Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Widadari Tumurun

 Paijo mlaku rikat, setengah mlayu tumuju marang pondhok. Atine wis ora sranta enggal ngadhep Kyai Bakar. Rasa ngontog-ontog ing atine butuh enggal-enggal kasuntak. Ora tahan, wis ora tahan! Wis seminggu iki atine kobong. Bojone Paijo, Mbok Sagopi tansah muring-muring saben dina. Saliyane mokah leladi marang bojo, uga tansah ngundhamana ing sabarang prekara. Ngene salah, ngono salah! Paijo ora tau kebeneran.

Dina iki wis entek kesabarane Paijo. Sagopi arep dakpegat, batine dremimil turut dalan. Bojo duraka, bojo murang tata. Bojo tinggal subasita. Bojo kang ora bisa ngregani wong lanang. Tekade wis teteg mantep. Pegat!

Nanging, Paijo emoh yen urip tanpa rowang. Iki uga dheweke arep sowan Kyai Bakar saperlu nyuwun digolekke ijol bojo. Kyai Bakar santrine akeh, mesthi ana wanita sholehah kang cocok karo dheweke. Kyai Bakar mesthi ngerti, wanita ngendi kang bisa dadi ganti bojone kang duraka. Wanita sholehah kang kaya widadari, tansah manut lan mbangun turut marang laki.

“Wanita sholehah kuwi ora mbantah marang parentahing laki, tansah manut apa kang dadi dhawuhe wong lanang. Kangjeng Nabi dhawuh umpama ora ana larangan kanggo sujud marang wong, bakal dhawuh supaya wanita padha sujud marang bojone!” mangkono ngendikane Kyai Bakar ing sawijining pengajian.

Lha iki, Sagopi, aja maneh kok sujud, wong dikongkon gawe wedang wae mbantah. Kaya nalika esuk mau, Paijo njaluk digawekake kopi panas kang kumebul. Esuk-esuk sambi udut nyruput kopi panas iku jarene swarga donya. Lha kok jawabe Mbok Sagopi sugal.

“Rak ya bisa gawe dhewe ta Kang? Apa ora ngerti wong wadon lagi repot? Iki gilo lagi isah-isah samene akehe!”

Paijo angles. Atine mberung. Pengin nabok! Nanging kok ora ilok. Cengkiling marang wadon kuwi ora becik, ngono dhawuhe Kyai Bakar.

Sedhela Paijo wis tekan ing pondhoke Kyai Bakar. Wis adat saben Paijo sowan mesthi langsung njujug mburi. Apa bot-repote gaweyan ditandangi. Katon Kang Syarif lagi ibut gawe unjukan kanggo para tamu kang rawuh. Paijo age nyerak.

“Kene tak rewangi Kang. Endi kang kudu digawa menyang ngarep. Aku sisan arep matur Kyai Bakar.”

Kang Syarif nudhing tatanan wedang jae ing baki.

“Kuwi kang wis daktata ing baki. Sisan ampirana nyamikan ing gandhok kiwa. Ana tamu saka Jakarta. Sawijining kontraktor sugih. Ngati-ati lho kang! Abot!”

Rindhik kirik ginitik Paijo enggal ngangkat baki isi wedang jae rong puluh gelas. Katon entheng sebab eling ganjaran gedhe kang bakal ditampa besok. Ing pondok iki gawe amalan shaleh gampang. Waton melu-melu tumindak becik mesthi gedhe ganjarane. Kaya dhawuhe Kyai Bakar. Lan, kene isine mung prekara becik. Saliyane ngibadah ya prekara ngilmu. Ora aneh wong pancen pondhok pesantren.

Tekan gandhok Paijo papagan karo Kyai Bakar. Kyai Bakar kang mirsani sajak karenan. Dhawuh semu geguyonan.

“Lho Jo, gene prigel nyambut gawe. Kuwi wedang sing gawe kowe dhewe Jo?”

“Sanes. Kula dumugi mriki Kang Syarif sampun rampung anggenipun tata unjukan. Kajeng kula inggih badhe ngrewangi, nanging sampun cekap sedaya,” ature Paijo.

“Apa ana ing ngomah ya sok gawe dhewe?”

“Boten Kyai!”

“Lho, mesthine yen bisa gawe wedang dhewe ya gawe dhewe Jo. Iku uga kalebu kabecikan. Melu ngentheng-enthengake gaweyan bale somah. Supaya bojomu ora kakehan ayahan. Kejaba yen kowe ora ana wektu, lagi menyang sawah umpamane. Kuwi lagi tugase bojomu!”

