Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Kanca Lawas

 Ketemu kanca lawas kang wis suwe ora kepethuk mesthi seneng banget. Nanging wengi iki aku kaget, gumun lan setengah ora percaya, nalika ana wong ngaku kanca ujug-ujug njedhul ing omahku.

“Isih eling karo aku apa ora Dhik?” pitakone nalika aku mung ndomblong kamitenggengen.

“Sinten nggih?” wangsulanku gumun.

Aku mamang semu lali marang pawongan kang ngadeg ing ngarepku. Pancen kaya-kaya nate wanuh, mbuh ana ngendi. Nanging kok dakeling-eling babarpisan ora nyanthel ana angenku.

“Kos-kosan, Papringan No. 19,” wangsulane cekak nalika weruh aku mung domblong.

“Ya Allah! Mas Karyono?” alokku setengah ora percaya.

“Bener Dhik,” wangsulane priya setengah tuwa mau.

Pancen aku pangling. Yen potongan pawakane pancen ora sewah karo biyen. Ajeg kuru aking. Dhuwur ngeyoyet kaya kurang pangan. Pancen pawakan ngono kuwi angel lemune, jarene saben-saben. Mung bedane biyen Mas Karyono kuwi priya besus. Panganggone sarwo rapi kanthi rasukan kang larang regane. Lupute brand impor ya mesthi merk-merk kawentar. Sandhangane klimis lan praupane resik, katon yen dirumat tenan. Balik saiki? Pawongan ing ngarepku iki katon nylekuthis kaya, nuwun sewu, kaya glandhangan.

“Adhuh Mas, kok bengi-bengi bisa tekan kene. Iki mau saka ngendi lan kepriye larah-larane?” pitakonku nrocos amarga saka gumunku.

“Iki mau aku saka Jogja Dhik. Niyat nggoleki sampeyan. Aku njujug kos-kosan lan ketemu putrane bapak kos, Dhik Rina. Banjur dituduhi alamatmu. Nanging apes, aku nggoleki ora enggal ketemu, mula nganti wengi,” wangsulane Mas Karyono alon.

“Mangga, diunjuk dhisik Mas,” aku ngacarani Mas Karyono supaya ngunjuk wedang teh panas kang diladekake anakku wedok Hasna.

Mas Karyono nyruput wedang teh anget iku. Sajak temanja kaya nikmat kae. Sakal praupane dadi lejar lan ilang wadana pucet kaya mau. Malah uga wis bisa gumuyu.

“Adhuh Dhik. Tujune ketemu sampeyan. Wah, aku iki sejatine lagi nandhang ketiwasan. Wingi bengi aku budhal saka Cirebon mung nganggo kaos oblong. Terus njujug kos-kosan saperlu nggoleki sisik melik alamate kanca kang bisa dakjujug. Tujune kok sliramu mentas wae saka kos-kosan. Mula banjur aku diwenehi alamatmu iki mau.”

Mas Karyono wiwit bisa crita kanthi runtut. Pancen telung sasi kepungkur aku dolan menyang tilas kos-kosan biyen. Pak Suyudi kang kagungan kos jebul wis seda antarane limang tahun kepungkur. Saiki usaha kos-kosane diterusake dening Rinawati, kang nalika aku kos ing kono biyen isih sekolah es-em-pe. Dheweke pranyata ora lali marang aku. Aku banjur ninggal alamat. Pamrihe supaya kanca-kanca biyen kang padha kos ing kono bisa nggoleki papan dunungku. Mula yen Mas Karyono nganti dolan mrene, wah banget kapasangyogya. Aku bungah ora karuwan. Nanging kang dadi ganjelaning atiku, kahanane mas Karyono kok melas temen. Gek ana apa?

“Mengko dhisik Mas. Kok bisa sampeyan lunga saka Cirebon mung kaos oblongan. Kepriye larah-larahe mas?” pitakonku.

“Aku bangkrut Dhik. Lan saiki dadi burone wong akeh. Mula wingi ora kober gawa apa-apa, aku langsung nggeblas menyang Jogja,” saure Mas Karyono angluh.

“Bangkrut? Usaha apa mas?” pitakonku maneh.

