Translate

Jumat, 20 September 2024

SERAT MANIKMAYA


Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo, 30 Maret 2021

@@@

I.

  1. Lumaksana sekar sarkara mrih, pininta maya mayangngéng ngulah, kang winnarnéng pituturé, dukmaksih awing nguwung, durung ngana bumi langit, nanging Sang Hyang Wisésa, kang kocap karuhun, menneng samadyanning jagad, datan narsa mosik jronning tyas maleddi, enning anneges karsa.
  2. Amurwéng ngongga anggannya titis, titissing driya tannana kang lyan, pribadi datanna suwé, miyarsakken swara sru, tan katingngal unninya kadi, gentha sakala kagyat, saryannon antelu, gumantung néng ngawang ngawang, gya cinadhak sinnanggéng ngasta pinusthi, dadya tigang prakara.
  3. Saprakara dadi bumi langit, saprakaranné téja lan cahya, mannikmaya katiganné, kalih prasamya sujud, ing padanné Sang Maha Munni, Sang Hyang Wisésa, dhateng Sang Hyang Guru, éh Mannik brahanniréka, sira iku annanningsun ningsun niki, éstu kahannannira.
  4. Ingsun pracaya sakalir kalir, saisinné jagad pramudita, sira wenanga dadékaké, Bathara Maya matur, dhuh pukulun  Sang Maha Munni, kadya punnapa tuwan, nayogya ing ngulun, kalangkung dénning sulaya, suwarnanné pun Mannik dahat apekik, cahya gumilang.
  5. Warni kawula awon lan malih, cahya cememng apindha wedellan, Sang Hyang Wisésa delingngé, iya wruhannira wus, karsanning Sang Amurbéng Pasthi, aja sira nalongsa, iki mannira sung, aranné rêtna dumilah, musthikanning rêtna tannana kakalih, barang sedyamu dadya.
  6. Pinnarnah néng kukuncang lan malih, dénning cahyamu pindha wedellan, sung warna iréng nyatanné, [6]langgeng sapanjangngipun, lir raditya kalawan sasi, tanggal sadinna mundhak, terkadhang lumungsur, surya langgeng datan nowah, Sang Hyang Maha  sumungkem pada ngastuti, ngling malih Hyang Wisésa.
  7. Iréng nyatanning wasita wengi, wengi iku dadya pasennettan, kang ngana dadya oranné, iya dinnalih dudu, ingkang dudu dinnalih yekti, kang mannahé sudira, miruda ing ngangkuh, awedi bok kasamarran, sira aran Bathara Semar prayogi, amumpunni pratala.
  8. Bathara Maya saur pranniti, angadhaton ing bumi asapta, kunneng Hyang Wisésa angroh, Bathara Guru sampun, winnisikking salirring wadi, widagdyanning ngamurba, murba lirring tuwuh, Sang Hyang Wisésa wussilang, ilang saking ngarsanninné Sang Hyang Praméthi, Guru kari Hyang Gana.
  9. Ngunandika bumi miwah langit, puwara pisah antarannira, atebih wau prenahé, andhap kalawan luhur, luhur datan kacakréng budi, bumi kalangkung susah, dadya sanget caun, ngawiyat sanget nalongsa, mulat dhateng pratala sanget prihatin, tansah kambang kambangngan.
  10. Néng samodra katiyupping ngangin, yén barat saking kulon mangétan, yén saking wétan baratté, mangilé parannipun, lamun saking kidul kang ngangin, bumi ngalor lumarap, saking lor anempuh, mangidul punning pratala, lamun nuju wonten angin sarêng prapti, anempuh kang pratala.
  11. Anéng tengah pratala kumitir, ombak kombul madyanning samodra, sangsaya sru pannangissé, bumi langit gya metu, angin roro saking jro bumi, saking luhur ngakasa, marutanya metu, wasta sindhung aliwawar, sindhung bayu bajra kang saking jro bumi, gengngé sasigar jagad.
