Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Kembang Turu

 Angel nggonku ngarani. Iki kalebu rejeki apa dudu. Nek rejeki kok kuwalik, nek dudu rejeki kok nomplok temen. Daksebut kuwalik merga kadidene wong mara tamu mesthine aku kang nggawa gawan, lha iki ora nggawa apa-apa malah mulihe diparingi oleh-oleh sing tanja tenan.

Nalika iku aku menyang Jakarta saperlu kirim mebel. Lunga adoh yen mung tumuju papan sawiji kok rasane eman mbayar bensine. Mula aku banjur golek tujuan liya. Sing daktuju mesthine omahe sanak sedulur kang padha bara ana kutha gedhe iku. Dakdaftar sapa wae kang bisa dakampiri. Wiwit saka kanca dolan, sedulur lan kanca-kanca kuliah.

Ada sawiji sedulur kang aku arang ketemu, kamangka isih kapetung sedulur cerak. Kapernah nak sanak utawa misan. Arang ketemu sebab dheweke pancen wong kang banget repot. Yen ora kleru dadi kontraktor rekanane TNI AD. Nalika lebaran kang biasane wong padha mudhik wae dheweke ora kober mulih. Nadyan mangkono kiriman parcele ajeg lumintu menyang ndesa. Ing bab bandha donya dheweke pancen ora kurang. Uripe mung kurang sawiji, wektu longgar. Mula tekadku mbokmenawa bisa kalakon aku arep dolan ing papan dununge sedulurku misan mau, kang asmane Dhik Megantoro. Aku bisane mung ngundang Dhik Megan. Dheweke putrane bulik, adine simbokku.

Dakgoleki daftar kontak kang ana telpon gegemku. Tetela nomer kontakke Dhik Megan isih sumimpen. Dak coba ngebel. Thulit… thuli… thulit… Ora diangkat. Dakcoba maneh. Thulit… thulit… thulit…. Ora kasil. Oh, yo wis. Mbokmenawa pancen lagi repot banget. Maklum wong pancen priyayi luhur akeh kenalane pejabat. Mesthi tansah ana tamu kang teka, utawa acara kang padhet utawa agenda rapat kang ora bisa diganggu.

Karo isi mecaki dalan tol kanthi pick-upe Suranto aku ngenam pikir. Yen Dhik Megan ora sela apike dakgolek ampiran liyane wae. Oh, ya. Mas Slamet. Juragan nasi Padhang kang kaloka sak Monas. Mesthi wayah dina Sabtu ngene lagi rame ngladeni pelanggan. Yen ngono aku dak mrana wae pisan jajan lan ngumbah mata ing Monas. Nanging supaya ora kacelik prayogane daktelpon dhisik.

Sawise kasil nyambung aku prasaja anggonku arep dolan.

“Adhuh mas. Aku lagi ora dodolan neng Monas. Saiki aku ana Padhang tilik maratuwa. Pangapurane ya Mas,” suarane Mas Slamet lamat-lamat saka telpon gegem.

Sajake sing jenenge Padhang ki adoh tenan, nganti suarane ana telpon wae cat krungu cat ora. Aku mupus. Pancen niat silaturahmi durung katekan. Nyatane kabeh duwe karepotan dhewe-dhewe. Mula aku banjur aba marang Suranta kanggo midak pedal gase kanthi seru. Supaya enggal-enggal tekan ngomah.

Lagi saambegan, lha kok keprungu tengara saka telpon gegemku. Ana pawongan kang ngebel. Katon gambare Dhik Megan.

“Assalamu’alaikum!” Jawabku alon.

“Wa’alaikum salam. Wadhuh sing gedhe pangapurane Mas. Aku mau nembe rapat karo Pangkostrad, dadi ora bisa nampa telpunmu. Ana dhawuh apa Mas,” keprungu suarane Dhik Megan saka kana, pisan iki suarane bening cetha.

Aku rada ragu arep njawab. Mengko gek-gek Dhik Megan repot. Malah dadi gawe. Rada sawetara aku gelagepan golek alasan.

“Mas..Halo..Halo..,” suarane Dhik Megan ngangsek.

“Iya Dhik. Mau sakjane aku arep mampir. Aku lagi ana Jakarta saiki. Iki wis siap bali, lagi wae mlebu dalan tol,” saurku.