“Ngene Dhik. Wis rong tahun iki aku dadi petani lombok, nggarap sawah tinggalane bapak kang ambane rong hektar. Kawitan usahaku iya kasil. Malah kepara maremake. Akeh kanca-kanca petani yang banjur nggabung masrahake lemahe supaya daktanduri lombok. Mangsa iki wingi aku nandur lombok seket hektar. Mesthi wae butuh wragad kang ora sethithik. Mula aku banjur mbuka investasi kanthi cara bagi-asil. Akeh para investor kang nandur saham ing usahaku mau. Tahun iki gungunge investasi nganti milyaran Dhik. Sejatine dhuwit samono dudu cacah kang akeh, panen pisan mesthi bisa bali. Rega lombok pas apik banget. Mung jenenge nasibe wong Dhik, Gusti Allah kang pirsa. Seminggu sadurunge panen tanduran lombokku kebanjiran amarga udan deres terus-terusan. Wit lombok ambruh bosah-baseh. Wis ora ngukup tenan. Wong-wong kang nyipati kahanan mau ora sabar lan nyerbu omahku. Kepeksa aku nglungani golek slamet. Kanthi sandhangan kang cementhel ing awak aku nggeblas menyang Jogja. Eh, mbokmenawa ana kanca sing bisa tetulung. Mula aku nyuwun tulung Dhik, yen sliramu bisa,” ujare Mas Karyono alon.

Adhuh. Aku bisa mbayangake kaya ngapa susahe Mas Karyono ngalami lelakon kaya ngono. Wis ketaman musibah, isih kudu ngijoli dhuwit investasine wong akeh. Hem, saiba rekasane anggone ngadhepi kanyatan iki. Nanging, dadakan aku dadi nelangsa dhewe awit ora bisa tetulung.

“Adhuh Mas. Kaya ngapa susahmu aku bisa ngrasakake. Nanging aku dhewe ora bisa tetulung Mas. Aku dudu wong sugih dhuwit. Usahaku mung bengkel tukang kayu cilik-cilikan. Aja maneh kok dhuwit milyaran, puluhan yuta wae aku arang nyekel. Mula sing gedhe pangapurane Mas. Aku ora bisa tetulung tenan!” ujarku lirih.

Sejatine aku getun keduwung. Dhisik nalika jaman ngekos ing Jogja Mas Karyono ajeg tetulung marang aku. Uga kerep nraktir jajan sega kucing ing warung hik ngarep tokone Pak Dawud. Akeh utang budiku marang dheweke. Nanging kepriye maneh, kahananku uga cupet.

“Ora papa Dhik. Mung aku njaluk nunut ngeyup ana kene dhisik ya Dhik. Sedina rong dina, suwene nganti seminggu. Aku daknata pikirku dhisik supaya bisa lerem. Supaya aku bisa golek pepadhang tumrap masalah kang daksandhang iki.” ature Mas Karyono kebak pangarep-arep.

“Iya Mas. Yen kuwi aku ora kabotan. Mangga yen arep leren ana kene. Dianggep omahe dhewe wae Mas.”

Aku banjur nyeluk batihku lan uga anakku. Daktepungake lan uga dakkandhani yen wiwit wengi iki Mas Karyono arep nginep kene kanggo sawetara wektu. Aku banjur crita lelakon kang disandhang Mas Karyono marang anak bojoku. Lan kalorone uga padha ora kabotan.

“Dhik, aku kok kurang kepenak yen manggon sakomah karo kowe. Umpama aku turu ana bengkel tukangmu wae kepriye?”

“Wah Mas, panjenengan iki tamuku. Mosok ya arep sare ana bengkel tukang. Rak kurang ngajeni tamu aku Mas. Aku bisa kuwalat karo sedulur tuwa Mas,” saurku guyon.

“Ora papa Dhik. Aku wis kotulungi. Aku matur nuwun banget. Aku ora ngira babarpisan yen jebul sliramu kang bisa nampa awakku ing kahananku kang kaya ngene.”

