Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Jimat

(Cerkak Dening Bambang Khusen Al Marie)

Dina iki esuk uthuk-uthuk aku wis adus jibar-jibur ana kolah. Sabun siji sengaja dakentekake supaya awakku wangine kambus tekan dalan gedhe. Ini dina kang mirunggan, istimewa. Ing dina iki aku ditimbali Bendara Pao Ling, tuan tanah kang sugih mblegedhu. Apa ora jeneng beja kemayangan?

Bendara Pao Ling sakjane dudu wong liya kanggoku. 30 taun kepungkur dheweke ajeg gulang-gulung karo aku sakanca. Nalika semana uripe iya mung pas-pasan, padha karo aku sakanca kabeh. Sapanyana saiki duwe tanah kang jembare ngambrah-ambrah. Perumahan, toko swalayan, pom bensin, kabeh diduweni.

Senajan abandha-bandhu sugih mblegedhu, Bendara Pao Ling ora lali marang kancane. Ora dupeh sugih banjur kaya kacang lali karo kulite. Babarpisan ora! Nyatane dina iki aku tinimbalan. Hehehe….aja ngiri kawan!

Mancik pelataran dalem kapaolingan sikilku ndhredheg, tanganku wel-welan. Latar bawera amba kaya lapangan bal-balan iku tinatan suket ijo kaya babut gumelar. Pepeg, rata, dempek, ngungkuli sukete stadion Nou Camp.  Nganti suwe aku mikir sandhalku tak copot apa ora. Nanging satpam ing kono aweh sasmita supaya aku mbacut wae.

Akhire aku tekan regol binaya mangap. Patung baya sakembaran mapag tekaku kaya mbagekake. Ukiran Jepara ing sisik baya kaya pinrada emas, njenggereng mrebawani. Dakrasa githokku kandel kaya arep cinucup srenggala.

Nanging rasa wingit sakal ilang nalika weruh Bendara Pao Ling sumringah mapag tekaku. Aku enggal nekuk boyok maju (hormat maksude) kaya patrape salumrahi abdi kang tinimbalan. Senajan dhisik kanca dolan mesthine patrapku kudu njumbuhake karo kahanan saiki. Ora ilok yen wong sudra sempali kaya aku ngatonake laku murang tata marang wong sugih blegedhu kaya Bendara Pao Ling iki.

Sawise sapejagong sawatara kanthi rada-rada kikuk, Bendara Pao Ling banjur aba marang juru masak supaya satata dhahar. Wah sajake aku arep dijak dhahar bojana andrawina iki. Waduh blaik! Iki ora kena. Dhahar karo priyayi luhur ki ora gampang tata kramane, kudu nguwasani table manner barang. Etika mangan-mangan kang sopan miturut tatanan internasional. Mesthi wae wong cilik ongklak-angklik kaya aku ora mudheng blas. Mula aku age-age matur mumpung durung kebacut, mundhak malah ngisin-isini.

“Nyuwun agunging pangapunten Ndara.  Kula kedah enggal mantuk awit badhe mapag anak ingkang sekolah wonten TK. Sanes wekdal mawon kula ndherek dhahar wonten mriki. Kula namung badhe miterang bab serat panyuwunan kula sewulan kapengker, Ndara!”

Ndara Pao Ling, nyedhot cerutu Kuba kanggo kang pungkasan. Pega kumelun nampeg raiku, njalari dhadhaku krasa seseg. Wis suwe aku ora udut rokok apamaneh cerutu, jarene ora apik tumrap kasarasan. Sing  cetha genah  ora kuat tuku, kalah karo butuh susu kanggo anak.

Tegesan cerutu cinecek ing asbak ukir-ukiran, binarung dhawuhe Ndara Pao Ling kang dakantu-antu.

“Yoh aku wis mangerteni bab layangmu sing arep utang dhuwit 10 juta. Nanging aku duwe pertimbangan seje ing bab iki. Kowe arep tak wenehi barang kang ajine ngungkuli dhuwit, waton kudu kokleluri tenan, kok gegem kenceng, kok ugemi!”

Atiku bungah, mesthi barang kang arep diparingke kuwi genah barang kang banget aji.

“Maturnuwun Ndara! Peparing jengandika badhe kula tampi kanthi amanah, kula cakaken kanthi tliti ngati-ati, boten mubazir, boten reropyan, muhung kangge mentas saking panandhang. Gusti!”

Ndara Pao Ling mlebu dalem. Ora suwe nuli miyos ngasta kotak warna mas sinangling. Mencirit mblerengi, tanda mesthi kang sinimpen ing njerone barang kang aji. Kotake wae warna kuning emas, mesthi njerone nek ora mas batangan yo koin dinar. Lan sajake kothak iki kang bakal kaparingake. Oh, bungahku!

“Iki dak wenehi barang kang wis njalari aku dadi kaya ngene iki. Ning welingku kowe kudu tansah teteg, jejeg, meleng, anteng, jingleng marang tujuan uripmu. Aja kongsi tolah-toleh marang nasibe liyan, sebab rejekine manungsa mono wis diatur kang Maha Kuasa. Didohi sifat drengki, iri, dahwen panasten pati open. Sing jujur apa mesthine, yutun tansah sregep nyambutgawe. Lan aja lali ngibadahe!”

“Nggih Gusti!” Aturku cekak merga aku wis ora konsen marang dhawuhe Ndara Pao Ling. Mripatku mung nglirik kothak emas kui. Byuh gek pirang atus juta kuwi mengko ajine. Lan sajake pancen arep kaparingake aku. Oh, batinku jejogetan!

“Nyoh tampanana!” Dhawuhe Ndara Pao Ling manteb.

Dak tampani semu ndhredheg. Awakku adhem panas tampa kanugrahan iki. Ora sranta aku enggal-enggal nyuwun pamit. Rada rikat lakuku nganti arep nabrak patung munyuk ngarep blumbang. Daya-daya enggal-enggal tekan ngomah. Selak mbuka isine kothak emas iki.

Dok! Mlebu omah aku jelih-jelih marang bojoku, “Bune! Cepet mreneya. Cepet!”

“Bune! Gek enggal to!” Ambalku luwih sora nalika bojoku durung kober mingset. Wong kok ora peka karo kabar apik. Ngglendhet!

“Iya Pakne! Sabar to. Gek ana apa ngono lho!”

“Iki lho Bune! Iki, solusi masalahe dhewe kang bundhet sawatara sasi. Dhisik awake dhewe rak kapusan nganti modale entek gusis. Nganti nek ana pesenan mebel aku wis ora sanggup nandangi merga ora ana pawitane. Lha aku banjur matur karo Bendara Pao Ling nyuwun ngampil arta 10 juta wae. Ee, lha kok malah diparingi kang ajine luwih gedhe. Mung kudu sabar ngecakake Bune. Iki lho wujude. Mesthi iki isine mas picis rajabrana. Nek ora emas batangan yo mesthi koin dinar. Wah bisa kanggo pawitan nyambut gawe Bune.”

“Tenane Pakne!” aloke bojoku sinambi nubruk aku. Saking bungahku, dak ambung pipine kiwa tengen. Sengok! Sengok Aja ngiri lho kawan…

“Wis gek dibuka Pakne!” Bojoku ora sranta.

Age-age kothak dakbukak alon-alon. Byak katon isine, cetha wela-wela. Sawijining buku karyane motivator kondang kemasan hard cover kanthi judul : 1001 CARA MENJADI ORANG KAYA.

Blug! Sakal bojoku semaput! Aku mung bisa ngoweh karo tolah-toleh!


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2017/07/23/jimat/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...