Mak dheg! Dhadane Paijo kaya kedhodhog alu. Dumeling swarane bojone nalika mbantah parentahe esuk mau.

“Wong ya mung thenguk-thenguk kok ya pakon ta Kang? Mbok ya ditandangi dhewe!”

Paijo unjal ambegan landhung. Geneya ing pondhok iki dheweke rumangsa entheng nindakake sabarang gaweyan kalebu gawe wedang lan leladi marang tamu-tamu pondhok. Geneya beda katandhing rasane yen ana ngomah. Hawane mung sebel wae.

“Aja malah ngalamun, kana unjukane enggal diaturke marang tamu-tamu kae. Tamune priyayi saka Jakarta. Ndara Rubayat sarimbit lawan garwane. Mesthi salit lan luwe. Sawise koaturke enggala ngrewangi Kang Syarif tata dhahar,” dhawuhe Kyai Bakar maneh.

“Inggih Kyai!” Paijo sumanggem aglis.

“Aja lali sopire lan rewange kang lagi ngenteni ana mobil kae ya diwenehi unjukan.”

“Inggih Kyai.”

Rada sawatara Kyai Bakar nemoni tamu-tamune. Tamu saka kutha Jakarta kang nyuwun iguh pratikel ngrampungi prekara bale wismane. Sing wadon sawijining wanita kang endah rupane, bekti marang guru lakine. Lagek lageyane alus manuhara lan ora tau mbantah sabarang pakone sing kakung. Garwane banget tresna asihe marang dheweke. Wis ta, kaya widadari pokoke. Mung emane wis suwe palakrama durung kagungan putra. Arep megat lan ganti bojo kok eman amarga banget tresnane. Lan uga ora tega awit garwane wis ngancani lara lapa wiwit anyar mangun balesomah. Arep tambah bojo maneh kok sing wadon durung bisa nampa. Kalorone banget anggone sih-sinisihan bebasan kaya mimi lan mintuna. Emoh pisah salawase. Mula kalorone banjur sowan marang Kyai Bakar saperlu nyuwun pepadhang kanggo ngluwari bundheting ati.

Kyai Bakar ngendika alus marang Ndara Rubayat sarimbit, “Nak Rubayat sekalian. Saestunipun arta-bandha lan putra menika namung pepaesing donya. Dipun paringaken dhateng kita amrih kita rumaos remen ing manah, satemah karaos gampil anggen kita nglampahi gesang. Dene kuwajiban kita wonten ing donya menika saestunipun namung satunggal: ngibadah dhateng Pangeran!”

Kyai Bakar nyawang tamu kalorone. Katon pasuryane konjem pratala, tandha banget anggone nyemak dhawuhi sang Kyai.

“Sawetawis tiyang wonten ingkang kaganjar arta-bandha ingkang kathah. Kanthi arta-bandha menika lajeng tetulung asanes. Dhemen derma lan weweh dhateng sasama. Kersa bidhal haji dhateng Mekkah lan kanthi ajeg mbanjakaken bandhanipun ing margi ingkang leres. Kanthi makaten piyambakipun sampun netepi darmaning agesang inggih menika ngibadah.

Nanging ugi wonten satunggaling tiyang ingkang boten katitipan arta-bandha. Rejekinipun bebasan namung cekap kangge nedha. Senadyan makaten piyambakipun katitipan amanah wujud anak ingkang kathah, kados lare ingkang lelados unjukan menika, si Paijo. Menawi Paijo saged qanaah, boten ngresula dhateng peparingipun rejeki saking Pangeran lan saged ngulawentah anak-anakipun dados tiyang shaleh, menika ugi ibadah ingkang ageng sanget.”

“Inggih Kyai, lajeng saenipun gesang kula benjing kados pundi Kyai?” Ndara Rubayat miterang.

“Inggih anut manteping manah panjenengan kemawon, Nak. Menawi sampun mantep anggenipun nerusaken bebrayan kaliyan ingkang rayi inggih sampun tidha-tidha malih. Dipun bucal raos was-was lan kuwatos, saha dipun singkiraken pepenginan ingkang mokal kagayuh. Lajeng muhung manekung maring Pangeran kanthi menapa ingkang panjenengan darbeni. Menika ingkang langkung sae.”

“Menapa kula inggih kedah mupus pepenginan kula gadhah anak Kyai? Lajeng sinten ingkang badhe dongakaken kula mangke?”