  12. Lampahnya ngobahaken pratiwi, kang saking luhur sarêng lampahnya, papag anunggal karsanné, manjing néng samodra, lir kinnocak punning jaladri, datan kennaha ararywan, saéngga kinnebur, tan pegat dénnya walikkan, pramilanné samodra temah annangis, bumi saya gambira.
  13. Saya gambira kagiri giri, téja lan cahya datan lumampah, tan nana siyang dalunné, mojar Bathara Guru, éh Sang Téja lan cahya wenning, sira mangké tampiya, pangandikannipun, Hyang tan nana sira ingkang, kinnaryaha amadhangngi ing rat bumi, lampahmu dénna gantya.
  14. Nanging sira cahya dénna mawi, mundhak lumungsur yén wus tumeka, tigang pupuh pamepeggé, ping limawelassipun, asennettan sajronning warih, murya lumaku siyang, pasennetannipun, sajronning punning annala, wus sayogya Hyang Giri Natha sakéhing, Jawata nawa sanga.
  15. Kang ngannéng jagad wétan kakasih, Hyang Maha Déwa legi pasarnya, Maha Déwi Batharinné, selaka kuthannipun, manuk kuntul punning jaladri, santen ana caraka, aksara kang dhawuh, Sang Hyang Sambu wastannira, annéng jagad kang kidul kitha tembagi, Batharinné swagyana.
  16. Manuk ulung pasarranya pahing, segara getih punning aksara, datan sawala sastranné, Hyang Kamajaya mungguh, jagad kulon Bathari Ratih, murub kuthannya emas, segaranné madu, manukké manukké podhang, pasaranné epon aksara winnarni, nenggih padha jayanya.
  17. Bathara Wisnu kuthanné wessi, néng jagad lor wage pasarrannya, Bathari Esri déwinné, nila segarannipun, manuk gagak sastrannya adi, nenggih ma ga ba tha nga, gagadhuhannipun, Bathara bayu kang ngana, jagad tengah déwinné Bathari Sumi, kaliwon pasarrannya.
  18. Sapuluh sastra gagadhuhanning, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0, kaliwon papasarranné, kuthannipun parunggu, tasik wédang manukké gogik, kang wontenning lor wétan, prit anjalatunggu, aksarannipun bya ebyak, kidul wétan Sang Hyang Kuwéra nengganni, satranné nara sunnya.
  19. Kidul kulon Bathara mah yekti, gandhéya aksaranné ing ngucap, ingkang lor kulon déwanné, Bathara Sicah luhung, kang tinnengga sastra nur witi, sadaya wus pepekkan, déwa maha wolu, kasanga bayu kang kocap, ing carita jagad nusa jawa maksih, go[7]njing dénning érnawa.
  20. Sinnerru ngadeg Sang Hyang Pramesthi, karanné luhur punning ngakasa, winnangsul malih tingallé, mangadhap Sang Hyang Guru, dadya lapis sapta kang bumi, jagad ingkang kapisan, rinneksa dyah ayu, ibu pratiwi namanya, jagad ingkang kapindho rinneksa dénning, Hyang Bagawan Kusika.
  21. Sang Hyang Dang Dhang kaping tiga bumi, kaping sakawan Sang Hyang Sindhula, ngerampallan ping limanné, akathah yogannipun, warna tiga ingkang rumiyin, ayoga kokowangngan, garangngan panggulu, pamuragil warni ula, sawarninning sarpa saisinning bumi, yoganning Dherampallan.
  22. Yén kalimpé bapakné binukti, teksaka dénning sanakké ula, kang roro samya kaweléh, génnya mongsa sadulur, Dherampallan asanget runtik, tinundhung ingkang putra, kalih kang pambayun, lawan kang panggulu késah, asusumbar sira kabéh wus pinasthi, dadya mamangsanning wang.
