Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Nampel Puluk

 (Cerkak dening: Bambang Khusen Al Marie)

Dina iki aku rumangsa begja kemayangan. Lagi wae didhawuhi Ndara Puspa saperlu yasa lemari kang guedhi banget. Mesthi larang regane. Wis genah! Rejeki nomplok. Apamaneh aku ora susah kulak bahan. Ana stok lawas kang bisa digarap, jumbuh karo pesenan lemari mau.

Sesasi kepungkur juragan Sahlan pesen lemari. Bodhoku, pesen lemari larang kanthi kayu sanakeling lan ora nganggo porsekot kok ya dakgarap ngono wae. Bareng wis lumaku sedina rong dina, ndadak juragan Sahlan mbatalake pesenane. Kamangka kayu wus bacut dirajang-rajang. Pora gemblung kuwi? Nalika daktagih ganti rugi dheweke malah endha sambi nggleges.

“Kowe kuwi Sen, nyambut gawe durung kentas kok wis njaluk bayaran. Perkara kayu wis korajang rak iya bisa kanggo liyane ta?” Mangkono saure juragan Sahlan sambi mesem kecut.

“Lho, lha kayune wis kebacut dirajang manut orderanmu to Juragan? Lha rak iya ora cocok yen kanggo gawe barang liyane. Piye ta?” Aku protes.

“Sakarepmu lah. Kuwi resikone wong nukang!” Jawabe juragan Sahlan sugal.

Aku kepeksa ngalah. Padudon lawan wong sugih kapan menange. Mesthi salah, mesthi kalah. Dhisik nate aku sowan menyang omahe saperlu nagih bayaran pesenan meja kang wus dakkirim sesasi sadurunge. Ora diwenehi, malah isih dipisuhi.

“Dancuk! Dhuwit sithik wae ditagih, ngarah ora dakbayar ta ya? Aku iki mung durung kober njupuk menyang Bank!” Ujare kanthi sereng.

Aku ya mung meneng. Wong ceplik kaya aku kudu sabar, kudu jembar dhadhane. Supaya ora kepancing nepsuku. Mundhak malah dadi dredah.

Nanging beda karo Ndara Puspa. Ndara Puspa ora nate srogol lan sasa ulun kaya juragan Sahlan. Karang iya trahing kusuma rembesing madu, ya beda cak-cakane. Bisane mung nyekarep.

“Wis kono garapen waton apik!” Ngono ujare saben mundhut gaweyanku.

Priyayi iya beda watake karo wong alasan kaya juragan Sahlan. Nanging piye maneh, juragan Sahlan kuwi tepungan lawas, wiwit dheweke durung dadi wong sugih lan isih padha-padha ngawula marang Ndara Puspa. Sahlan banjur mandireng pribadi dadi juragan watu kang asok bahan marang proyek-proyeke Ndara Puspa. Malah banjur bisa njangkah amba kanthi dadi pemborong bangunan utawa bas borong. Wekasan cepet ndedel kasugihane. Wis begjane dheweke. Aku dhewe melu seneng weruh kancaku tambah makmur uripe. Perkara saiki banjur kakehan slaga, wis rapapa. Aku lila!

Kanthi pawitan kayu bakalan kang sakawit dipesen juragan Sahlan, aku banjur sengkud nggarap lemari pesenane Ndara Puspa. Kaya welinge esuk mau, nganggo kayu sanakeling kang larang regane. Kayu kang motif serate blirik-blirik ireng iku pancen lagi dadi trend ing kalangane pandhemen mebel antik. Mung emane gambar pesenan saka Ndara Puspa kok ngarani warna kuning. Kok ora jumbuh karo warna asline kayu.

“Menika warna plituran sampun leres dereng Ndara? Kok kuning kados kunir? Kamangka bahanipun kajeng sanakeling ingkang motifipun blirik-blirik cemeng?” Aku miterang supaya ora kabubuhan salah mbesuke.

“Pancen mangkono warnane manut tukang gambar Hasan! Wis digawe padha gambare wae!” dhawuhe Ndara Puspa terang trawaca.

Kanthi sisa kayu kang ana dakgarap dhewe lemari guedhi kuwi. Kanca-kanca tukang kayu padha prei awit aku durung duwe dhuwit kanggo mbayar. Wekasan daktlateni nggarap ijen tanpa rowang sasuwene rong minggu. Wis klakon dadi. Nanging isih kudu mlitur kanthi warna kang dikarepake juru gambare Ndara Puspa. Si Hasan ki kok ya mokal-mokal, gawe warna kok kuning kaya kunir. Gek sing nyampur warna wae rekasa, isih kudu madhakake kelir supaya ora katon jomplang karo warna asline. Nadyan wekasane iya dadi rumangsaku kok katon ampang. Kurang gagah prejengane. Nanging prekara selera rak saben manungsa beda-beda. Bisa wae rumangsaku kurang apik, nanging menawa Ndara Puspa kersane ngono rak iya kena-kena wae ta? Yo wis ben sakersane.