“Bab menika boten perlu dipun penggalih. Pepesthen saking Pangeran tumrap saben tiyang benten-benten. Wonten ingkang namun kagungan putra jaler, wonten ingkang namung kagungan putra estri, wonten ingkang kagungan kekalihipun lan wonteng ingkang babarpisan boten kaparingan putra. Ingkang kagungan putra ateges tampi amanah saking Pangeran. Dene ingkang boten ateges dipun tresnani dening Pangeran. Supados saya mempeng anggenipun nyaket lan manembah.

 Tiyang ingkang kagungan putra saged lumintu kasaenanipun lumantar putra-putranipun. Dene ingkang boten kagungan putra ugi boten kirang margi kangge damel kasaenan. Saged ngathahaken amal jariyah kanthi wakaf, damel pondhok, damel sekolah, damel griya-sakit lan sapanunggilipun. Sedaya menika badhe damel kasaenanipun tansah lumintu.”

Kyai Bakar mandheg anggone ngendikan, unjal ambegan landhung sajak bakal medharake prekara kang abot.

“Kula piyambak ugi boten gadhah anak. Malah sapunika ugi boten gadhah semah. Senadyan makaten kasaenan ingkang saged kula tindakaken boten kirang, Nak. Kanthi ilmu ingkang boten sepintena, kula wulangaken dhateng tangga tepalih saha murid-murid kula. Kados makaten ugi badhe damel kita pikantuk ridhanipun Pangeran!”

“Nuwun sewu Kyai, panjenengan ugi boten gadhah putra? Nanging kok kados tansah ayem tentrem Kyai, menapa resepipun?” Ndara Rubayat miterang sajak ngungun.

“Inggih kayakinan kados ingkang kula aturaken kalawau. Sedaya ingkang kita lampahi menika namung pepesthen saking Gusti. Mbokmenawi kita gadhah panganggep bilih kita kirang satunggaling prekawis, nanging sejatosipun boten. Gusti Allah boten badhe kirang menapa kemawon kangge peparing dhateng kita sedaya. Nanging karana raos asihipun dhateng manungsa, ing masa kalanipun satunggaling prekawis boten dipun paringaken dhateng kita. Awit Allah langkung pirsa pundi prekawis ingkang tunhdanipun damel sae lan awon tumrap kita. Mbokmenawi satunggaling prekawis boten kita remeni, nanging sejatosipun sae. Kosokwangsulipun, kita sanget kapiadreng dhateng satunggaling prekawis, nanging sejatosipun damel piawon. Kita sejatosipun boten mangertos pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon tumrap kita. Nanging Allah tuhu pirsa lan tansah peparing ingkang paling sae. Mila kadidene titah kita kedah namung ridha dhateng kahanan menapa kemawon ingkang kita sandhang. Awit sedaya peparing saking Gusti menika ingkang paling sae. Namung kanthi laku ingkang makaten gesang kita saged ayen tentrem, Nak!”

Ndara Rubayat manthuk-manthuk. Praupane katon lejar, tandha wus antuk pepadhang kanggo nyirnakake pepetenging ati. Kyai Bakar tanggap, enggal-enggal sang tamu kaaturan mlebet ing sasana bojana saperlu sinugata dhaharan. Paijo lan Kang Syarif kanthi rikat sumadiya leladi dhahar.

Bakda dzuhur tamu wus kondur. Paijo dinangu dening Kyai Bakar.

“Jo, tekamu mrene mau mung arep dolan apa ana perlu liyane. Dak sawang nalika teka polatanmu sajak suntrut?”

“Inggih Kyai, panci kula sowan kanthi nggembol prekawis sesambetan kaliyan bale wisma kula. Pramila kula sambat-sebut dhateng panjenengan, Kyai.”

“Lha prekara apa kang dadi sangganmu?”

“Prekawis bale wisma Kyai. Anggen kula sesomahan kok tansah padudon kemawon kaliyan semah kula. Mbok Sagopi semah kula kok tansah mbantah lan boten miturut sapakon kula Kyai. Kamangka Kyai nate dhawuh bilih tiyang estri menika kedah patuh lan mituhu dhateng laki. Menawi kados semah kula menika rak ateges duraka ta Kyai? Mila kula sampun gembleng niyat badhe megat semah kula kyai. Mugi kyai kersaa mangke madosaken lintunipun kanthi wanita shalehah kados ingkang asring panjenengan dhawuhaken.”

Ature Paijo cetha lan tandhes. Kyai Bakar mlengak kaget. Nanging banjur mesem lan ngendika:

“Ngene, bener aku tau kandha ciri-cirine wanita shalehah. Nanging kuwi angel tinemu. Dakwulangake supaya kabeh mawas dhiri, supaya kabeh gelem ngupaya carane kanthi sakuwate. Aja kok banjur terus koanggo waton. Becike srantinen anggonmu duwe krenteg kurang prayoga iku. Pegatan sawijing prekara halal, nanging banget kabendu dening Pangeran.”

