Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Pupuk Subsidi

 Nasib petani ya pancen ngene iki. Sarwa rekasa. Wiwit nyeblokake winih, wis angel golek tenaga. Durung wayah ngelebi tanduran, kudu rebutan banyu. Tanduran wiwit tangi kudu saben dina menyang sawah njabuti suket. Sedhela maneh kudu ngrabuk. Nanging wayah ngrabuk supaya tanduran thukul subur, malah rabuk langka. Pancen sarwa rekasa. Kaya nasibku iki, wis seminggu kiter golek rabuk mrana-mrene, kabeh toko ora gelem nglayani.

“Iki rabuk wis jatah petani desa Bero Kang. Dadi ora bisa dituku yen ora dening petani desa kana,” ngono ujare juragan Suprat nalika daktembungi nempil rabuk wingi sore.

“Iku mono pupuk subsidi, dadi ora saben wong bisa tuku. Kabeh wis duwe jatah dhewe-dhewe. Kudu dakcocogake dhisik karo daftare sapa-sapa kang wenang nampa. Lan jatah sampeyan wis entek wingi-wingi,” sambunge Juragan Suprat maneh.

Aku njegreg. Sawetara ora bisa kumecap. Atiku bingung awit tanduran jagungku wis seminggu iki telat dirabuk.

“Lha terus piye aku ngrabuk tanduran jagungku?” pitakonku marang Juragan Suprat.

“Ya nganggo rabuk non-subsidhi ta,” saure Juragan Suprat entheng.

“Yen sing ora subsidi pira regane?” pitakonku sawise mikir-mikir sawetara wektu.

“Telung atus seket ewu. Amarga barange langka,” wangsulane Juragan Suprat.

Aku kukur-kukur sirah kang ora gatel. Dhuwit samono genah akeh banget. Kamangka isih ana butuh kang kudu daktutup minggu iki. Anakku Cempluk sesuk Minggu piknik menyang Malang. Program wisata wajib saka sekolahane. Genah perlu sangu rada akeh, sebab nganggo nginep barang. Kamangka aku perlu rabuk patang karung kanggo tanduran jagung patang pathok. Genah si Cempuk bakal nangis gero-gero nek ora oman sangu. Dhuh, kepiye?

Jane piye to pamarintah iki. Gawe aturan subsidi kok cupet karo kabutuhane petani. Yen dietung saben sawah sapathok pupuk subsidine kurang nyakarung. Dadi tetep kudu tombok pupuk non subsidi. Nanging jebul regane larang banget. Petani kuwi asile mung sethithik. Genah ora cucuk yen rega pupuk larange samono. Kuwi wae asile durung mesthi maremake. Utawa bisa uga tandurane becik, nanging wayah panen jebul regane anjlok. Dhuh nasib…

Klunuh-klunuh aku metu saka tokoh Sejati Tani, toko kang kapiji minangka distributor pupuk lan benih subsidi. Kanthi sepedha onthel aku pit-pitan golek alam. Eh, sapa ngerti entuk pepadhang. Timbang ana sawah ati semplah nonton tanduran jagung kang wiwit abang godhonge, abang marga kurang rabuk.

Tekan palang sepur dumadakan aku ketemu kanca tani kang aran Sranta. Si Sranta lagi jagongan gayeng karo sawijining pawongan enom ing pangkalan ojek cerak palang sepur. Katon sajak wigati banget. Nalika weruh aku Sranta ngawe karo mbengok.

“Kang Sadrana, mrenea sedhela,” aloke Sranta.

“Ana apa Dhi?” pitakonku alon.

“Rabuk Kang. Kowe butuh rabuk apa ora? Iki ana rabuk murah. Mung kari sepuluh karung.”

“Pira regane Dhi?” pitakonku maneh.

“Satus seket ewu rupiah Kang. Mung kacek sethithik karo pupuk subsidi. Aku wis njupuk enem karung. Piye yen sisane kojupuk kabeh. Dadi genep 10 karung.”