Aku kelingan jaman urip ing kos-kosan. Mas Karyono iki kanca kos kang banget gemati marang aku. Pancen umurane ya kacek telung tahunan karo aku. Dhisik Mas Karyono kuliah ana sawijining pawitan luhur negeri. Dene aku kuliah ana swasta. Mas Karyono pinter lan jembar wawasane. Mula banjur banget diajeni dening kawula kos-kosan kabeh. Ki Bekel, ngono aku sakanca biyen nyebut Mas Karyono. Tumrapku, Mas Karyono wis kaya kadang tuwa, mula dakanggep sedulur dhewe. Dadi sabisa-bisa aku kudu tetulung sakuwatku.

“Mas, kok kurang prayoga yen Mas Karyono arep sare ana bengkel. Kana papane adhem lan akeh lemute. Piye umpama Mas Karyono nginep ing kantorku wae. Iku mapane ing cerak bengkel. Ana ruang cilik kanggo administrasi. Mengko penjenengan bisa sare ana bangku dawa kang sumadiya ana kana. Ana kasure cilik lan uga ana papan kanggo adus. Dadi sampeyan bisa bebas ana kana.”

“Iya Dhik. Kebeneran yen ngono. Aku dakturu kana wae.” ujare mas Karyono.

Kanthi nggawa sandhangan sacukupe aku ngeterake Mas Karyono ing ing kantor cilik cerak bengkel. Ruangan ukuran 4×4 kuwi biyasane kanggo nampa tamu nalika ana wong kang pesen mebeler. Ana bangku dawa modhel race bench turahan pesenan saka Eropa biyen. Bisa kanggo sare Mas Karyono sauntara. Wong ya ora suwe Mas Karyono anggone arep nginep ana kene.

Sawise nuduhake papane lan nyaosake sandhanganku kanggo salin rasukan aku ninggal papan iku. Batihku dakkon masak besar kanggo nyugata tamu istimewa. Sawise dhahar kembul aku isih jejagongan sawetara karo Mas Karyono. Apa maneh kang dirembug yen ora lelakon jaman biyen. Jaman Mas Karyono ngesir anake Pak Dawud sing jenenge Murti, nanging ora dilanggati.

“Nganti dakrewangi main catur saben bengi karo Pak Dawud lho Dhik. Supaya seneng lan katujuprana aku asring ngalah lho,” ujae Mas Karyono kekel.

Pancen dhisik Mas Karyono jago main catur. Kabeh kawula kos-kosan ora bisa ngalahake. Kalebu Pak Dawud uga dudu tandhinge. Nanging dheweke ngalah supaya bisa ngrebut atine calon maratuwa. Lha kok keplok tangan sisih. Si Murti emoh. Gagal total.

Jagongan gayeng bengi iku kepeksa dakpungkasi nalika pandom jam wis ndhumuk angka 12. Mesthine Mas Karyono sayah lan perlu istirahat. Aku dhewe uga perlu enggal turu. Saploke duwe lara dharah tinggi sejatine aku dilarang dokter turu kawengen. Nanging piye maneh, tanpa sadhar anggonku jejagongan ngerti-ngerti jebul wis wengi. Aku enggal-enggal bali.

Esuke, jam 6 esuk aku menyang kantor. Sajake Mas Karyono sayah tenan kok nganti srengenge njedhul durung wungu. Sedhela maneh para tukang padha teka lan papan kene bakal rame. Becike Mas Karyono dakgugah dhisik sadurunge kanca-kanca tukang padha teka.

Nanging bola-bali lawang dakthothok ora ana swara sumaur saka njero. Dakcoba mbuka lawang, jebul ora kancingan. Mas Karyono ora ana. Kamar iki sepi. Atiku ora kepenak. Aku metu saka kantor lan mbuka lawang bengkel.

Jabang bayi! Mobil pick-up kang biasa parkir ing njero bengkel ora ana. Kabeh alat tukang uga ora ana. Kabel alat-alat listrik padha njebrut, katon dibedhol kanthi peksan. Aku bali menyang kantor lan mriksa meja kerjaku. Jebul lacine uga jebol. Kang dadi atiku angles, dhuwit panjer cacah sepuluh yuta saka Kaji Dullah katut digondhol. Sakal aku dheprok ana jogan. Panonku klemut-klemut. Donyaku peteng dadakan.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/09/27/kanca-lawas/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...