Translate

Minggu, 21 Juli 2024

Macapat

 Macapat niku tembang utawa puisi basa jawa. Karya sastra jawa kuno ing jaman mataram baru niku katah kang ditulis gunaake metrum macapat, tuladhane: serat wedhatama, serat wulangreh, lan serat kalatidha.

Istilah istilah ing macapat:
– Pada : Cacahing larikan saben gatra.
– Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Ind : bait).
– Guru wilangan : wilangan wanda (Ind : suku kata) saben gatra.
– Guru lagu : tibanй swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Perangane tembang macapat :

MACAPATGURU GATRAGURU WILANGANGURU LAGU
Maskumambang412, 6, 8, 8i, a, i, a, a
Mijil610, 6, 10, 10, 6, 6i, o, e, i, i ,u
Sinom98, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Kinanthi68, 8, 8, 8, 8, 8, 8u, i, a, i, a, i
Asmarandana78, 8, 8, 8, 7, 8, 8a, i, e, a, a, u, a
Gambuh57, 10, 12, 8, 8u, u, i, u, o
Dhandhanggula1010, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Durma712, 7, 6, 7, 8, 5, 7a, i, a, a, i, a, i
Pangkur78, 11, 8, 7, 12, 8, 8a, i, u, a, u, a, i
Megatruh412, 8, 8, 8u, i, u, i, o
Pucung412, 6, 8, 12u, a, i, a

Kangge penjelasan kang luwih lengkap lan download tetembangipun, monggo klik jenise tembang macapat niki: MaskumambangMijilSinomKinanthiAsmaradanaGambuhDhandhanggulaDurmaPangkurMegatruh lan Pucung

Tuladha:
Sinom
Pangйran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatanй ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitanй nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekиng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warиngй kang tampa (12/a)
Dhandhanggula
Eling-йling pra kadang dиn йling (10/i)
Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
Bebasan mung mampir ngombй (8/e)
Cinecep nulya wangsul (7/u)
Mring asalй sangkanй nguni (9/i)
Begja kang wus pana (7/a)
Sangkan paranipun (6/u)
Dedalan kang dиn ambah (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
Sejatining kasidan (7/a)
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
Ing samita amrih lantip (8/i)
Aja pijer mangan nйndra (8/a)
Kaprawiran dиn kaиsthi (8/i)
Pesunen sariranira (8/a)
Sudanen dhahar lan guling (8/i)
Asmarandana
Anjasmara ari mami (8/a)
Masmirah kulaka warta (8/a)
Anиng kuta Probolinggo (8/o)
Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
Kariya slamet wong ayu (8/u)
Pun kakang pamit palastra (8/a)
Megatruh
Sigra milir sang gиthиk sinanggga bajul (12/u)
Kawan dasa kang njagani (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
Sinangga ing kanan kиring (8/i)
Sang gиthиk lampahnya alon (8/o)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...