Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Juragan Minyak

 Sing jeneng beja kuwi ora ana rumuse. Ora bisa ditiru. Uga ora bisa digoleki. Sing jeneng beja kuwi kari nemu. Sebab kabejan kuwi peparinge Gusti Allah. Kaya nasib kang dakalami sesasi kepungkur. Aku entuk rejeki nomplok kang ora daknyana sadurunge.

Ana proyek dalan tol Solo-Jogja. Wis genah akeh tanah kang dibebasake. Akeh kang antuk ganti untung. Saiki mono wis dudu jamane wong cilik diidak nasibe. Saiki wis dudu jamane lemah kanggo liwat dalan tol mung diajeni saiprit. Ora! Saiki ijole tanah pengajine tikel tekuk. Kaya tanahku kang uga kaliwatan dalan tol. Tanah sepathok ambane 2000 meter payu 6 milyar. Yen durung ngerti dhuwit 6 milyar, dakkandhani. Iku angka 6 kang mburine ana barisan angka nol cacahe 9. Lho rak akeh banget ta?

Kabejanku kang gedhe banget mau tetela durung kemput. Lagi seminggu tampa dhuwit Mas Jono, kang tanahe uga katrajang tol, teka ing ngomahku karo nggawa proposal kang gawe gawok.

“Iki mobil siji regane karo tengah milyar Dhik. Mobil kuwi dadi duwekmu. Surat-surat mobile mengko kogawa dhewe. Dene perusahaan mung nglakokake mobil mau kanggo dodolan minyak. Lha, saben telung sasi sliramu antuk dum-duman bathi. Gedhene 500 yuta. Coba pikiren, rak bisnis kang banget untung ta kuwi?” ngendikane Mas Jono njlentrehake.

Aku ndeleng proposal iku tanpa kedhep. Rada klemun-klemun mripatku weruh angka-angka kang cacahe akeh banget. Pancen bener kandhane Mas Jono, kurang luwih pambagine bathi ya samono mau. Aku manthuk-manthuk. Mas Jono tanggap.

“Piye gelem melu ta? Dhuwitmu ben aja nganggur. Dhuwit akeh kuwi gampang nekakake kanca. Sebab dhuwit kuwi kancane ya dhuwit. Yen dhuwit mung kosimpen ing bank, antuke ya mung bunga kang sethithik. Rugi ta Dhik?”

Aku bali manthuk-manthuk. Bener kandhane Mas Jono. Ana ing bank dhuwit kuwi manak ora sepiroa. Paling akeh saben sasi mung 30 yuta. Kamangka dhuwit yen disimpen terus malah inflasi. Ajine bunga ora nututi susute dhuwit marga inflasi. Rugi! Apa becike dakcobane dhisik wae. Jare telung sasi bali. Mengko yen ora netes ya wis ora susah diterusake. Pancen ana resikone, nanging kapan majune yen ora wani nempuh resiko? Mung 1,5 milyar. Nadyan akeh, nanging aku rak duwe luwih saka samono.

“Piye Dhik? Yen gelem sesuk bareng aku ndaftar sisan dadi anggota?” Mas Jono terus ndheseg.

“Aku melu mas. Sapaket dhisik. Aku njupuk truk tangki sing jaremu bathine paling akeh,” wangsulanku mantep.

Mas Jono sajak gumbira awit rumangsa entuk kanca. Wis seminggu iki dheweke wira-wiri mara menyang omahku kanggo mbujuk aku supaya gelem melu. Lan dina iki dheweke kasil.

Dina sesuke aku bebarengan kalawan Mas Jono tumuju ing kantor investasi kang kasebut ing brosur proposal. Ing kono aku sakloron ditemoni dening Pak Riko, kang ngakune manajer investasi.

“Mangga dipun waos lan sasampunipun sarujuk lajeng dipun tapak asmani,” ujare Pak Riko grapyak.

Tanpa mikir dawa berkas kontrak daktandhatangani. Banjur aku diwenehi kertas kontrak kang nyebutake menawa aku setuju nandur modhal ing bebadan kasebut kanthi total pengaji 1,5 milyar. Uga disebutake ing kono, telung sasi maneh aku bakal nampa bagian saka bathine usaha mau kang pengajine 500 yuta.

