Translate

Senin, 29 Juli 2024

LENGGERAN


Lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dialog. Jenis kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan terbuka utawa pelataran omah sing duwe hajatan. Penarine (lengger) biasane minimal 2 penari wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pagelaran.

Musik pengiring tari lengger kuwe perangkat musik calung Banyumasan. Perangkat musik kiye sebagian sekang perangkat Gamelan. Nang akhir pagelaran, biasane penonton olih melu munggah panggung menari bareng penari lengger sambi ngaweh saweran maring lenggere.


         Jane pagelaran lengger kanthi wutuh kuwe pada baen karo pagelaran seni Drama (tradisional) sing ditambah seni tari karo dialog, ning sing cokan dadi pusat perhatian mung gerak tariane thok. Urut-urutan babak pagelaran lengger sing utuh kuwe:     babak lenggeran (perkenalan), babak badhutan (permasalahan awal karo lakon), babak jaran calung (permasalahan sing ngeruncing/krisis) terus terakhir babak baladewan (penyelesaian/keputusan).


         Kabeh babak-babak kuwe ngandung nilai-nilai, antarane: nilai estetika, kepercayaan, perjuangan, kemanusiaan, kejujuran karo nilai-nilai ketaatan maring ruh para leluhur. Jaman ganu, lengger duwe kesan sing kurang apik sebab cokan dipadhakna karo ronggeng, ning jaman siki wis berobah, malah siki akeh muncul grup-grup lengger sing profesional sing biasa diundang nang acara-acara resmi. Grup-grup lengger siki malah wis duwe struktur organisasi sing madan mapan, ana pembinane, ana ketua sing tugase memimpin kegiatan latihan, gladi resik karo teknik pementasan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...