Nggawa pangarep-arep enggal-enggal tampa dhuwit, aku age-age ngirim lemari mau sarana pick up-e Pakdhe Tawar. Daleme Ndara Puspa kang adoh ing kutha dakrasa cerak banget marga saka ati kang gumbira. Mengko yen bayaran sesuk bisa kanggo pawitan nukang maneh. Wis sesasi pegaweku prei merga pawitan kayu entek, kadung dirajang-rajang kanggo oderane juragan Sahlan kang wurung. Dina iki pawitanku bakal bali. Hem…sesuk nukang maneh, sesuk nukang maneh… Sauruting dalan aku tetembangan. Pakdhe Tawar mung mesam-mesem nyawang aku kang kaya bocah cilik.

Tekan daleme Ndara Puspa aku siyaga mapanake lemari guedhi iku ing kamar tamu. Kaya dhawuhe biyen. Ndara Puspa mirsani karo mantuk-manthuk sajak kalegan. Nanging aku rada was-was nalika alise Ndara Puspa rada diangkat, sajak ana sing kurang sreg ing galih. Nanging bubar kuwi mung mendel, ora nyaruwe lemari guedhi iku. Malah banjur tumuju meja kerjane karo ngendika aris.

“Pira regane lemarine Sen?”

“Gangsal welas yuta Ndara!” aturku sopan.

“Ya, tunggunen sedhela! Kowe wis mangan durung? Kana, neng pawon kana! Mbok Yem masak soto karemanmu kae lho!”

Wah iki! Kok mbeneri. Dhasar weteng luwe wiwit saka ndesa durung mangan. Rindhik asu ginitik aku siyaga menyang pawon. Nanging durung nganti aku mlangkah kedadak ana suwara wong uluk salam saka ngarep.

“Kula nuwun Ndara!”

Lhoh juragan Sahlan. Ing sisihe ana priyayi bagus kanthi sandhangan necis. Sajake pegawe bank.

“Kene Lan, Sahlan. Mangga Pak Heri!” Ndara Puspa mbagekake tamu kalorone kanthi sumanak.

“Mipik lemari ageng sanget Ndara?” ujare juragan Sahlan.

“Ora mipik! Mung si Khusen dakdhawuhi ngawekake lemari. Kanggo pajangan sisan kanggo nyingget ruang tamu iki.”

“Wah sae Ndara. Kula pitados menawi damelanipun si Khusen menika alus. Nanging radi kuciwa sekedhik Ndara, warnanipun kok kuning kados ngaten, nggih? Wah, inggih kirang jumbuh kaliyan kajengipun. Sanakeling menika saenipun dipun plitur radi peteng, dados bathikanipun kajeng ketinggal mrebawani. Boten kados ngaten menika, kok kados macan loreng!” juragan Sahlan ngeciwis tanpa ditanggap.

“Wah kok bener kandhamu Lan. Wadhuh piye iki?” Ndara Puspa sajak kengguh karo ature Sahlan kang tanpa duga-duga.

Atiku wiwit goreh. Yen Ndara Puspa kabujuk ucape Sahlan, adhuh, ngalamat bakal mulih nglenthung iki mengko. Sabenere aku arep matur menawa lemari iku wis dakgarap manut dhawuhe Ndara Puspa, kalebu warna pliturane. Nanging aku ora wani nyelani rembuge para juragan kang nembe jejagongan. Adhakan sok malah banjur duka-duka. Yo wis daktunggu wae.

“Wah, gampil Ndara! Si Khusen dipun dhawuhi nggantos warnanipun mawon. Eman-eman Ndara, estu ketinggal kados lemari tempe ndara. Ecek-ecek! Piye to Sen, kowe kuwi wis tukang senior gawe warna kok kaya ngene. Wah, ra mutu!” Sahlan ganti mencerengi aku kang ndhepipis nunggu nasib ing pojokan.

“Iya iki Sen. Bareng daksawang kok benar kandhane Sahlan. Wis ngene wae, lemari gawanen bali dhisik. Gantine warnane! Prekara beya sesuk ditambahake ora dadi ngapa!”

Dhawuhe Ndara Puspa aris, nanging kaya dhodhog dhadhaku nganggo alu. Pancen Ndara Puspa sembada nanggung beya ganti rugine, nanging rak iya terus dadi mindhogaweni.

“Inggih Ndara! Lajeng ongkosipun kalawau Ndara?” Aturku pasrah.

“Lho..lho..lho! Khusen Al Marie ki aneh-aneh wae! Barang durung dadi kok wis njaluk dhuwit. Ya dirampungke dhisik gaweyane ta! Wis kana aku selak rembugan karo Ndara Puspa bab kersane kang arep yasa perumahan. Iki mas Heri saka bank selak bali ngantor. Ora nyaru wuwus kowe!” juragan Sahlan malang kadhak setengah nundhung.

Jangkrik kowe Sahlan! Batinku mengkel. Dhisik ya mung kere saiki kakehan polah. Aku metu saka daleme Ndara Puspa kanthi nglunuh. Weteng ngelih wis ora dakgagas. Aku bablas mulih tanpa pamit mbok Yem kang wus nyiapake soto ing pawon. Wis ora doyan mangan aku! Sing dakgumuni si Sahlan kok kebangeten temen. Tega nampel puluk rejekine liyan.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/06/14/nampel-puluk/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...