“Lhoh Mas. Aja bali dhisik. Sampeyan metu saka tol wae. Mengko dakpapag. Yen ketemu dalan simpangan kanggo metu enggal metu saka tol. Aja lali share lokasi. Aku enggal nyusul mrono.”

Watara seprapat jam aku nemoni dalam simpangan, enggal-enggal aku nge-share lokasi. Sinambi nunggu tekane Dhik Megan aku jajan soto ing warung pinggir dalan. Watara setengah jam Dhik Megan wis tekan. Mudhun saka mobil Tezla kang sarwo otomatis, Dhik Megan mrepeki warung soto papanku jajan.

“Wah adoh-adoh tekan Jakarta kok jajane soto. Kaya neng ndesa wae!” ujare Dhik Megan geguyonan.

“Pancen ilat ndesa Dhik. Ana ngendi wae sing digoleki mung soto,” saurku nimbangi geguyone Dhik Megan.

“Iki ngene Mas. Mumpung sampeyan ana Jakarta, piye umpama nyipeng ana ngomahku pisan. Si mas sopir kae dikon bali dhisik wae. Sesuk panjenengan kondure gampang. Aku sing ngatur. Mengko dak telpon mbakyu supaya ora ngantu-antu. Piye Mas?”

“Wadhuh Dik. Mengko aku malah gawe repotmu sakulawarga. Mesthi acaramu akeh banget.”

Aku sajak ragu. Nanging arep nolak wantah kok katon piangkuh dene diaturi mampir ing omahe sedulur wae kok ora gelem.

“Babarpisan ora mas. Iki aku lagi prei. Mau ana rapat kang mutusake gaweyanku diundur seminggu. Dadi seminggu iki wektuku longgar.”

“Oh iya Dhik. Yen ngono aku ndherek kersamu. Si Suranto dakkon bali dhisik wae.”

Aku banjur rembugan karo Suranto. Dheweke ora kabotan bali dhewe. Malah jare bisa mampir ana Tegal silaturahmi karo bibine kang ana kana. Yo malah kebeneran. Ongkos transporte dak wenehake sisan. Malah terus daktambahi kanggo tuku oleh-oleh bibine, supaya dhuwite Suranto wutuh tekan ngomah.

Aku sida pindah mobil. Yen mau numpak pick-up kang nggronjal lan panas, saiki ganti mobil kang anyep, suwejuk lan babarpisan ora nyuwara. Iki pancen mobil listrik kang nembe ngetrend ing luwar negeri kana. Goteking cerita mobil iki jenenge Tezla, gaweyane Mas Elon. Mobil paling laris kang pepayone ngungkuli raja mobil Toyota, satemah Mas Elon dadi wong paling sugih sadonya. Elok tenan.

Ing sasuwene nyetiri mobil Dhik Megan dakanggep rada sembrono. Nyetir kok karo disambi tolah-toleh jejagongan. Malah kadhang karo nonton telpon gegeme, maca WA saka relasi, mbales pesen lan liya-liyane. Beda banget karo carane nyetir si Suranto kang tansah mindeng dalan.

Nalika meh nabrak truk ing ngarepe aku alok sora, “Dhik, ana trek Dhik!”

“Ora papa Mas. Mobil iki autopilot. Waton tanganku sing siji isih sumeleh ing stir, ora bakal nabrak.”

Aku klincutan isin. Jebul majune teknologi wis katriwal adoh anggonku nyemak. Nganti ora mudheng babarpisan yen mobil jaman saiki nganggo autopilot. Wah, kok kaya pesawat terbang wae.

Watara seprapat jam mobile Dhik Megan napaki dalan tol. Sabubare metu gerbang tol mobil menggok ing kompleks perumahan. Katon agilar-gilar pakarangan amba kang resik, kira-kira 10 hektar.

“Mampir kene sik Mas. Aku dak titip weling marang manajere perumahan iki.” Ujare Dhik Megan sambi muter stir ngiwa, lan mandheg ing pos satpam.

Satpam loro hormat grak marang Dhik Megan. Banjur ngathungake tangan ngajak salaman. Si satpam ngaras tangane Dhik Megan kanthi kebat kurmat. Wah wong gedhe ki ana ngendi papan disubya-subya. Aku kang melu mudhun saka mobil uga katut disalami lan diambung tanganku. Dhuh, melu kecipratan kamulyan tenan.

“Nanti insinyur Heri suruh ke rumah ya!” pakone Dhik Megan marang satpam loro mau.

