Basa ngoko
alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko
nanging kurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman.
Pandhapuke basa ngoko alus yaiku basa sing nggunakake tembung-tembung ngoko
kacampuran tembung krama alus (krama inggil). Tembung-tembung sing kudu
nggunakake krama alus (krama inggil) yaiku tembung-tembung kang ana
sambung-rapete karo wong sing dikurmati utawa diajeni. Leksikon krama inggil ditrapake tumrap tembung aran (nomina), tembung kriya (verba), lan tembung sesulih purusa (pronomina), mligine pratama purusa.
Panganggone basa ngoko alus kanggo medharake utawa
mahyakake pacelathon ing pasrawungan,
yaiku kanggo:
(1) Wong tuwa
marang wong enom kang perlu diajeni. Tuladha:
“Dhik, sliramu mengko kondur arep nitih apa? Apa panjenengan mengko dipapag?
Apa kersa takdherekake?”
“Aku mau ngundhuh jambu akeh. Panjenengan apa kersa dakaturi? Yen kersa mengko dakaturi
sejinah.”
Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar, jalaran sesuk
ngendikane bapak simbah rawuh.
Basa ngoko alus nduweni titikan kaya ing
ngisor iki :
(1) Tetembungane ngoko kacampuran
krama inggil tumrape
wong kang diajak
guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap
awake dhewe nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap.
(2)
Tembung
sesulih purusa (kata ganti orang)
panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang luwih
enom), panjenengane utawa slirane.
(3) Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrap wong kang
diajak guneman (orang kedua) lan wong
kang digunem (orang ketiga). Tembung
kriya tumrape wong kang guneman (orang
pertama) cukup nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap.
(4) Ater-ater
lan panambang tumrap tembung krama inggil utawa krama andhap tetep ngoko.
Katrangan:
Kanggo luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko lugu lan ngoko
alus, coba gatekna tuladha ing ngisor iki!
(1) Bim, kowe duwe kamus basa Jawa
apa ora?
(2) Bapak wis kondur saka kantor,
dene Ibu malah tindak arisan.
Ukara (1) kabeh tetembungane
ngoko (yaiku tembung kowe, duwe, kamus, basa, Jawa, lan ora). Ukara (1) mau
diarani ukara kang nggunakake basa ngoko
(ngoko lugu).
Ukara (2) iku tetembungane
ngoko (yaiku wis, saka, kantor, dene, malah, lan arisan), nanging kacampuran
tembung krama inggil, yaiku tembung kondur
lan tindak. Tembung kondur iku basa ngokone bali/mulih, dene tembung tindak basa ngokone lunga. Tembung bali/mulih lan
lunga ora digunakake ing ukara iku
amarga kanggo ngajeni wong sing digunem (orang
ketiga), yaiku bapak lan ibu. Yen tembung kondur kaganti nganggo tembung bali/mulih,
kurang trep karo undha-usuk utawa unggah- ungguh basa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar