Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Ing Tapel Wates

 (Cerkak dening: Bambang Khusen Al Marie)

 Wengine saya tintrim. Kinemulan mega-mega, peteng ndhedhet, ndhelikake sakeh wewadining manungsa. Hawa atis ing njaba ora murungake tekade pawongan kang wis sawatara wektu amping-ampingan ing mburi pager urip. Pawongan kuwi kaya ndingkik lenaning wengi, meneng anteng tanpa sabawa. Mung sedhela-sedhela dheweke noleh ngiwa, noleh nengen, nyingidake gorehing ati.

Adoh ing kana, ing njero atine pawongan kuwi sumimpen maneka warna pacelathon antarane paraga-paraga kang makili kabecikan lan kadurakan.

“Cukup sepisan iki wae. Mung kanggo nambakake anakmu kang lara,” si duraka mbujuk lelamisan.

“Nanging kuwi tetep salah, najan mung sepisan,” paraga becik nyandet pawongan kuwi, “Elinga, jenengmu bakal ala. Kowe dicap maling.”

“Ora ana wong weruh. Preduli apa jenengmu apik nanging anakmu lara. Kowe ora bisa nggolekake tamba. Nek bacut mati kowe sing luput.”

“Sing weruh nuranimu dhewe. Ora bakal bisa kokdheliake menyang ngendi papan. Dirimu sing weruh yen kowe maling.” Si becik tanpa kendhat ngelingake setengah ngundamana.

“Takona marang nuranimu. Tumindakmu iki bisa dibenerake, kowe lagi kepepet. Lan sing kokcolong duweke wong uthil mbethakil dadi ora papa,” si duraka orang kurang marga.

Lan padudon si becik lan si duraka kuwi saya suwe saya sereng, gawe panasing dhadha, nyereg keteging jantung, nyurung ilining getih. Kemramyas saranduning badan. Napas unjal amburu. Tangan wis kumlawe sikil wis jumangkah sigra mlumpat pager urip. Nanging. Byaar! Sorot lampu mobil kang liwat ngendhoni laku. Ana rasa was-was yen kadenangan. Bali tidha-tidha. Pancen lagi sepisan iki dheweke nedya tumindak culika. Marga kepepet tenan. Jan kepepet!

Sore mau dheweke sowan ing omah gedhe iku. Kang kagungan omah magrong-magrong kaya gedhong kumpeni kuwi diajab bisa ngluwari panandhange.

“Ora kok jeneng aku owel Jo. Nanging aku dhewe ya lagi cupet. Wis sesasi peternakan tansah rugi merga daging wedhus ora payu. Ana isu penyakit antrax ing kutha. Kamangka kowe dhewe ngerti, wedhus-wedhus ing kandhang kae kang cacah meh sewu kudu dipakani saben dina. Sing sabar disik nek anakmu lara coba mengko dakngupaya golek sebratan liya. Entenana mengko bubar maghrib, mreneya maneh,” mengkono semaure Ndara Putri Krama nalika dheweke nembung utang duwit kanggo nambakake anake.

Ah, kuwi mung alesan. Mosok wong sugih ora duwe duwit sakmono wae. Paijo ngrundhel turut lurung. Lakune digelak enggala tekan ngomah. Wadul karo bojone, mbok Painah, kang kondhang nyinyir.

“Piye Pakne enthuk ora?” pitakone bojone, cempreng suwarane gawe panasing kuping.

“Ora diwenehi. Trembelane tenan kok,” wangsulane misuh.

“Ooo…..menungsa kok kaya ngana, ora eling karo labuh labetmu Pakne!”

“Iya Mbokne, wis mataun-taun aku sasat dadi gedibal. Bareng ana repot sithik gampang temen dheweke endha. Wangsulane ora nalar, jarene ora duwe dhuwit!”

Wong loro gumrenggeng nggereng-gereng. Sakeh tembung kasar lan saru kawetu kanggo numplak rasa murina ing njero dhadha.

Nalika kekarone sadhar manawa tembung-tembung mau ora ana gunane maneh, Paijo ngerih-erih sing wadon.

“Wis mbokne ora perlu didedawa. Saiki sing penting piye carane awake dhewe golek dhuwit kanggo nggawa anakmu nyang rumah sakit.”

“Ya kuwi sing penting, mbuh piye carane. Ora ketang kudu nggadekke barang apa sing payu. Selak mesakke anakmu,” Painah setuju.

“Ya ora preduli piye carane,” Paijo mantep sajak wis duwe rancangan seje.

“Cepet lho Pakne!”

“Bengi iki mbokne!” Paijo mantep.

Paijo saya peteng pikire, nalika liwat kamar buri saka selaning inep kang menga sithik katon anake wadon ngathang-athang, tanpa daya. Nglumpruk katerjang demam berdarah. Wis telung dina lawase. Atine remuk ora kuwawa nyawang anake kang nalika warase tansah kumanthil-kantil marang bapake iku. Atine nangis. Oh, nak apa kang bisa daktindake kanggo golek ragadmu menyang rumah sakit.

