Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Ngeterke Paijo Sunat

 Wis bola-bali aku disraya tangga-teparo ngeterke sunat anakke. Ana ing desa pancen kaya mangkono adat lan pakulinane. Bocah ndesa kui isinan lan clingus. Dadi sunat wae ya wedi, was-was, khawatir. Pikirane mbundhet, atine sumpeg, dhadhane seseg, mbayangake kahanan ing njero kamar pasunatan. Mula ora karan aneh yen bocah ndeso sunat banjur diterake wong sapirang-pirang. Sedulurku sing kaleres priyayi kutha aja nggeguyu lho! Pancen mangkono kang wis kalaku wiwit jaman biyen.

Kaya pengalamanku nalika ngeterake Paijo (dudu jeneng sabenere) sunat, sawetara taun kepungkur. Paijo ki bocah sing kalebu kasep sunate. Ingatase wis kelas 2 SMA lagi gelem sunat. Kui wae sawise diultimatum ping pindho. Lan diancam arep disunat paksa. Lan akhire kelakon si Paijo mangkat menyang bong ing dina Rebo.

Najan kasep sunat satemene Paijo bocah pinter. Disik nate melu program dokter kecil. Lan paijo klebu bocah pinter. Biyan tau menang lomba olimpiade Biologi nalika kelas 1 SMP. Dadi bab sunat kuwi kepiye satemene Paijo genah wis paham banget. Nanging kok yo tetep wedi. Oh Allah, Jo. Dadi bocah kok kebangeten sing jirih.

Nalika arep mangkat Paijo wis gemeter. Sikile ndhredheg wel-welan. Ngadege ora bisa jejeg. Raine pucet. Lan lambene ndremimil. Ora muni puji dzikir nanging ngomong bab liya sing slenca.

“Pokoke dipilih bong sing profesional lho Pak!” ujare marang bapake.

“Mengko nek wis sunat oleh mangan iwak pitik to Pakdhe?” pitakone marang Pakdhene.

“Mengko nek bar sunat sing mbonceng aku aja banter-banter lho lik Khusen!” wanti-wanti welinge marang aku.

“Aku njaluk diterake wong sak kampung! Aku wedi!” ngono panjaluke Paijo.

Wong-wong padha pengin gumuyu ning ora tegel nyawang Paijo sing raine wis abang dluwang. Akhire wong-wong padha gembrudug ngeterake Paijo nganggo pickup 3 lan 20 sepedha motor. Pick up sing ngarep dhewe malah ana speakere gedhe sing nyetel lagu dhangdhut. Pamrihe supaya Paijo seneng atine.

Ora antara suwe wis tekan papane bong. Sawijining bong sing wis pengalaman. Wis ta dijamin ora salah potong. Mesthi beres wong bong siji iki wis kawentar wegig lan titi nalika garap pasien. Naning Paijo pancen sajake kaweden tenan. Sire ora gelem mudhun saka pickup sing dtaksopiri. Sawise dibujuk-bujuk lagi gelem mudhun. Kuwi wae sarana ditetah, sebab sikile kaku kabeh ora bisa mlangkah. Paijo keneng waham.

Durung wae mlebu ana ing bilik pasunatan, kadadak Paijo mbengok sora, “Emohhh!!”

Tangane bangga mobat-mabit, nyampluk kiwa tengen. Wong-wong padha kuwalahan nggujengi. Malah Pakdhe Yoso ngeblag kesampuk pilingane. Lenger-lenger sumendhe tembok karo misuh, “Druhun kowe Jo. Wong tuwa disampluk lawaran!”

Akhire wong telulas maju bareng ngruket Paijo. Najan Paijo awake gedhe pideksa masa konggang nglawan wong telulas. Kanthi rudhapeksa Paijo diglandhang menyang pasunatan. Lan, ces! Jaruk suntik bius tumencep ana ing barange Paijo sing arep disunat. Sakal Paijo cek klakep ora nyabawa, ora cemuwit. Kahanan pasunatan sepi nganti sawatara.

Ing njaba, wong-wong padha nunggu kanthi was-was. Mengko gek-gek Paijo semaput. Mengko gek-gek Paijo ngamuk terus kebentus-bentus temah kantaka. Mengko gek-gek obat biuse kakehen jalaran Paijo polah, terus overdosis. Wong-wong katon ora jenak. Lalu dhangdhut sanalika dicuthel. Prihatin marang kahanane Paijo.

Wis setengah jam. Wis sakjam. Paijo durung katon. Wong-wong wiwit goreh lan arep dobrak lawang klinik. Kuwatir bong nindakake malapraktek. Yen ngono tenan ateges bong wis gendhak sikara marang Paijo. Bong wis tumindak dzolim marang Paijo. Kudu diwenehi pelajaran bong iki!

Nanging durung nganti wong-wong tumindak luwih adoh dumadakan lawang pasunatan menga. Paijo katon bregas plengah-plengeh. Ilang pucete, ilang dhredhege. Malah tangane dhadhah-dhadhah marang para pendhukunge kang cacahe suwidak rolas.

“Tenang sedulur! Tenang! Aku ora papa! Aku slamet sehat wal afiat. Pak Bong banget profesional lan memanusiakan. Aku digarap kanthi tliti lan premati. Nganti aku ora krasa yen disunat. Pak Bong lucu lan seneng guyon. Aku malah wis madhang barang ana njero mau, lawuhe jangan tewel. Enak tenan. Mula suwe lagi rampung! Wis saiki ayo bali. Lagu dhangdhute diputer maneh!”

Paijo gumuyu ngglegek turut dalan. Wong-wong padha jejogetan seneng jalaran Paijo klakon sunat. Mung Pakdhe Yoso sing isih pungun-pungun mari saka kantaka. Ujare karo ngisis rokok klobot, “Gae giris wong sak kampung Jo! Andeknen saiki prengas-prenges! Trembelane Tenan!”

Oh Allah! Jo….Jo…..


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2023/12/25/cerkak-ngeterke-paijo-sunat/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...