Translate

Jumat, 26 Juli 2024

Basa Ngoko Lugu

Tembung ngoko tegese tanpa tata basa utawa pakurmatan (Poerwadarminta, 1939:422). Tembung ngoko asale saka tembung wod [ko] kang dirangkep  dadi  [koko], banjur diater-ateri [ang] dadi [ngoko]. Tembung [ngoko] iku tembung lingga, tegese ater-ater [ang] iku kanggo ndhapuk tembung lingga, dudu tembung tanduk. Tembung (leksikon) ngoko mujudake dhasar kanggo pandhapuke tembung krama. Basa ngoko lugu iku basa kang tembunge ngoko kabeh, dene tembung aku, kowe, lan ater-atere [dak, ko, di], apadene panambang [ku,mu, e, ake] ora owah, panggah wae (Padmosoekotjo, 1953:45).

Basa ngoko lugu kuwi lumrahe mahyakake (medharake) pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata:

a)     Pacelathon ing antarane sapepadhane kang wis kulina banget.

b)     Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.

c)     Pacelathon wong tuwa marang bocah utawa wong kang luwih enom.

d)     Digunakake nalika ngunandika utawa omong dhewe.

e)     Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Apa titikane tembung ngoko kuwi? Ora kabeh tembung ngoko ana titikane. Mung saperangan bae sing bisa diterangake titikane adhedhasar wujude tembung iku sing katon. Upamane adhedhasar ater-ater (awalan) utawa panambang (akhiran)  sing ana ing tembung iku. Lire, tembung-tembung sing oleh  ater-ater di-, panambang

–(n)e, utawa –(k)ake lumrahe kalebu golongane tembung ngoko. Tuladhane:

Ater-ater [dak/ko/di]

Panambang [e/ne]

Panambang [k-ake]

disilih, dituku, dikongkon, dibanting, kotuku, kosilih, daktuku, dakgambarake, daksilih, dakkongkon, lsp.

Sikile, parine, gambare, bukune, nyilihe, pipine, digambarne, disilihne, lsp.

nulisake,         macakake,

nyilihake,         ditulisake, ditukokake, lsp

 

Tuladhane ukara kang nganggo  basa ngoko lugu, kaya mangkene:

“ Aku mung bisa nginep sawengi lho” ujare Triana.

“Iya, aku mengko bengi ya turu kene. Ndeleng mengko piye,”aloke Heni.


“Jane-jane iki ana apa ta, Mbak, kathik ngundang awake dhewe kudu mulih kabeh? Ana prakara apa ta sing ora bisa dikandhakake liwat telpon?” takone Triana maneh.

 

Pethikan pacelathon ing dhuwur kabeh tembung-tembunge ngoko. Kang nindakake pacelathon iku isih sedulur kang raket banget, yaiku antara Heni karo Triana adhine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...