Basa krama lugu yaiku basa kang tetembunge migunakake tembung krama kabeh
tanpa kacampuran karo tembung krama inggil. Sacara semantis ragam krama
lugu didhefinisekake wujud ragam krama kang kadhar kaalusane endhek,
nanging yen kabandhingake karo basa ngoko alus, ragam krama lugu isih luwih
alus (Sasangka 2004:105). Titikane basa krama lugu, yaiku (1) ater-ater /di/
owah dadi /dipun/, dene panambang /e/ owah dadi /ipun/ lan panambang / ake/
owah dadi / aken/, (2) tembung /aku/ lan /kowe/ lan ater-ater/ dak, ko/ owah
dadi /kula/ lan /sampeyan/. Gunane basa krama lugu kasebut dienggo guneman
dening:
a.
Wong tuwa marang wong enom utawa kalah
pangkat.
b.
Wong sing lagi pitepungan anyar.
c.
Para murid marang gurune.
d.
Abdi marang bendarane.
e.
Andhahan marang pimpinane.
Tuladha ukara basa krama lugu :
a.
Mbah Warno mirengaken giyaran ringgit purwa kanthi lampahan ‘Karna
Tandhing’. Anggenipun mirengaken kaliyan
nedha kacang goreng.
b. Kula badhe nyambut buku
gadhahan sampeyan, amargi gadhahan kula ical.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar