Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Sang Kondhektur

 Bis tuwa kuwi lumaku nggremet ing selaning sepedha motore bocah-bocah sekolah. Kabotan penumpang kang padha seg-segan, bis katon miring. Penumpang wis ora imbang ing kiwa lan tengen. Kang padha ngadeg pepet-pepetan kaya ditumpuk. Campur aduk priya-wanita, enom-tuwa lan bocah-bocah sekolah.

Protelon Ngaran-Mlese wis mungkur seprapat jam kepungkur, nanging bis durung kliwat kutha Klaten. Sedhela-sedhela mandheg ngunggah-ngudhunake penumpang. Saka knalpot bis tuwa kuwi katon keluk ireng bola-bali nyebul, memper wong watuk-watuk. Saben mandheg penumpang kang munggah luwih akeh timbang kang mudhun. Bis tuwa kang wis kabotan momotan kuwi saya rekasa lakune.

Ing njero bis swasana saya sumpek, ganda apek saka kringete mbok bakul sing arep menyang pasar campur aduk karo ambune solar saka mesin bis kang nrabas mlebu. Sawetara katon pegawe bank kang dandan ayu wangi, nanging sedhela maneh ganda wangi kuwi bakal ilang kesaput apeking kringet. Nanging kabeh padha nglenggana, jejering penumpang mula wis beja bisa katut munggah.

Bis tuwa kuwi, kang lakune wis susah, kang suwarane mesin memper wong njerit-jerit, kang ambune campur aduk ora karuwan, saben dina tansyah setya nglantarake wong-wong kang padha nyambut gawe menyang kantor, menyang pasar, pak polisi, pak tentara lan sapa wae kang ngersakake numpang. Waton bayar kanthi tarif kang murah. Mula ora aneh saben dina tansah ditunggu-tunggu dening atusan wong kang ngantri ngenteni. Ora angel nitik tekane bis kuwi, suwarane kang jerit-jerit, knalpote tansah nyebul keluk ireng lan blegere kang wis lawas.

Wis tuwa umure bis kuwi. Cete wis padha kusem lan nglothok najan tulisan arane bis “Sekar Ayu” lamat-lamat isih kawaca ing lambunge. Lan saliyane murah taripe, siji maneh daya tarike bis kuwi kang mikat kabeh penumpange, sang kondhektur bis kang bagus lan grapyak marang para penumpange. Priya bagus kondhektur bis kuwi katon seje yen dibandingake awak bis liyane, wiwit sopir lan kenek, katon manjila ing subasita lan tatakrama, sajak mriyayeni ing laku lan lelagone, nuwuhake sengsem kang andulu.

Kaya esuk iki, ing stasiun Klaten wis katon antri penumpang langganan bis Sekar Ayu. Jejer rapi ing halte cedhak pompa bensin. Lan ing antaraning wong-wong padha ngantri katon sawijining kenya endah ing rupa. Manganggo sandangan rapi, sinambi nyangking map lan buku. Sajake sawijining guru. Sanadyan akeh bis kang liwat nanging sing ditoleh si kenya mung bis Sekar Ayu.

“Mangga, mangga. Bapak-bapak, ibu-ibu…… Jogja…. jogja…..” suwarane si bagus lantang mapag antrian penumpang kang wis sawetara wektu ngenteni.

Lan penumpang kuwi kaya ora preduli marang panandhange bis tuwa kang wis miring, kabeh padha rebut dhisik, suk-sukan munggah.

“Sabar…sabar mbakyu mboten ditinggal. Boten perlu suk-sukan, kabeh kebagian,” ujare si bagus ngabani penumpang.

“Ayo adhik-adhik sekolah, ngalah karo sing sepuh-sepuh lan mbak-mbak. Sing isih enom ngadeg, ayo..ayo. Mangga Pak, Bu, Mbak…….lenggah, lenggah.”

Lan kaya kesirep suwarane si bagus kabeh padha manut prentahe. Bocah-bocah sekolah, kang mung mbayar tarip separone padha ngadeg menehake papan marang kang nembe teka.

“Mangga mbak pinarak lenggah….” Si bagus ngacarani kenya ayu mau.

Si kenya mung mesem sajak mongkog jalaran si bagus iku tansah nggatekake dheweke.

“Matur nuwun mas…,” si kenya mangsuli karo mesem sajak isin, nyoba nyingidake isining ati.

Lan si bagus, kondhektur iku nerusake lakune mblasak selaning wong pepet-pepetan rebut gondelan saperlu narik ongkos. Sedhela-sedhela si bagus nyolong sesawangan endah duweke si kenya. Lan kang disawang mung ndingkluk ndelikake eseme.

“Ongkosipun pak,……matur nuwun,…..mangga susukipun….,” mangkono suwarane si bagus saben-saben tansah dumeling.

Lan eseme si kenya kaya mecut semangate si bagus kang nembe tumandang karya. Sigrak gumbira praupane, eseme tansah ngrenggani praupane kang pancen bagus tenan kuwi.

Bis nggremet maneh ninggalake terminal cilik Bendo Gantungan kang wiwit sepi. Bocah-bocah sekolah wis padha mudhun ing desa Trunuh, papan sawijining SMA kang kawentar ing kutha Klaten. Kursi-kursi wiwit kosong. Wektune wis awan, sunaring srengenge gawe gateling sirah. Sebagian padha pindah lungguh, nyingkiri soroting surya kang nanjem ing githok.

Si bagus wis rampung pakaryane. Kabeh wis ditarik ongkos. Ora ana penumpang munggah maneh. Lan lengkeh-lengkeh dheweke nyedhak papan lungguhe si kenya kang wis ngenteni.

“Piye Dhik, apa wis matur bapak?” si bagus mbukani rembug.

“Wis Mas,” si kenya mangsuli karo tumungkul.

Si bagus nyedhak, “Banjur kepiye? Apa bapak marengake?” Lirih suwarane si bagus, wedi yen keprungu penumpang liyane.

“Minangka wong tuwa kang wicaksana Bapak mung pasrah marang keputusanku Mas, piyambake mung tut wuri,” alon wangsulane si kenya.

“Nanging sliramu rak ya matur bapak ta, nek aku mung kondhektur,” si bagus goreh.

“Iya Mas. Bapak mung nyekarep marang kang padha nglakoni.”

“Lan sliramu rak ora isin ta dhik?”

“Ah Mas,  geneya dibaleni maneh. Aku rak wis pasrah.”

“Nanging Dhik, aku ora duwe apa-apa.”

“Ora papa mas.”

“Mung duwe kuasa ing bis iki Dhik.”

“Piye mas?”

“Numpaka saben dina Dhik! Gratis!”

“Oh, mas….,” si kenya trenyuh atine.

Pacelathon antaraning ati loro kuwi kasigeg nalika bis mandheg ngarep SD Umbulharjo. Si kenya mudhun karo nyawang kondhektur bagus pepujaning ati.

“Cukup samene dhisik Mas. Mengko disambung maneh.”

“Sing ati-ati Dhik.”

Si kenya mesem manis banget, kanggo sangune si bagus nerusake laku. Si kenya isih nyawang tanpa kedhep lakune bis sajak owel ngeculake. Saka lathine kang nggula satemlik kawetu ucape;

“Oh mas Joko kondhekturku. Kowe pancen ora duwe apa-apa mas. Mung patrapmu kang andhap asor anuraga kuwi kang mranani atiku. Lan bagusmu kuwi lho mas, ora nguwati…”


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2023/08/07/cerkak-sang-kondhektur/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...