“Lha endi barange? Ana tenan apa ora?” pitakonku nlesih.

“Barange isih ana ing gudang cerak bypass kana. Mase iki kang nduweni.”

Sranta ngenalake pawongan kang mau jejagongan karo dheweke. Pawongan mau ngathungake tangan ngajak salaman tanpa nyebut jenenge.

“Sanes barang kula Pak, nanging gadhahanipun distributor ingkang boten kaserap toko rabuk. Lajeng dipun saluraken dhateng sinten ingkang betah. Lha kula namung nempil, supados kanca tani pikantuk rabuk ingkang murah,” ujare pawongan enom mau kanthi sopan.

Sakala lega atiku. Eling esuk mau rega rabuk telung atus ewu ing toko Sejati Tani. Lha iki mung satus seket, meh padha karo rabuk subsidi. Wis rasah kakehan pikir.

“Aku gelem sisane sing patang karung mau. Iki dhuwite!” ujarku sambi ngrogoh kanthong.

Si nom-noman sajak bingar, banjur celathu, “Syukur bapak-bapak. Dados sampun jangkep 10 karung. Rabuk saged kula pendhet saking gudhang. Samenika salah satunggal kula aturi tumut kula dhateng gudhang. Artanipun dipun asta pisan. Mangke lajeng dipun bayar, lajeng dipun bekta wangsul pisan.”

“Sampeyan wae ya kang, sing melu mase iki. Aku arep menyang Jogja. Iki wis siap ngadhang bis,” ujare Sranta.

“Ya ora papa Dhi. Aku ya nganggur sedina iki. Mula banjur pit-pitan golek alam. Jebul nemu rejeki rabuk murah. Alhamdulillah,” saurku.

Sranta ngrogoh kanthongan, banjur masrahake dhuwit satusan ewu cacah 9 minangka pitukone rabuk. Dhuwit daktampani, banjur mlebu sak kanthi aman. Gandheng aku nyepedha, mula banjur daktitipake ing panitipan sepedha cerak palang sepur kono. Sabanjure aku dibonceng si Mas kang tawa rabuk. Sawise nyabrang palang sepur banjur terus nurut bypass. Sedhele wis tekan gudhang rabuk cerak Rumah Sakit Diponagara. Ini kono pusat rabuk kang bakal didum rata sakabupaten. Mula akeh truk lan pick up kang bongkar muat.

Si Mas banjur lapor satpam. Aku ora mudheng apa rembuge si nom-noman iku marang satpam. Sebab aku mung ana njaban pager. Ing kori pager ngarep ana papan larangan mlebu tumrap wong kang ora duwe kaperluan.

“DILARANG MASUK SELAIN KARYAWAN!” mangkono tulisan kang muni ing papan larangan.

Kang katon si Mas rada sauntara jejagongan karo satpam. Ora suwe metu marani papanku lungguh ing ngisor wit asem.

“Bapak, artanipun kula suwun saperlu kula bayaraken,” ature si nom-noman.

“Mangga Nak,” saurku sinambi ngrogoh kanthong.

Dhuwit kato tengah yuta wis pindah tangan. Si Mas bali mlebu, bablas menyang njero gudhang. Sedhela wis metu kanthi nggawa nota. Nota banjur diulungake marang aku.

“Menika nota panjenengan asta Pak. Kula badhe pados pick up rumiyin. Mangke rabuk lajeng kula dugekaken dalem panjenengan,” ujare si nom-noman kanthi sopan.

Aku mung manthuk. Atiku bungah. Bakal antuk patang karung pupuk kang regane murah. Sesuk bisa enggal ngrabuk. Jagungku ora sida kobong godhonge. Lan sing genah, kanthonganku uga ora katut kobong. Lan anakku si Cempluk bisa piknik kanthi gumbira. Sanggune cukup ora kurang, maklum anakku wis ndungkap remaja. Wis wiwit seneng blanja lan tetukon. Wis ben. Pancen bocah saiki adate ngono kuwi.

