Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Iwakku Endi?

 Ya iki kang diarani begja kemayangan. Kabegjan kang gedhene tumpuk undhung. Ingatase aku lho, wong ceplik ongkak-angkik kang mung lungguh dhingklik, kok antuk undangan buka pasa bareng ana ing sawijining restoran ing Jogja. Papane buka bareng ana ing restoran Ny. Suharti Jogja. Sawijining papan kuliner kang kawentar uueenaak rasane. Aku dhewe durung nate jajan mrono, mula banjur kepengin mangkat. Sisan golek pengalaman kuliner ing papan kang rada gengsi sithik. Lumayan, sesuk bisa kanggo pawitan umuk yen jejagongan ing gardhu. Wah, si Sranta kancaku rondha mesthi gawok menawa sesuk dakcritani. Mesthi banjur ngomong, “Woow….!” ngono.

Pancen restoran Ny. Suharti jumbuh karo kondhange. Kawentar kadidene restoran gedhe, jenggerenge bangunan restoran katon sembada. Manggone ing dalam gedhe Jogja-Solo, papan parkire amba. Uga sumadiya maneka ruang kanggo rapat. Aku sakanca uga dipapanake ing sawiji ruangan kang jembar gilar-gilar. Ing tengah ruangan ana lampu robyong. Ing ngisor lampu kang pating krelip wus tinata meja-meja dawa papan kanggo cecawis dhaharan maneka warna. Wah, jiaaan…aku rumangsa mongkog lan bombong. Tukang kayu kaya aku bisa melu dhahar kembul prasmanan ing restoran kang megah kaya ngene.

Dene kang ngundang aku sakanca ora liya Bendara Rustamaji, utawa asrng kaceluk Ndara Rus. Sawijining juragan perumahan kang sugih ing kutha Jogja. Nalika samana aku kalebu tukang kayu kang diandelake nandangi sakeh gaweyan ing perumahan kono. Kabeh kusen lan pintu-jendela ing perumahan kang digarap Bendara Rus iku, aku kang yasa. Mula nadyan mung wong ceplik aku dipapanake ing ngarepe Bapak Manager Budiyanto. Supaya katon. Apamaneh aku kalebu tukang senior ing kono, kang ndhisik melu bebadra usaha perumahan kasebut. Dene tamu undangan buka bareng liyane racak-racake para mandor lan para bas borong kang nggarap omah ing perumahan kasebut. Uga rawuh para juragan kang asok pasir lan bahan bangunan liyane. Dadi sebagian gedhe kang rawuh para priyayi sugih.

Adicara ing sore iki buka bareng ngiras pantes rapat akhir tahun kanggo ngrancang rantaman pagaweyan sabubare lebaran besok. Rapat dipandhegani dening manajer perumahan, Bapak Ir. Budiyanto, MSc, IAI. Sawijining arsitek lulusan Amerika kana. Pak Budiyanto arsitek landskap kang mumpuni. Mula perumahan kagungane Bendara Rustamaji racak-racak endah sesawangane. Ora aneh menawa omahe laris banget kaya kacang goreng. Durung ana rong tahun ngadeg perumahane Ndara Rus wis kasil adol atusan omah. Iku dadi berkah kanggone wong cilik kaya aku sakanca. Bisa sempulur ndherek nyambut gawe ing kono.

Kabeh tamu kang rawuh antuk giliran pidhato. Kalebu aku kang kinen makili uneg-unege para tukang kang nandangi proyek perumahan iku. Nanging bawane weteng ngelih marga pasa, aku wis ora konsentrasi babarpisan. Wetengku pijer kluruk njaluk sega. Mula bareng entuk giliran ngomong aku mung muni cekak aos. Pamrihku supaya rapate enggal-enggal rampung.

“Kula sakanca sampun marem ndherek nyambut damel wonten mriki. Boten wonten uneg-uneg, usulan lan panyaruwe. Mangga dipun lajengaken kemawon!”

Buka bareng kok sisan rapat ya jelas gak main blas. Apamaneh juru ladi wis ngubengake tampah saka nam-naman rotan. Isine iwak bakar gurameh sing mak nyuss rasane. Pegane iwak bakar isih kumelun. Gandane arum gurih. Bakarane radha gosong sithik semu-semu nglenga. Aku ngowoh nyawang tanpa kedhep, wong persis ana ngarepku. Jangkrik! Kuwi mesthi enak tenan. Kala menjingku munggah mudhun ngulu idu. Bola-bali aku nglirik jam ing tembok. Dakrasa kok lakune pandom jam rendhet banget.