“Mangga dipun pirsani kados menapa mobil panjenengan,” pangajake Pak Riko marang aku sakloron.

Aku lan Mas Jono tutwuri Pak Riko kang tumuju gudhang mburi kantor. Ana mobil tangki cacahe 2 kang isih anyar gres.

“Mobilipun kados makaten nggih. Mobil menika mangke kagungan panjenengan sekaliyan menawi arta sampun kula tampi. Mobil menika kagem disitribusi minyak goreng ing saindenging pulau Jawa. Mangke tigang wulan malih kontrak sampun telas, mobil badhe ngandhang lan dipun servis. Arta panjenengan wangsul wetah taksih katambah bebathen ingkang agengipun 500 yuta. Menawi penjenengan taksih badhe investasi malih panjenengan kedah teken kontrak enggal. Sampun terang nggih bapak-bapak?”

Aku sakloron manthuk-manthuk tandha wis ngerti marang dhawuhe Pak Riko. Sabanjure wong telu bali menyang kantor saperlu lung tinampa dhuwit kang cacahe 1,5 milyar. Sawise dhuwit dakpasrahake, Pak Riko masrahake bukti investasi lan surat kontrak.

“Sah nggih bapak-bapak. Samenika panjenengan sekaliyan dados warga ageng PT Petrajaya. Distributor minyak goreng ing pulau Jawa. Panjenengan sekaliyan sampun dados juragan minyak!” ujare Pak Riko mantep.

Aku sakloron ninggalake kantor investasi iku kanthi kebak pengarep-arep. Pancen wong beja ki angel rumuse. Nek ora kapilih dening Gusti kang andum rejeki, wah sengara nemu dalane. Nanging yen kapiji, gampang kaya wong nemu duren runtuh.

Telung sasi candhake, esuk-esuk Mas Jono wis ngampiri aku. Kaya unine layang prajanji dina iki aku sakloron tampa dhuwit bebathen. Mula age-age aku mruput menyang kantor. Labet saka anggonku kepengin enggal-enggal weruh asile.

Tenan. Pak Riko wis mapag tekaku kanthi esem kang sumringah lan tanduk kang grapyak.

“Mangga-mangga para juragan minyak. Mangga pinarak rumiyin. Kula pendhetaken arta bebathenipun.”

Aku sakloron lungguh ing kursi empuk motif ukiran njeparanan. Kantor iki katon mewah kanthi mebeler kang larang regane. Adhem lan seger hawane saka mesin AC kang nggereng lirih. Daksawang ing sisih kana ana sawetara pawongan kang uga niyat investasi. Kacihna padha nggawa tas gedhe-gedhe lan madhet. Genah isi dhuwit tas iku.

“Wah abot sanget!” aloke Pak Riko.

Aku sakloron kaget dening tekane Pak Riko kang ngasta bondhotan ransel cacah loro. Bondhotan ransel iku diselehake ing dhuwur meja.

“Menika arta bebathen panjenengan. Saben tas menika isi 500 yuta. Mangga dipun etang rumiyin,” dhawuhe Pak Riko.

Bondhotan tas dakbuka. Katon mintip-mintip isine dhuwit bendhelan nyepuluh yuta. Isih anyar gres saka bank. Aku mung ngetung cacahe bendelan mau sebab percaya nek dhuwit saka bank mesthi cocok jumlahe. Bener gunggunge bendhelan ana 50 iji. Ateges totale 500 yuta. Dhuh Gusti, aku nganthi sumlengeren.

Pancen aku nate weruh dhuwit kang cacahe luwih saka iki. Dhek biyen nalika tanpa dhuwit ganti untung tol malah cacahe luwih akeh. Nanging kuwi rak dhuwit pepayon lemah. Nek iki, masya Allah, dhuwit bathi. Mung telung sasi antuk 500 yuta. Dhuh, apa ora jeneng wong beja tenan.

Daksawang Mas Jono isih ngetung isine tas. Dheweke katon ngacak salah siji bendhelan lan dietung kanthi premati, salembar mbaka salembar.

“Menika arta sedaya Pak,” ujare Pak Riko geguyonan.

Mas Jono mung nanggapi kanthi mesem, sajak isih mugen anggone ngetung dhuwite.