  23. Mila tamtunné dalasan mangkin, kokowangngan amongsa teksaka, nenggih punnika kandhanné, kunneng ingkang tinutur, kaping nemmé kang punnang bumi, Bagawan Mannikkara, wastanné kang tunggu, anumpak bumi kasapta, Sang Hyang Ontoboga minongko ratunning, jawatha sapta jagad.
  24. Saisinné dipun wikanni, bumi kapitu tanna kang liyan, kunneng Hyang Guru karsanné, Nusa Jawi piinnaku, karsannira ywa kenna gingsir, jumenneng sannalika, tingnngalnya sinnerru, wus dadya punning mrawata, prennahnya néng jagad kang kulon amergil, ing ngaran jamur dipa.
  25. Sampun tetep tanah Nusa Jawi, datannobah katempun hérnawa, nagging asanget miringngé, ingkang wétan méh sundhul, ing ngakasa Sang Hyang Pramesthi, aris kang pangandika, mring déwa sadarum, atannya miringnging jagad, sarêng matur sakatahing para rêssi, mring Sang Hyang Giri Raja.
  26. Ya pukulun sang maha pinundhi, wekassing jagad wus kapariksa, pramila sanget miringngé, annenggih wonten gunung, wekas kilén aminggir tasik, ageng kabinna binna, mojar Sang Hyang Guru, mwngko ana dayanning wang, gunung ngiku sira dhungkarra prasami, alihna wekas wétan.
  27. Payo sira mangkatta tumuli, wonten jawatha siji pinnisah, Empu Ramadi wastanné, sira ywa milu ngusung, jamur dipa sunnawéh kardi, agawéya gegaman, kang Linnangngan matur, datan lengannéng paréntah, sakathahing jawatha umangkat gipih, kunneng kang winursita.
  28. Hyang Dermajaka yoga semadi, aputra jalu wus jinulukkan, catur Kennaka wasatanné, Sang Hyang Kennaka catur, angrangaken tapa wus dadi, sabarang ciptannira, saka sekténnipun, Hyang Dermajaka sinnaman, nulya yoga semadi atmaja pekik, parabkanné kaputra.
  29. Wus pinathi karsanning Hyang Luwih, sajennengngé sangkannéka putra, tuhu yén putra annanné, abakit tan winuruk, kinnén tapa wus dén lampahi, wus sinungngan  musthika, éndah warnannipun, awasta Rêtna Dumilah, binekta manjing sajronning jalanidi, tapakur nrangken raga.
  30. Yén narsa boga myang nginum warih, Rêtna ingkang ginonda, tan kenna ing ngarip luwé, tan teles néng jro bannyu, datan gosong manjing jro genni, ambi sutapannira, nétrang samodra gung, sigeggan sang ngapratapa, wus sangraga sukma warna amalih, sagung para jawatha,
  31. Tanna mawi marga sampun prapti, prenahira gunung jamur dipa, sagung déwa déwi kabéh, bathara sampun kumpul, myang bathari samya anggusthi, kadi paranning karsa, Hyang Brama amuwus, ingsun kang dadi bendhaea, dan-dannana kang nganéng dhasarring wukir, Wisnu kang ngagungkarra.
