya? Wah telat aku…” kandhane pak tuwa  sawise markir sepedha motor.

Wong tuwa iku tukang plitur kang wis sesasi durung nampa bayar.

“Aku wingi nagih mung diwenehi dhuwit bensin kanggo bali mulih,” kandhane karo mesem sajak ora preduli karo sing padha methentheng.

“Njenengan wis kebal Pak. Lha aku iki saben nagih gagal mesthi disemprot juraganku.” si pemudha maido.

“Lha iki ana pasien baru. Ha…ha…ha..” Pak tuwa nyoba guyon karo aku. Aku mung mesem kecut. Kok bisa dheweke ngguyu, wong nasibe ya padha  wae.

Ora suwe ana nom-noman loro teko boncengan sepedha motor. Bedhigasan. Ugal-ugalan. Suwarane knalpot kang sora digas pol mbrebegi kuping. Sajake pancen sing mrene padha nggawa ati kang mangkel temah tingkah polahe ninggal sopan santun. Si sopir lan Pak Tuwa mung ngguyu karo gedheg-gedheg, sajak apal polahe bocah loro kuwi, tukang listrik lan tukang pipa.

Saya sore sing teka saya akeh. Kabeh kanthi masalah kang padha. Ana tukang las, tukang cet, tukang batu, toko besi, toko kayu lan akeh maneh aku ora mudheng. Solahe pating brigi. Omongane ngalor ngidul, saur-manuk ora karuwan.

“Aku wis mrene ping sepuluh!” si sopir umuk.

“Tagihanku paling akeh!” saure toko kayu.

“Piye nagihe mengko! Ayo jotosi wae!” tukang listrik usul.

“Wah sabar mengko malah ora kasil.”

“Piye nek lapor polisi?”

“Walah malah repot mengko!”

“Ayo enake mbentuk klub bal-balan wae. Anggotane tukang nagih utang iki!”

“Hua….ha…..ha….!!!”

Sedhela-sedhela ngguyu ger-geran merga banyolane Pak Tuwa. Aku tambah mumet. Jebul wong akehe sakmono nasibe padha aku. Lan wong-wong iku wis kaya ora ngrasakake susah. Kabeh gumuyu lakak-lakak. Embuh batine piye. Apa pancen wis mupus marga hasil nyambut gawe bakal ilang diuntal Ndara Samson.

Bedhug magrib wis keprungu, tinabuh matalu-talu. Wong-wong padha bubar ninggal aku ijen. Abot aku nginger sepedha. Tak sawang omah gedhe kuwi. Utangan kabeh. Lan wong-wong mau, klebu aku, wis keblusuk ing panguasane pejabat kang kejeme ngungkuli Raja Fir’aun. Pejabat kang ora leladi marang rakyat, malah gawe sengsarane. Alon sepedha dakpancal. Kanthi ati semplah, dakgelak lakune tumuju ngomah. Sesuk aku kudu ndhadhagi kabeh lelakonku kanthi tetep pasrah marang kersaning Gusti Kang Murbeng Nasib.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2019/12/26/keblusuk/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...