Sadethik, rong dethik! Samenit, rong menit! Akhire, dhung…dhung…dhung! Keprungu swara bedhug saka speaker restoran mau, tandha shiyam ing dina iku wus sampurna. Saiki wektune buka. Bapak Manajer Budiyanto banjur ngaturi marang kang rapat supaya ngunjuk dhisik kanggo mbatalake pasa.

Nanging gegandhengan acara rapat isih akeh, Bapak Manajer ora leren anggone ngendhikan. Ana salah siji bas borong kang protes merga dipotong gaji kanggo para satpam kang jaga perumahan sasuwene libur dina lebaran. Swasana rapat dadi panas.

“Pak perumahan iku rak duweke pengembang. Mosok bas borong kang didhawuhi bayar satpam? Mesthine ya wis dicukupi pengembang. Satpam lan sapiturute rak pegawene pengembang?” ngono protese salah sawiji bas borong mau.

Aku selak ora sabar. Kapan bukane yen udur terus tanpa ana tampunge. Selak wektu maghrib entek. Mula kanthi nekad lan lancang aku banjur matur marang Bapak Manajer.

“Pak Manajer, mbok shalat maghrib rumiyin lajeng dhahar kembul. Mosok niki wektune sampun molor meh setengah pitu kok dereng maghrib. Terus dhahare kapan?” ngono aturku karo ndhredheg wel-welan. Matur ing ngarsane para priyayi sugih sejatine aku ora wani, kepeksa daklakoni marga weteng selak luwe.

“Mengko dhisik Pak, iki tanggung! Dakrampungke sisan urusane karo para bas borong iki. Dimen padha ngerti karepe piye. Supaya padhang sisan. Yen sampeyan arep ndhisiki shalat maghrib ya kena. Kae masjide ana ing mburi.” Jawabe Pak Manager Budiyanto.

Aku banjur pamit arep maghrib dhisik. Mushala restoran mau jebul adoh ing mburi. Papan wudlune malah ora metu banyune. Aku clilang-clileng nggolek banyu wudlu. Sawijinng pelayan nuduhake papan kang rada adoh, ing cerak pawon restoran. Wah ganda gurameh bakar saka pawon ndulek irungku, dadi kepikiran terus. Shalat maghrib kang kudune khusyu’ dadi ra jenak blas. Daya-daya enggal mothel-mothel daging gurameh kang arum kumebul kae mau. Maklum aku wong ndesa yutun. Mangan panganan kaya ngono durung tau babarpisan .

Sawise maghrib aku tumuju menyang ruang rapat maneh. Rampung maghriban dhisik ateges bisa oleh kalodhangan kang longgar kanggo nikmati daging gurameh bakar. Hem…mesthi maknyuss kaya ujare pakar kuliner Bondan Winarno kang asring nampang ing televisi kae.

Nanging kaya ngapa kagetku, jebule acara kembul wis kawiwitan. Lho, kok padha ora maghriban dhisik ta? Lho, kok malah sebagian wis rampung anggone dhahar. Lhadalah, endi iwak gurameh gedhe ing tampah rotan mau? Aku clilang-clileng nggoleki. Lhoh, kok jebul wis gusis daginge. Trembelane! Aku mung disisani endhase thok.

“Waaah, sampeyan kesuwen sing maghriban! Menu utama wis entek gusis! Kae lho, isih ana tempe goreng. Lumayan kanggo ganjel weteng!” Ujare Mandor Sukri nalika weruh aku mung lingak-linguk.

Wekasan aku buka kanthi lawuh tempe goreng. Iku menu kang ora dijamah blas dening tamu kang rawuh. Pak Manajer Budiyanto kang weruh aku mung oman tempe thok, katon ngampet guyu. Asem tenan, malah digeguyu! Wis kujur tenan awak mami. Kepengin mangan ing restoran kondhang malah mung mangan tempe goreng. Ngono kok ya adoh-adoh tekan Jogja. Apes!


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/06/15/iwakku-endi/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...