  32. Atiwikrama Sang Wisnu Murthi, nulya gengngipun kabinna binna, sami lan gunung gedhénné, bayu pikullannipun, Sang Hyang Ngendra dadya tetali, bendhawa winusarran, salanggya sinnambut,pinnikul para jawatha, Sang Hyang Surya sanget dénnya anningngalli, jawatha kapannassan,
  33. Kapannassan déwa lawan déwi, sanget panningngallipun Hyang Ngarka, angrasa yénnarêp ngombé, yata andulu bannyu, miyos saking lambungnging wukir, déwa samya agahan, nu[8]lya samya nginum, satunggil tan kaliwattan, samya pejah margannya anginum warih, siji tan nana gessang,
  34. Sang Hyang Guru milya nginum warih, tan kalebu jronning guwa garba, tangginnas nulya linnepéh, Sang Hyang Pramésthi muwus, angker temen toya punniki, kamulanné semana, Hyang Prtamésthi Guru, ajujuluk Nilakontha, dénning tenggak punika aciri putih, marganné nginum toya,
  35. Mapan dudu sajatining warih, toya iku pan gurunning ngpas, Hyang Calakutha wastanné, Hyang Pramésthi andulu, tirna wenning pucakking ngardi, sru gandannira kongas, dahat mannissarum, Hyang Giri Raja anulya, kapanjingngan sarira gandanning warih, sumrah sajronning ngongga,
  36. Sang Hyang Jagad Natha ngling pribadi, pantessé iki toya dimarta, Hyang Kamandhalu wastanné, Hyang Wisésa tumurun, asung swara ing Hyang Pramésthi, iya punnika tirta, marta kamandhalu, iku saking Hyang tannana, sajatinné iya iku bannyu urip, angurippi ngagessang,
  37. Anggurippi salirring ngaurip, toya iku dadya pangngurippan, kang kayu irêng ngannanné, aranning punning kayu, sandilata panniya dadi, pangurippanning pejah, saniskarannipun, pasthi dadya pangurippan, déwa déwi satriya rathu bupathi, lan sakéhing manungsa,
  38. Miwah but aula lawan reksi, ejin sétan saisinning jagad, saking kayu kaurippé, mapan rumuhun kayu, annannira jawatha kari, karanné kenna lara, déwatha sadarum, wekassanné kena pejah, dénning ngora unninga rasanning ngurip, pilih wong kang nginumma,
  39. Yén sampun samya angnginum warih, déwa iku datan kenna pejah,lan norannana laranné, mangka Sang Hyang Guru, aterampil anginum warih, lan sarta winnadhahan, wus munggéng cucupu, aran Mannik Astaginna, raossipun ingkang tirta luwih adi, Hyang Pramésthi kacaryan,
  40. Langkung kacaryan  Sang Hyang Pramésthi, dénning raossé kang punning toya, wus késah prating prennahé, déwa pejah Hyang Guru, duk ambuka cucupu mannik, ingkang kaisénnan toya, déwa kabéh sampun, tinnétéssan lathinnira, déwa déwi bathara lawan bathari, samnya waluya gessang,
  41. Agessangnga paripurna urip, lir wingi unni mulya sadaya, pra samya ambangkat gawé, nulya tinnarik asru, jamur dipa sampun dénnirid, kérid para jawatha, jawatha kang jung jung, kajungjung ing prenahira, siti kantun agengnya mung sagennitri, dadya gunung tempora,
  42. Gunung dipun nagari caringin, runtuh sakemiri dadya arga, ing banten musgigal waléh, sahantiga geng ngipun, dadya gunung ngagengnga inggil, sakunning pajajarran, wukir wala ula, laju lampahnya mangétan, ana gigal gedhénné mung sakemiri, dadya gunung sirêbah,
  43. Kathah warwata awarni warni, ya ta lajeng lampahing jawatha, akathah tiba sitinné, dadya parwata agung, tanpa cirri namanning wukir, gunungngé wongnging tegal, kang satunggillipun, winnastan gunung pragota, gunnung kendheng kang kécer urutting margi, angendheng sapangétan,
  44. Runtuh rong kepel kang punnang siti, dadu gunung sumbing lan sendara, ing kedhu gonnipun rérén, pramila bumi kedhu, mirah toya dalasan mangkin, karingetting jawatha, wussa ngrasa lesu, angangkat datan kaangkat, dénning samya ngungkulli punning besali, karanné datan kongang,
