Translate

Senin, 29 Juli 2024

DHAPUKANE WERNA-WERNANING UKARA MITURUT WEDHARING GAGASAN

 

Kanggo medharake gagasan lan pamikirane manungsa nggunakake basa. Perangan paramasastra kang ngrembug babagan ukara diarani widya ukara utawa sintaksis (Sasangka, 2011:139). Kejaba ngrembug ukara, widyaukara uga ngrembug bab frasa lan klausa. Antarane ukara, frasa, lan klausa ora bisa dipisahake jalaran ana gegayutan siji lan sijine.

Adhedhasar surasane gagasan , ukara basa Jawa kapilah-pilah kaya mangkene:

a.        Ukara Carita

Ukara carita utawa kalimat berita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane:

(1)    Rikala aku liwat mau, ing protelon Gunungsari ana uwong kesrempet montor.

(2)    Sesuk ana upacara Bersih Desa ditindakake para warga kawiwitan jam siji awan.

 

b.        Ukara Pakon

Ukara pakon utawa ukara angnya iku wedharing gagasan wong kang guneman tumuju  marang  wong  kang diajak  guneman  supaya nglakoni utawa  nindakake


pakaryan. Wujude ukara  pakon ana werna-werna, yaiku:

1)        Ukara Pakon Larangan utawa Pamenging

Ukara larangan utawa pamenging iku padha bae karo ukara pakon, nanging asipat nglarang utawa menging ora nindakake solah, obah, utawa pakaryan. Tuladhane:

(1)             Aja pisan-pisan duwe pokal parigawe ala!

(2)             Kowe ora kena dolan yen durung sinau.

 

2)        Ukara Pakon Ngetogake

Ukara kang mratelakake ora merduli kepriye tumindake wong uga bisa ateges njaluk palilah supaya aja nganti dialang-alangi. Tuladhane:

(1)             Adhimu kareben dolanan neng jaba bae!

(2)             Kowe budhal lunga apa ora sakarepmu!

 

3)        Ukara Pakon Tumandang

Ukara kang surasane jejere ukara kudu nglakoni utawa nandang kahanan.

(1)             Adusa!

(2)             Kowe aja  lunga saiki!

 

4)        Ukara Pakon Tanggap

Ukara kang lesaning ukara kriya tanduk (kang bakal ditanduk pakaryan) kudu ditanduki pakaryan mau.

(1)             Kacang iki oncekana!

(2)             Pilihana kertas sing wis ora kangge kae, San!

 

5)        Ukara Pakon Nolak utawa Larangan

Ukara pakon kang surasane nolak, nglarang, utawa ora gelem nindakake samubarang utawa kahanan. Pandhapuke kadhangkala diwuwuhi tembung [aja]. Tuladhane:

(1)         Aja gelem, panganan iku  mawa racun!

(2)         Yen ora duwe dhuwit, ya aja tuku radhio!

(3)         Aja pisan-pisan kowe tumindak ala!

 

6)        Ukara Pakon Panantang

Ukara pakon kang ateges nantang, ngece, utawa nglulu. Tuladhane:


(1)         Antemen yen pancen kowe wani

(2)         Panganen kabeh, adhimu ora susah diwenehi, wong isih cilih wae kok!

 

7)        Ukara Pakon Panjaluk/ Paminta

Ukara pakon kang alus dadi ukara panjaluk utawa panyuwun. Sing disuwuni mesthi wae diajeni. Tuladhane:

(1)         Menawi dhangan ing penggalih, keparenga kula nyuwun ngampil kagunganipun titihan.

(2)         Dhik, nyuwun tulung bukuku gawakna!

 

c.    Ukara Sananta

Ukara kang andharane mawa surasa sumedya arep tumandang, karepe jejere ukara mau duwe karep arep tumandang utawa niyat tumandang dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih wujud niyat. Tuladhane:

(1)      Mengko aku dakngitung dhuwitku dhisik.

(2)      Sesuk awan aku arep lunga menyang pasar.

 

e.        Ukara Tandang

Ukara kang andharane darbe surasa sumedya kareben kelakon, karepe jejere ukara nganggep perlu panindak ing pakaryan, tumrap ing liyan. Tuladhane:

(1)      Buku kuwi dakjupuke!

(2)      Rini wis dakkabari, aku arep dolan mrana.

 

f.          Ukara Pangajak

Ukara pangajak iku padha bae karo ukara pakon, ukara sananta, utawa ukara tandang, mung kang diprentahake diajak bebarengan tumindak. Tuladhane:

(1)      Yun, ayo padha dolan-dolan neng Gresik, yo!

(2)      Mangga ta dipunentosi ngriki, sinambi lenggahan.

 

g.        Ukara Sambawa

Ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama, utawa sanadyan kang kang mratelakake pakaryan mau durung kelakon. Pandhapuke ukara racake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang [-a] utawa [-ana]. Tuladhane:


(1)      Muga-muga enggal kaparingana momongan!

(2)      Mrenea wiwit mau kowe ora bakal keluwen.

(3)      Tangisana nganti semaput dheweke ora bakal urip maneh.

 

h.        Ukara Prajanji utawa pasarujukan

Ukara prajanji gunane mesthi bae kanggo prajanji marang wong kang diajak guneman supaya ing besuke nglakoni apa kang kaprajanjekake. Ukara iki uga ana kang nelakake pasarujukan (persetujuan) antarane pihak kang gawe prajanji. Tuladhane:

(1)      Angger manut karo pituturku, njaluka apa bae keturutan!

(2)      Aku sarujuk karo sing mbok gunem.

(3)      Sapa sing setuju karo panemuku?

(4)      Yen tumindakmu luhur aku bakal nyengkuyung.

 

i.          Ukara Upama

Ukara upama iku meh padha bae karo prajanji, nanging yen ing ukara upama tangeh bisane dadi kanyatan apa kang kawedharake. Tuladhane:

(1)      Akonana luputmu, kowe mesthi oleh pangapura!

(2)      Aku ora bakal teka, kokrewangana nglumpati segara!

(3)      Upama aku iki kowe, kasugihanmu takgunakake kanggo karaharjane bebrayan.

 

j.          Ukata Pitakon

Ukara kang wedharing gagasan kepengin ngerteni apa kang durung diweruhi. Titikane nggunakake tembung-tembung pitakon [apa, sapa, kepriye, kapan, kena apa, ngendi lsp]. Tuladhane:

(1)      Kowe nggawa apa?

(2)      Kepriye kahanane warga kang kena bencana banjir?

(3)      Kena apa  ta teka-teka kowe nangis?

(4)      Apa kang diarani geguritan?

(5)      Kapan anggonmu lunga menyang Surabaya?

(6)      Sapa sing ngarang guritan iki?

(7)      Anggone tuku layanganana gendi?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...