“Kula sampun mantep Kyai, kula sampun boten saged nuturi semah kula malih. Kula paripaksa badhe pegat,” ature Paijo mantep.

“Lho terus ora duwe bojo mengko? Terus sapa sing bakal ngrewangi kowe ngurus bale somahmu? Kamangka anakmu akeh? Priye?”

“Mila menika kula sowan dhateng Kyai. Kula nyuwun enggal dipun padosaken lintu semah ingkang kados widadari, Kyai,” ujare Paijo ngguguk, luh metu adres saka mripate.

Kyai Bakar ambegan landhung. Prekara ngene perlu kawicaksanan anggone mrantasi. Paijo genah ora pasah ing pitutur, atine wis kobong, peteng kabuntel areng. Nanging minangka wong tuwa Kyai Bakar kudu melu  ngudhari ruwete umat, kalebu kaya kang kasandhang dening Paijo.

“Wis Jo, aku wis ngerti tekad atimu. Aku wis paham apa karepmu. Bab anggonmu kepengin megat bojo aku ora bisa nglarang, sebab aku ora duwe wenang. Lan bab anggonmu kepengin golek ganti, daksaguhi yen pancen kowe wis pegatan. Nanging kuwi ora bisa cepet kaya karepmu. Golek jodho kudu ditimbang sekufu lan orane. Nek njomplang kahanane, mengko malah mbilaheni. Mula saiki baliya dhisik. Ing kahanan lagi ngenteni iki kowe sing bisa njaga bale somah. Aja nambah prekara wong wis genah urusane. Arep pegatan ta? Lha, aja nambah prekara anyar. Mung kowe sing sabar, wong mung kari sedhela. Becike uga kowe ajar mandhiri, aja mung pakon marang wong wadon. Kepengin wedang kopi ya gawe dhewe. Aja prentah wae wong wis arep pegatan kok. Ngerti ta Jo?” dhawuhe Kyai Bakar terang trawaca.

“Inggih Kyai, kula matur nuwun sangat sampun dipun udhari reruwet kula. Kula nyuwun pamit!”

Paijo lengser saka pondhok. Ing dalan nggagas mengko kudu kepiye. Saiki dheweke wis arep pegatan karo Mbok Sagopi. Mesthine nek Sagopi nesu-nesu ora usah ditanggapi, wong wis arep pegat. Nek kepengin gawe kopi anget saben esuk ya gawe dhewe, wong wis arep pegat. Lan kudune wis ora susah ngrusuhi nek Sagopi mapan turu, wong wis arep pegat. Wis, kudu sabar kaya ngendikane Kyai Bakar, mung sedhela.

Sedina rong dina Paijo wiwit kulina. Saben esuk sadurunge bojone tangi wis nggodhog banyu. Banjur gawe wedang kopi panas, karo udut ana teras. Sabanjure sadurunge Sagopi tangi malah wis nggeblas menyang sawah. Pedah apa ana ing ngomah mung padudon, rak iya malah saya tambah prekara ta? Kamangka Kyai Bakar wis meling: Aja nambah prekara!

Bubar saka sawah Paijo langsung metu saka ngomah, mbuh apa gaweyan kang ana dheweke sengaja melu. Ora ketang mung laden tukang, utawa babat dami. Ora ketang dadi kuli ing pasar utawa melu juragan Waluyo ngrontok pari. Pokoke ben ora kerep ketemu Sagopi bojone, supaya ora nambah prekara.

Sore mulih saka nyambut gawe, Paijo terus adus reresik awak. Adakan bojone sok buruh ana sawah utawa melu unting mbako ing daleme juragan Karman. Ngarepake maghrib lagi bali. Paijo olah-olah dhewe, ngliwet lan nyepakake wedang kanggo anak-anake kang kemrayah. Kudu bisa, batine Paijo. Aku kudu bisa nindakake iki kabeh. Sesuk nek sida pegatan mesthi ana masa kalane kudu nandangi dhewe. Dadi kabeh kudu bisa diayahi. Idhep-idhep latihan.

Bubar maghrib, supaya ora kerep ketemu bojo Paijo menyang masjid, melu pengajian sisan nunggu wektu Isya. Bubar Isya Paijo isih jejagongan ing surambi masjid kalawan sawetara jamaah. Jam sanga Paijo lagi bali mulih. Mbok Sagopi wis mapan turu. Aman. Dina iki ora ana padudon. Dina iki aku ora tambah prekara. Paijo uga banjur mapan turu. Bawane awak kesel sedina muput tandang gawe, Paijo langsung angler.

