Translate

Minggu, 28 Juli 2024

Upas Ula Pranyata Ampuh Kanggo Nambani Lara nyeri

 


Ula kebacut dipadhakake minangka titah kang mbebayani. Apamaneh yen nyimpen upas kang bisa mateni, mesthi wae mirisake. Nanging, donyaning kesehatan sajak duwe kekarepan marang ula maba ireng. Sebab, upas kang diasilake dening ula kang akeh ditemokake ing dhaerah Afrika iki bisa dadi piliham minangka obat kanggo ngilangake rasa nyeri. Kabar becik tumprap wong-wong kang kerep sambat kelaran amarga nyeri hebat.

Sajinis zat kanggo ngilangake nyeri kaya manjure morfin nanging tanpa akibat efek samping ditemokake marang upase ula mamba ireng kang bisa mateni lan akeh tinemokake ing bawana Afrika. Ula mbebayani iki migunakake zat neurotoksin kanggo nglumpuhake lan mateni kewan cilik kang dadi memangsane lan dinyatakake minangka gegremetan paling banter lan gala king Afrika.

Ewasemono, sakehing tes laboratorium kang ditindakake dening para periset Prancis kang dipacak ing journal Nature nuduhake yen upas ula mamba ireng kasebut ngandhut material antinyeri kang cukup ampuh. Periset ngakoni yen dheweke padha gumun klawan temonane iki akhire kasil antuk kasil sing ora dinuga saka protein kang bisa mateni ing upase ula mamba kang sinebut mambalgins.

Dr. Eric lingueglia, saka institute of Molecular and Cellular pharmacology, sacedhake Nice, Perancis, marang BBC ngandharake, nalika disuntikake marang tikus, kandhutan analgesic-e padha ampuhe karo morfin, nanging meh ora ana efek sampinge.

Morfin kerja minangka jalur opioid ing utek. Zat iki bisa ngilangi rasa lara, nanging ana akibat bisa ketagihan lan nyebabake lara sirah, kangelan mikir, muntah lan nyeri otot. Sautara mambalgins manut ahli mrantasi nyeri klawan cara kang beda banget, lan krana iku efek sampinge uge endhek.

Para ahli kasebut yakin banget modhel rasa nyeri marang manungsa lan tikus memper banget saengga bisa diajab protein upas ula iki bisa dikembangake dadi obat kang bisa ngilangake rasa nyeri kang aman digunakake dening klinik-klinik kesehatan. Sakehing tes marang sel manungsa ing laboratorium uga nuduhake yen mambalgins nduweni efek kimia kang memper karo manungsa.

Nanging, dheweke nambahake, iki pancen nembe tahap wiwitan, lan angel mathekake apa bener mengko bisa dikembangake dadi obat kang bisa ngilangake rasa nyeri marang manungsa. Isih akeh penggaweyan kang kudu ditindakake kanggo ngetes (kemampuan) upas iki marang kewan. Dr. Nicholas Casewell minangka pawongan kang ahli upas ula ing Liverpool School of Troopical Medicine, Inggris, mentas iki nggatekake potensi ngolah racun ula minangka sumber obat.

“Nyenengake banget, iki conto becik kepriye upas ula bisa didadekake obat. Kita ngomong ngenani jinis obat analgesic paling anyar dhewe,” kandhane Dr. Casewell gegayutan ngenani ula mamba ireng.

 

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 45, 10 November 2012  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...