  45. Besa lénna empu ramadi, dénnya pandhé annéng ing gegana, kepel minongka pukullé, sarwi aparon dhengkul, genni miyos tung-tungnging ngaksi, grana dadya abubban, kang minnongka sepuh, idu miyos saking lidah, kang pinnandhé wessi bakamah eribbi, dadya gagaman swarga,
  46. Warna-warna  gagamanning swargi, cakra gada dhendha lan musala, bajra limping gada dénné, duduk lan alu-alu, konta boji kalawan bindi, tamsir kalawan pedhang, trisula lan suduk, ana dadi paso patya, bramas trampuh sengkal gya rêdya dedali, pra tuwin marcu jiwa,
  47. Satkathahé gagama[9]nning swargi, empu ramadi ingkang ngakarya, kathah yén tinutur kabéh, déwa prasamya dulu, mring bagawan empu ramadi, dénné datan tumindah, ngerrig ngusung gunung, teka pijer ngéca éca, api sadu annambut karya pribadi, oléh urdinné sapa,
  48. Mapanning mengko keriggannaji, linnarang wong nambut gawé ngomah, apa tan ngru wartanné, wong padha ngusung gunung, gunung gedhé kagiri-giri, dénné nora kayaha, énnak amemalu, kaya wong tan kaparéntah, piyangkuhé si empu mannas baranni, kaya lannang priyongga,
  49. Bathara condra umatur raris, yén suwawi ing ngabannan dhendha, tinrappaken salerrêssé, mojar bathara bayu, kaloréyan temen si adhi, bok teko jinnarahan, rajakayannipun, kalamun malat binnonda, yénna rosa sedheng tumeka ing pati, sapa kang maéluwa,
  50. Sang Hyang Condra lumaksana aglis, prapta ngarsanné Hyang Ngempu Rama, bramantya asru wuwussé, punning lathi kumelut, ngadeggannéng ngarsa nudingngi, angngucap sarwi nentak, sengak muwussipun, kuingmu tanna miyarsa, melengmu macicil datan nudanni, yén mengko akéh karya,
  51. Wong nambut karya dhéwé tan kenni, sira iku tekaha apiora, angénnak énnak papandhé, bathara Cakra rawuh, Sang Hyang Citra Gotra nganthénni, ginnelut empu Rama, nulya Hyang Samburu, annarajang nebah jaja, empu Rama angrasa yén di temenni, jumbul sarwi bramantya,
  52. Aprawira empu Rama adi, dyan pinnenthang baunné kang kiwa, sarta medal karingetté, awaknya pan kumutug, kadya wédang umobbing jadhi, alunnya kadya lengnga, marucut lir welut, jawatha sami kasingsal, kang sawnnéh tiba kongseb kasaliring, kalumah ngathang-ngathang,
  53. Lumayu pra jawatha awing awring, bathara Sakri langkung bramatya, purama pinnapaggaké, ramé jagur jinnagur, jeg jinnejeg asilih ukih, datan nana kasorran, samya kuwattipun, bathara Sakri kajengkang, dipun candhak wingkingngannya wus tinninggil, ing ngubengken ngawiyat,
  54. Rinnebut dénning Sang para rêssi, Sang Hyang Sakri sampun tanpa kerkat, ginnosongngan déwa kabéh, sarirannya lir kapuk, sagung para jawatha wing wrin, Sang Hyang Bayu bramatya, amarêkking ngayun, kalih sarêng annarajang, ramé udreg suru sinurung pra sami, dénning prakosannira,
  55. Bagawan empu rama tarampil,  bayu cinandhak iketté pinggang, Sang Hyang Bayu nyandhak agé, iket pinggang Ramampu, panna ramé tanting tinnanting, gantya sendhal sinnendhal, ajung-jung jinung-jung, aramé buwang-binuwang, Empu Rama binuwang  malesat tebih, angadeg tibannira,
  56. Narajang Ramya bithi binnithi, jagur jinnagur sami prakosa, tanna kasorran kaliyé, kalindhih saya dangu, Sang Hyang Bayu baunnya kalih, pinnetak nulya kalah, pratala Sang Bayu, sukunné manjing watara, waked dhengkul sarira tanna ngulisik, rinnebutting ngakathah,
  57. Saya krodha Empu Rama adi, akarsa banting mannahé cuwa, Bathara Brama delingngé, yén mengko wong batur, payo sarêng lumindhih, Ki Empu kinnembullan, ajana lumayu, pira kadar wong satunggal, amiyarsa Bagawan Empu Ramadi, nambut durma tinnembang.