Lan bengi iki Paijo nedya nempuh dalan kang sasuwene iki dadi pantangane. Bengi iki dheweke nedya njupuk wedhus-wedhus kang pating brangkang ing kandhang. Wedhus-wedhus kang saben dina diupakara, digolekke pakan suket gegodhongan.

Wis sepuluh taun dheweke ndherek Ndara Putri Krama, kewajibane golek pakan kanggo wedhus kang cacah atusan. Kanthi gaji kang pas-pasan Paijo tlaten nyambut gawe. Peternakan wedhus iku biyen kagungane Ndara Krama swargi. Bareng sing kakung seda Ndara Putri Krama nerusake mandhegani peternakan, nanging tumrap Paijo wong wadon iku watakee uthil ora ukuran. Paijo kang wis wolung taun nderek Ndara Kakung kaya kesingkir, mung merga ngelingi jasane Ndara Kakung dheweke bisa sabar. Lan bengi iki kesabarane wis entek.

Wis sawetara dheweke ndingkik. Omah iku wis katon sepi. Wis jam siji bengi. Ndara Putri mesthi wis sare. Atine ditatag-tatagake kanggo miwiti rantaman kang wis premati. Mlumpat sepisan wis tekan njero kandang. Milih wedhus siji sing gedhe, digiring menyang lawang butulan mburi kandang, nrabas tegalan jagung wis tekan ndalan gedhe. Umpama ana sing ngonangi gampang golek pawadan jalaran dheweke saben dina dadi pangone wedhus-wedhus iku. Ethok-ethok nggoleki wedhus sing ucul rak wis beres.

Sakedhepan Paijo wis tekan njero kandhang. Wedhus lanang gedhe karan Si Bandhot kasil ditokake saka kandhang. Kanthi alon-alon Paijo nuntun wedhus kuwi liwat ngiringan, tekan mburi bablas liwat butulan, mecaki tegalan jagung. Sedhela maneh tekan dalan gedhe. Wis aman!

Paijo ambegan landhung. Jantunge kang mau arep copot-copota wiwit sareh. Saka kadohan katon sorot lampu mobil pick up. Mesthi mbok bakul sing mruput arep menyang pasar. Kebeneran sisan daknunut wae, pikire Paijo. Tekan pasar wedhus iki arep dakdol cepet-cepet supaya Ndara Putri kelangan lacak.

Mobil saya cedhak, tangane Paijo ngawe-awe. Mobil mandheg.

“Nunut mas!” aloke Paijo marang sopir.

“Arep menyang endi Jo?” suwara wadon nyauri saka njero mobil.

Paijo ndredeg wel-welan. Suwara kuwi kok kaya……

Wong wadon iku mudhun saka mobil pick up. Lan Paijo ora pangling.

“Ndara Putri Krama….. eh anu Ndara,”  Paijo matur kamiseselen. Jantunge kaya arep mencolot metu.

“Ana apa Jo kok nuntun si Bandhot?” Ndara Putri Krama takon sareh.

“Eh anu Ndara…. Si Bandot ucul saking kandhang! Menika badhe kula beta wangsul,” Paijo glagepan mangsuli.

Rancangan dora wis kasiapake, nanging Paijo ora ngira jebul sing ngonangi Ndara Putri Krama piyambak.

Si Bandot diunggahake ing bak mobil. Ora suwe mobil pick up wis tekan daleme Ndara Krama. Si Bandhot wis mlebu kandhang. Paijo slamet, nanging perang ing njero batin durung mendha.

“Mengko gek Ndara Putri sujana. Becike matur blaka wae,” ati nurani wiwit nyuwara.

“Aja…aja! Dheweke ora ngerti. Mengko kowe malah nampa duka,” hawa nafsu ora keri tansah ngalangi kekarepan becik.

Beja! Ndara Putri Krama ora ndangu maneh. Praupane Paijo kang abang dluwang merga saka wedine dislametake dening petenging wengi. Aman! Paijo niat enggal bali. Kanthi gupuh matur marang Ndara Putri Krama.

“Ndara Dalem badhe nyuwun pamit. Anak kula nembe sakit…”

“Yo enggal bali kana! Langsung njujug rumah sakit wae anakmu wis ana kana!”

“Lho…???” Paijo bingung.

“Aku sing ngeterke karo Sopir bubar Isya’ mau. Jalaran kowe dakenteni ora teka-teka. Aku nyusul menyang omahmu. Anakmu dakgawa menyang rumah sakit sisan jalaran wis kritis. Saiki wis ditangani dening dokter. Masa kritise wis kliwat. Ora apa-apa. Gek ndang bali. Aja kuwatir bab biaya. Kabeh wis dak lunasi nganti sesuk sak warase anakmu.”

Paijo njegrek kaya tugu watu. Ora bisa omong apa-apa. Mung tangise ambrol,  tangis keduwung. Keduwung marga kadereng hawa nafsu, dheweke wis ancik-ancik tapel wates kadurakan.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2019/12/26/ing-tapel-wates/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...