“Siap!” saure satpam kanthi sikap sampurna.

“Iki perumahan kang nembe dakbangun Mas. Ana sepuluh hektar. Yen omahku mburi kae, sing katon cet ireng kae.”

Daksawang omah kang dituding Dhik Megan, omah sungsun telu kang gedhe. Katon ireng njenggereng. Bareng saya cedhak katon ing ngarepe ana pendhapa joglo kang mrajik peni. Sajake joglo weton Kudus, kacetha nganggo ukiran remit lan pepek.

Mobil Tezla wis manyuk pintu gerbang omah. Sakal lawange menga dhewe. Wah ini mesthi ya autopilot. Ebat tenan Dhik Megan iki. Omahe sarwa nrapake teknologi maju.

Nalika aku metu saka mobil, ana wong wadon alok seru saka ruang tamu, “Wadhuh, kabegjan tenan iki sedulurku tua tekan kene.”

Dhik Ijah, garwane Dhik Megan. Age dheweke nrambul metu. Ngathungake tangan ngajak salaman. Awake mayuk maju tandha kurmat, tanganku digegem lan kaungkulake ing dhuwur sirahe. Dhuh, adhuh, adiku sakloron isih trep subasitane. Nadyan suwe ana kutha gedhe, pangaji-ajine marang sedulur tuwa durung luntur.

“Masak apa Bu?” pitakone Dhik Megan marang garwane.

“Soto Pak. Karemane bapak to. Kaya biyasane.”

Aku ngakak, “Kok gur soto. Ha..ha..ha..”

“Ilat ndesa Mas..” sambunge Dhik Megan.

Wong telu dadi ngguyu ger-geran. Dhasar wis suwe ora ketemu, swasana bali kaya nalika isih ana ndesa biyen.

Wis rong dina aku ana daleme Dhik Megan. Ing sadina-dina tansah diubeng-ubengake ing sakeh papan. Wingi dijak ninjo proyek perumahane kang jembare 10 hektar iku. Dhik Megan niyat mrentahake nggempur gunung anakan kang tinemu ing kompleks perumahan iku. Saka pamrayogaku gunung anakan mau ora perlu digempur, awit ragade bakal akeh. Luwih becik digawe lanskap perumahan ing perenge wae. Dadi kontur tanahe ora warata ora papa, malah saya luwih endah. Dhik Megan setuju.

“Bener Mas. Malah dadi luwih apik. Kok ya ora kepikiran ta aku wingi-wingi,” kandhane Dhik Megan karo nampel bathuk.

Awit saka saranku uga jegongan tilas tambang pasir uga ora prelu diurug.

“Digawe kolam wae Dhik, diemper segara yasa kaya jaman Sultan Agung yasa kutharaja Mataram biyen. Ing sakiwa tengene digawe taman. Kanthi taman kang endah bisa ngangkat rega omah ing kompleks perumahanmu iki Dhik.”

Sepisan maneh Dhik Megan nampel bathuk. Kok bener ngendikamu Mas, ujare.

Esuk iki ganep rong dina aku nginep ana omahe Dhik Megan. Omah sungsun telu kang bisa dakarani omah pinter, sebab kabeh sarwa komputerized. Wiwit saka pintu gerbang sing bisa menga dhewe. Kunci sing nganggo pemindai retina mata, layar gedhe kang sambung karo proyektor kanggo nonton film ing ruang keluarga, pancuran otomatis ing kebuh buah iringan omah, nganti mesin asah-asah piring ing pawon, kabeh sarwa otomatis. Nanging senadyan ngono isih nyisani omah gagrak ndesa, pendhapa Joglo iki.

“Iki biyen dakboyong saka Kudus Mas. Tilas omah Tumenggung jaman kraton Surakarta. Umure wis kliwat satus taun, nanging isih pengkuh lan karawat becik.”

“Mahare pira dhik Joglo apik iki?”

“Telung milyar Mas. Karo isih tombok mobil Toyota loro. Rada larang Mas. Nanging dakoyak merga aku kepenging ana swasana ndesa ing omah iki.”

Hem.. dak waspadakake Joglo antik iki. Kayune saka alas Randhublatung. Bentes semu ireng kelire. Kayu kwalitas unggul kang awet ora kepangan umur. Ukiran gebyoke pelag warnane, alus lan ngremit. Lung-lungane prasaja nanging mantesi. Pancen cucuk menawa diajeni telung milyar. Iki mono kalebu warisan donya kang wis langka.

