Translate

Minggu, 28 Juli 2024

Rafa, Semangate Ndhalang Ora Pupus Kesaput Sindrom down

 

Sindrom dwon yaiku kelainan genetic kang disebabake kluwihan kromosom nomer 21 ing jero badan. Sok sapa wae sing nandhang kelainan iki, racake nduweni IQ/kalantipan sangisore rata-rata. Panandhang sindrom down anggone nyinaoni apa wae bakal suwe. Ewasemono bab kasebut ora mupus semangate Rafa sajrone makarya.

Bocah kang jeneng jangkepe Rafa Kusuma Atma Wibowo kasebut seneng wayang wiwit umure telung taun. Ludyarto Bimasena Wibowo, bapake Rafa kandha yen nalika kuwi kerep ngajak Rafa nonton pagelaran wayang ing kaset.

Ning ya ora sekabehane. Nontone mung saperangan wae kayata ing adegan gunungan, budhalan, perang kembang, perang gagal lan perang brubuh. Sebab panandhang sindrom down ora kena nonton suwe-suwe.

Anut lumakune wektu, ora cukup mungguhe Rafa mung nonton wae. Dheweke uga kepengin ndhalang, kaya idholane nalika semana, Ki Anom Suroto. Mula Ludy tansah asung panjurung marang kekarepane putra kinasihe. Lumantar nyepakake piranti mayang cilik-cilikan nang omah. Upamane kanthi nggawekake kelir, nyedhiani wayang, natakake keprak, lan malihake rekaman video.

Rafa wiwit sinau mayang otodidak sinambi ndelok rekaman vidheo pagelaran wayang, sithik sithik uga katuntun dening Ludy. Jalaran panandhang sindrom down kuwi winates ing olah swara, gladhene Rafa mung kanthi nerokake sabetan-sabetane dhalang ing rekaman kasebut. Ludhi ya nyedhiyani speaker kanggo mahanani olah swarane dhalang kang bisa ditirokake Rafa sarta gendhing-gendhing karawitan minangka pangiringe.

”Panandhang sindrom down pancen angel dididhik lan mahami materi, nanging apik jrone neniru,” wangsulane Ludy nalika ditakoni bab gladhene Rafa.priya kang pidalem ing Banguntapan, Bantul iki uga ngaku yen anggone ngenalake wayang tumprap putrane minangka upaya terapi.

Gladhen wayang kanggo nglatih motoric kasar, sinkronisasi pangrungu lan olah rasa tumprape Rafa. Kabukten, siswa kelas VIII SLB Negeri Pembina Yogyakarta kuwi pranyata wis apal saperangan sulukan, anta-wacana, lan karakter swarane maneka paraga wayang.

Keri-keri iki, Rafa malah kasil diundang mayang jrone acara Festival Dhalang Cilik Universitas Negeri Yogyakarta ing Krapyak IX, Sleman minangka Special Performance. Dene lakon kang dimainke yaiku Durna Gugur saka rekamane Ki Enthus Susmono.

Winatesing Rafa ora ndadekake rasa percaya dhirine pupus sajroning mayang. Senajan ta sing dimainke arupa cuplikan, nyatane pasugatane kasebut ngundang bombing manahing para panonton. Keplok ambata rubuh ngiringi adegan tutup kayone Rafa. Ludy ngaku yen ora kuwawa ngempet tumetesing eluh nalika nyekseni pagelaran putrane kasebut.

Ludy duweni gegayuhan yen wayang kulit bisa didadekake medhia terapi kanggo para panandhang sindrom down tanpa winates umur. Muga-muga, metodhe iki bisa diteliti luwih njelimet maneh dening para akadhemisi lan pakar-pakar kang mumpuni ing bidhange.

Wondene pangajabe Ludy kanggo para wong tuwa kang putrane nandhang sindrom down, murih ora rumangsa wiring marang kahanane putrane kasebut. “Saben bocah duweni porsi lan kesempatan kang padha anggone makarya, ora kena kok sok dibeda-bedakake. Kuwajibane wong tuwa mung gumati lan tumamen marang para putrane,” ature Ludy.

 

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 27, 6 Juli 2024

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...