Sawise rampung anggonku sakloron ngetung dhuwit Pak Riko nerusake ngendikan.

“Bapak-bapak arta bebathen panjenengan sampun dipun tampi nggih. Samenika panjengan badhe nerasaken anggenipun investasi menapa cekap samanten kemawon. Menawi badhe nerusaken mangga teken kontrak malih kangge tigang wulan. Menawi boten samenika ugi arta investasi panjenengan badhe kula wangsulaken. Nanging karana kedah ngrampungaken sawetawis berkas, arta panjenengan nembe sage cair benjing.”

“Terus Dhik. Aku terus!” Mas Jono mbisiki kupingku.

“Aku uga terus Mas. Wong wis ana buktine,” saurku marang Mas Jono.

“Kula kekalih sarujuk badhe investasi malih Pak. Malah menawi kepareng kula badhe tambah investasi malih. Menapa taksih wonten paket investasi enggal Pak?” pitakonku marang Pak Riko.

“Lho Dhik, isih duwe dhuwit ta?” pitakone Mas Jono marang aku.

“Isih Mas,” wangsulanku lirih.

“Wah aku sajane ya pengin tambah kaya sliramu Dhik. Nanging dhuwitku wis entek.”

Pak Riko mesem weruh anggonku rerasanan. Sajake isih mikir-mikir. Banjur ngendika kanthi sopan.

“Bapak-bapak, sejatosipun ingkang antri badhe investasi kathah sanget. Kedahipun panjenengan nengga giliran. Nanging karana panjenengan investor lami lan sampun suka bukti kaprecayan dhateng perusahaan menika, mila kula dhinginaken. Benjang menapa arta badhe dipun setor?” pitakone Pak Riko.

Aku seneng banget krungu dhawuhe Pak Riko. Malah saking bungahku dina iki uga bakal daksetor dhuwit investasi anyar kang gunggunge 1,5 milyar mau.

“Supados boten mindhogaweni, prayogi arta ingkang 500 yuta menika kula titip ing mriki rumiyin. Mangke kula kantun nambah 1 milyar. Dospundi Pak?”

“Ngaten inggih langkung sae. Kula boten perlu ngetang malih. Menika kula damel tandha terima ingkang 500 yuta. Mangke menawi sampun jangkep nembe kula caosi serat kontrak.”

Aku age enggal-enggal bali njupuk dhuwit 1 milyar. Mas Jono kang weruh sajak meri. Katon pasuryane ngemu cuwa dene dhuwite wis entek.

“Wah Dhik, umpama wingi ora daknggo mbangun omah dhisik, rak iya aku bisa investasi maneh. Dhuh, wus kebacut Dhik,” ngendikane Mas Jono katon ngresula.

“Ora papa mas. Sesuk bathine diklumpukake terus kanggo investasi maneh. Sangang sasi maneh rak wis padha mbokne ta Mas?” wangsulanku nglipur Mas Jono.

Dhuwit 1 milyar wis daksetor kanggo ngganepi investasi. Aku uga wis tampa surat bukti lan surat kontrak anyar. Gandheng wis ana buktine aku saiki wani ngomong marang tangga-tangga lan kenalan.

“Aku iki jugaran minyak. Duwe truk tangki loro kang mubeng ngiteri tanah Jawa. Asilku saben telung sasi 1 milyar!”

Mesthi wae aku ora mung waton pamer, nanging uga kudu sembada. Minangka juragan minyak kang asile 1 milyar saben telung sasi ora sumbut yen mung seneng pamer thok. Mula saben ana adicara sosial aku mesthi melu cucul wragat. Ana pagelaran wayang kulit ing balai desa, aku nyumbang 10 yuta. Ana adicara pengetan dina kamardhikan ing kampung, aku ngepyurake dana 5 yuta. Khitanan masal, 20 yuta. Mbangun masjid 50 yuta. Lan isih akeh maneh adicara sosial kang aku melu urun dana. Kabeh kudu selaras lawan profesiku kang anyar, juragan minyak.

Ora krasa telung sasi wis kelakon. Dina iki wayahe tampa bathi kang kapindho. Mas Jono wis mruput ngampiri. Enggal-enggal aku sakloron budhal kanthi nitih mobile Mas Jono kang anyar.