Si Mas nyetarter sepedha motore. Sadurunge ngegas isih kober pamitan.

“Sekedhap nggih Pak,” ujare tetep sopan.

Aku manthuk kanthi bungah. Daktunggu si nom-noman anggone golek pick up kanggo ngangkut rabuk.

Wis sawetara anggonku nunggu. Sepuluh menit, setengah jam, sajam wis kliwat. Si nom-noman durung ketok irunge. Aku wiwit goreh. Wektune wis awan. Wancine makan wedhus ing kandhang. Yen telat bisa-bisa wedhusku kang cacah telu gembrak-gembrek kaliren. Ngalamat mengko sore keno semprot Mbah Pujo awit anggone sare awan kaganggu suwarane wedhusku kang bengak-bengok.

“Duwe wedhus ki mbok dipakan ta, Dron. Ora gembrak-gembrek mbrebegi kuping. Wayah turu awan dadi ora jenak.”

Mangkono saben-saben panyaruwene Mbah Pujo nalika aku telat makan wedhus. Mbah Pujo kang pensiunan pegawe golongan papat pancen kurang tepa slira marang tangga. Kaganggu sithik mesthi muntap. Aku iya mung bisa menang, ngrumangsani salahku. Lan mengko sore ngalamat bakal kena dhamprat maneh.

Wis rong jam kliwat anggonku ngenteni bocah nom mau. Atiku wiwit ora kepenak. Gek-gek bocah kae mau mlayu ninggal janjine. Nanging umpama mlayu yo wis ben. Niatku pupuk arep dakgawa bali dhewe. Ing sakiwa tengene terminal mesthi akeh jasa angkut kang sumadiya. Becike aku ora susah ngenteni si Mas kae mau. Selak kesoren.

Aku menyat. Niatku langsung tumuju terminal kang ora adok saka gudhang rabuk. Mung udakara rong atus meter. Nanging sadurunge golek pick up aku perlu lapor dhisik marang pegawe gudhang supaya rabukku enggal disiapake. Mula aku banjur lapor satpam.

“Pak, kula badhe mendhet rabuk kula ingkang 10 karung. Menika notanipun,” aturku karo masrahake nota cilik kang diwenehake nom-noman mau.

Si satpam alise njengkerut. Karo njinggleng nyawang nota tangane kukur-kukur sirah.

“Niki nota menapa nggih Pak. Kados sanes nota saking gudhang mriki. Boten wonten kop serat lan stempelipun. Papan menika namung gudhang distributor. Boten wonten dol-tinuku rabuk,” ujare satpam semu gumun.

“Lho menika nota ingkang nyukane lare enem wau Pak. Ingkang kalawau sampun lapor panjenengan,” saurku alon.

“Lhoh, lare nem wau namung tanglet ingkang asmanipun Pak Budi, kepala gudhang ing mriki. Cobi kula matur Pak Budi rumiyin. Panjenengan kula aturi nengga sekedhap.”

Si satpam banjur mlebu menyang gudhang rabuk. Rada sauntara aku ngenteni. Sawise sawetara wektu si satpam katon bali.

“Pak Budi boten nate dipun panggihi lare enem wau. Ugi boten tepang lan boten sesambetan. Lare enem kalawau sajakipun tiyang damel-damel ingkang sengaja apus-apus. Pak Budi ngendika kalawau wonten nom-noman ingkang mlebet, nanging namung glibedan lajeng medal malih. Panjengan sampun kenging apus krama, Pak.”

Ujare satpam sopan, nanging ndhodhog dhadhaku kaya alu. Antep satemah aku lenger-lenger. Dhuwit karotengah yuta ilang. Kepiye anggonku bakal matur marang Dhik Sranta mengko. Sakal jagadku peteng.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2022/11/07/cerkak-pupuk-subsidi/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...