Mangkono seminggu, rong minggu wis kalakon. Ing omah kuwi wis ora keprungu swara padudon maneh. Wis ora keprungu swara wong wedok jelih-jelih. Wis ora keprungu swara piring dibanting. Owah-owahan iki njalari Mbok Sagopi ngungun. Bojone gek ana apa kok dadi sregep banget. Arep takon kok ora kepenak awit Kang Paijo kerep nglungani rembug. Gelagate iya ora ngatonake yen ana prekara. Malah tanduke saiki luwih sabar. Ora tau srengen lan ngajak padudon. Yen omong saiki mung saperlune, malah terkadhang sedina ora ngomong blas. Lha wong ya saiki arang ketemu, Kang Paijo lunga terus.

Kang saya nambahi gumun, saiki Kang Paijo kok arang nyedhaki aku, batine Mbok Sagopi kebak pitakonan. Apa aku kurang narik ati. Apa Kang Paijo wis duwe sir-siran maneh. Ah, nanging mokal. Wong saiki malah genah lungane ana ngendi. Jam sanga uga wis bali saka masjid. Malah ora tau maneh melu lek-lekan ana gerdhu. Ah, mbokmenawa pancen aku kang kurang gati. Wengi iki niyat Mbok Sagopi kang arep nyedhaki Kang Paijo. Jam sanga adakan kang Paijo bali, arep dakpapag tekane. Sengaja Mbok Sagopi ora mapan turu dhisik, arep nunggu tekane kang Paijo. Nganti jam sanga, Paijo durung bali. Mbok Sagopi sabar nyranti, nganti keturon ing kursi tamu.

Sauntara iku Paijo lagi wae bali saka masjid. Wis rong minggu iki saben bubar Isya’, dheweke ajeg jejagongan ing masjid. Krungu sambat sebut apadene kabar warta saka kanca. Bab anggone nyambut gawe, uga bab bale somahe. Akeh lelakon kang dadi kaca benggala. Kaya si Sranta kang ditinggal minggat bojone marga kurang kaya. Hem,…. isih beja dheweke, nadyan asile sithik bojone ora tau maido. Yen asile kurang ora tau nggresula. Malah ngupaya dhewe, ora ketang direwangi dadi buruh tani lan unting mbako.

 Jujur ora ana prekara ala ing batihe, mung galake kuwi kang ora nguwati. Nanging, wis rong minggu iki dheweke ora krungu ujar kang sentak. Bale somahe arang padudon. Lhoh, sejatine apa kang digoleki? Kabeh sarwa cukup nadyan uga ora leluwihan. Prekara tindak-tanduke bojone kang asring mbantah lan sentak, rak iya wis rong minggu iki ilang. Banjur apa perlune ganti bojo barang?

Nalika Paijo tekan ngomah, wis jam sepuluh bengi. Paijo weruh bojone keturon ana kursi. Wis suwe dheweke ora nyawang bojone, bengi iki kok katon manglingi. Praupane katon ayu, resik bening kaya jaman prawan sunthi. Paijo nyerak ngliling pasuryan kang dhisik digandrungi iku. Katon isih kaya biyen. Dumadakan kang dililing tangi. Kaget Paijo wis ana ngarepe.

“Kang….” ujare lirih, karo mesem manis.

“Mbok…..” Paijo glagepan.

Wong loro mung meneng pandeng-pandengan. Lan ing bengi iki ati loro kang ngelak padha antuk tamba. Kekarone mlebu kamar lan apa kang ditindakake amung wong loro iku kang ngerti.

Esuke, subuh-subuh Paijo wis tekan pondhoke Kyai Bakar. Pisan jama’ah, kapindhone Paijo arep matur marang sang Kyai.

“Kyai, kula boten siyos pados bojo enggal. Kula sampun gadhah widadari. Sampun kalih minggu gesang kula tanpa padudon. Kalih minggu menika gesang kula ayem. Kalih minggu menika kula sampun dados tiyang jaler ingkang tanggel jawab. Kalih minggu bale somah kula sampun sakinah. Kula nyuwun pangestu mugi lestari salaminipun.”

Kyai Bakar mesem. Krenahe kasil. Marang Paijo kang yutun pitutur ora manjur. Amung iguh kang kasil gawe luluh ati kang mingkuh. Atine Paijo saiki wis lumer, ajur dening esem manise Mbok Sagopi.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/09/22/widadari-tumurun/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...