“Mipik mobil anyar Mas?” pitakonku ing dalan.

“Iya Dhik. Iki dhuwit bathi wingi kae. Patang atus yuta iki Dhik.”

“Layak mobile angler mas. Kaya ora ana gronjalane.”

“Ha..ha…iya Dhik. Mengko apa sliramu arep tambah investasi maneh Dhik?”

“Aku arep tambah siji maneh Mas. Menawa isih ana lowongan. Iki aku wis gawa 500 yuta mas. Ben mengko rasah bali mulih.”

“Lho, kok isih akeh dhuwitmu Dhik?”

“Ya mung kari iki Mas. Wingi kang 3 milyar wis daktumbaske tanah minangka ijole tanah lawas kang ketrajang tol. Daktumbaske ana ing cerak bypass Mas. Rencana mbesuk arep daknggo mbuka toko kelontong. Telung sasi maneh rak entuk 1,5 milyar saka telung paket investasi. Bisa kanggo mbangun gedhunge Mas. Banjur telung sasi candhake, rantamanku toko wis bisa diisi barang-barang. Dadi nem sasi maneh aku wis duwe usaha anyar Mas.”

“Apik Dhik caramu ngatur dhuwit. Aku salut. Yen aku kok ora bisa. Mbok wedok ki selak pengin blanja wae. Saben malem Minggu ngajak neng mol. Wah, iya dhuwit saya suda. Nanging tujune dadi juragan minyak. Dhuwit kaya mbanyu mili. Telung sasi iki mbakyumu wis blanja entek 100 yuta Dhik.”

“Dadi dhuwit 500 yuta wis entek Mas?”

“Iya Dhik. Sing 400 kanggo tuku mobil iki. Sisane wis kanggo shopping mbakyumu neng mol.”

“Ha..ha.. blanja kok nganti 100 yuta gek mundhut apa wae Mas? Nanging aja kuwatir Mas. Dina iki panjenengan rak entuk 500 yuta maneh. Bisa kanggo blanja nganti taun ngarep Mas.”

Aku wong loro ngguyu ngakak. Wong beja pancen ora kaya aku. Ndhisik golek dhuwit kudu direwangi kedhungsangan nyambut gawe nukang kayu kang rekasane mencit. Kuwi wae asile durung ana saprasatuse saka kang daktampa saiki. Hem..pancen wong beja kuwi ora ana rumuse. Sapa ngerti aku banjur sugih mblegedhu kaya ngene. Dhuwit wutuh, gek isih tampa 1 milyar saben telung sasi.

Ngancik pelataran PT Petrajaya wis ana sawetara wong kang antri ing kono. Ora akeh, watara mung rong puluh wong. Sajake iki para investor kang arep njupuk bathi. Sawetara aku kenal, kaya Mas Gareng kang omahe pojok desa. Racak-racake wong kang ana kono sebagian gedhe wong-wong kang antuk pepulih saka sawahe kang katrajang tol. Nalika aku mudhun saka mobile Mas Jono, Mas Gareng mapag tekaku sajak gupuh.

“Lho sampeyan ya melu investasi Dhik?” pitakone.

“Iya Mas? Wis nem sasi iki,” wangsulanku.

“Melu pirang paket Dhik?”

“Loro mas.”

“Dhuh, isih beja kowe Dhik. Aku melu papat. Dhuwit 6 milyar dakcemplungke kabeh.” Mas Gareng katon syok.

“Ana apa Mas?”

“Lho, durung ngerti ta Dhik. Investore minggat! Wis seminggu iki kantor tutup lan barang-barange wis kukut entek. Gedhung iki wis kosong. Kae saiki polisi lagi nyidik perkara!”

Dhuh, aku sakal lemes. Atiku pepes marga dina iki aku ora sida antuk 1 milyar. Malah dhuwit pokok investasi kang jumlahe 2,5 milyar uga ilang musna tanpa lari.

Aku njegreg kaya tugu watu. Aku ora bisa kumecap maneh. Lan aku ora bisa obah tetulung nalika wong-wong ngrubyung Mas Jono kang semaput dadakan. Donyaku peteng!.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/09/20/cerkak-juragan-minyak/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...