“Oh, ya Dhik. Wis sawetara dina aku ana kene. Wis wancine aku bali. Mengko mundhak mbakyu lan ponakanmu ngantu-antu. Karo maneh gaweyan ngomah akeh sing kudu daktandangi. Mula aku mengko sore nyuwun pamit.”

“Wah, sirku panjenengan rada suwe maneh nginep kene. Mumpung aku rada longgar. Bisa ngeter ana ngendi-endi. Panjenengan durung nate tindak taman mini ta Mas?”

“Iya sakjane ya kepengin nanging saiki kabeh duwe ayahan dhewe-dhewe Dhik. Ora bisa sasenenge kaya jaman nom biyen.”

“Iya Mas. Mengko kondure arep nitih pesawat apa arep nitih mobil pribadi?”

“Lho mobil apa Dhik? Wong wingi nunut pick-up.” Jawabku setengah mlengak.

“Ngene Mas. Aku arep caos hadiyah kagem panjenengan. Wujude mobil weton anyar. Yen panjenengan kersa, mengko bisa disopiri piyambak. Yen ora kersa nyopir, ya nitih pesawat terbang wae. Sesuk mobil ben digawa sopir.”

“Mobil Dhik? Lhoh aja guyon lhoh. Mobil ki larang regane lho. Kok arep diwenehake aku.”

Aku rada maido. Mesthi Dhik Megan guyon iki.

“Iki tenan Mas. Sampeyan rak weruh dhewe saiki aku wis kasil anggonku usaha ana kutha. Perumahan wis duwe patang nggon. Sing wingi kita tinjo kae, perumahanku sing nomer telu. Iki isih ana maneh kang nembe dibabat lahane. Lan aku uga dadi rekanan TNI AD kang nggarap proyek-proyek gedung ing ngendi-endi papan. Dadi prekara mobil regane pira aja digalih Mas. Sebab aku banget matur nuwun marang panjenengan kang kersa rawuh mrene. Iki minangka hadiyah saka aku mas.”

Dhuh, apa aku ngimpi iki? Tilik sedulur nom ora nggawa gawan apa-apa malah mulih arep disangoni mobil. Lhah, rak tiba kuwalik ta?

“Dhuh, aku matur nuwun banget Dhik diparingi mobil. Sajeg jumleg ora nate ngimpi duwe mobil dhewe. Bocah-bocah mesthi kaget mengko yen aku teka nggawa mobil.”

“Lha ya kuwi Mas. Karepku ben kabeh melu ngrasakake seneng. Ben para ponakanku melu kecipratan rejeki saka paman sing ana Jakarta iki.”

“Ya Dhik. Supaya ora ngrepoti mengko daksopiri dhewe wae. Wong saiki jalan tol wis nyambung tekan Klaten. Mlaku bisa lancar tanpa alangan.”

“Ya Mas. Nanging sing ngati-ati. Aja kebut-kebutan. Tetep manut wates kecepatan kang ditemtokake ing dalan tol.”

Aku nganthugake jempol tandha sarujuk. Dhik Megan enggal telpon marang sawijining pawongan. Mung cekak aos ature:

“Mobil gawa mrene.”

Ora suwe mobil teka. Mobil anyar gres saka dealer. Sajake wis disiapake wiwit aku teka sepisanan kae. Mobil jenis SUV kang amot akeh, cocok karo cacahe kulawargaku kang uga akeh. Nanging uga tangguh kanggo mecaki dalan ing ndesa kang durung kabeh kambon aspal. Wah jan begja kemayangan tenan aku dina iki. Mung sing ndadekake atiku rada ngganjel mobile kok warnane pink. Mobil iki cocok nek sing numpak Paris Hilton utawa Jenifer Lopez. Nek sing numpak wong gagah kaya aku kok…

“Pak mobile endi. Pak…Pak…”

Lamat-lamat aku krungu swarane ragilku si Kaila. Aku gragapan. Mripatku daklekke amba. Ing ngarepku katon dak rangkul mobil remot kontrol kang isih buntelan plastik bening. Warna pink. Ana tulisane:

 “Hadiyah Lebaran kanggo Kaila, saka paman Megan.”

Lhoh, jebul kabeh mau mung ngimpi.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/12/19/cerkak-kembang-turu/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...