II.

  1. Wus anambut gagaman Hyang Empu Rama, dénning dipun kembulli, ing para jawatha, Empu Rama susumbar, iya kembul lan mami, nanging yén sira, acundhukking jemparing,
  2. Wurung sira alebur dadi érnawa, wruh annanira wak mami, akarya gagaman, dudu karêp ngong dhadhak, karsanné Sang Hyang Praméthi, yén nuwis dadya, sira king kang duwénni,
  3. Kabéh myarsa sagungnging para jawatha, Bathara Wisnu angling, satemenné iya, sami kirang pariksa, kabéh konca batur mami, amesthi sira, dinukan Hyang Pramesthi,
  4. Tanna dangu wus rawuh Hyang Jagad Natha, nitih lembu andinni, cahyanya gumilang, kadi mrecu ngandika, Hyang Giri Raja amannis, aja brawala, payo angkattenna glis,
  5. Gunung ngiku yén jagad uwis arata, si[10]ra sunganjar sami,  tirta pangurippan, tan kenning lara pejah, tumandang Sang para rêsi, nyandhak pikullan, samya arêbut dhingngin,
  6. Gya sinambut kang punning siti kasingsal, kalih kepel nibanni, dhateng pawirungngan, nipun Sang Ngempu rama, tannantara dadi wukir, kakalih jajar, wasta gunung marapi.
  7. Lan merbabu nenggih tamtunnipun kina, murub dalasan mangkin, gegetunning nala, Bagawan Empu Rama, pabusalén dadi wukir, sapunna karya, yoga amuja wessi,
  8. Waja pamor tembaga pinusthi dadya, aran brama kedhali, sampun winurukkan, apandhé sampun bisa, aparon dhengkul asupit, jari jwapunni, sepuh idu kang mandi,
  9. Empu Brama Kedhali sampun nayogya, wasta Sang Onggajali, Onggajali putra, jalu wus pinnarabban, nama Empu Songka Adi, umasuk islam, nyabat jengngira nabi,
  10. Punniku mencarken aksara Jawa, anuhun pangaksami, pun Karta Mursadah, marmintanné tan pegat, prasabenning sang linuwih, wong sudra papa, pinardika ing Gusthi,
  11. Ingkang dahat asih dhateng bala tontra, tinrappaken sahadil, sanget palamarta, amretakken kang samar, ring nala winratting galih, kunneng winnarna, lampahing para rêssi.
  12. Datan kandheg para jawatha mangétan, maletik punning siti, wus dadya parwata, lawu sang para déwa, alon lampahnya lestari, sitinya gigal, gengngé saka cang wilis,
  13. Dadya gunung kadhiri sakantunnira, siti wus pinnirail, binuwang mangétan, mangalor ingkang dadya, gunung murya kang sawiji, parwata pandhan, gunung bancak lan malih,
  14. Gunung soka rinnilannardi gulangngan, gunung kelud annenggih, pucukkipun dadya, saméru mila dahat, gengngipun méh sundhul langngit, sagung jawatha, marêkking Hyang Pramésthi,
  15. Angandika aris Sang Hyang Jagadnatha, dhateng para rêssi, kinnén angngambilla, kayu mawi téja, lan watu pra tuwin siti, mannira arsa, amangngun swarga adhi,
  16. Allah tangala nitahken bale ngaras, Sang Hyang Guru akardi, bale marcukundha, Allah nitahken swarga, pirdos Sang Hyang Guru kardi, sawarga loka, Allah karya yumanni,
  17. Sang Hyang Jagad Natha akarya kakawah, Allah nitahken malih, waélul naraka, Sang Hyang Guru akarya, endhut belegdaba nenggih, Allah annitah, wot siratal mustakim,
  18. Allah nitahken kang para malékat, Sang Hyang Guru Pramésthi, ayogya jawatha, sapituturring kitab, sadaya dipun timbangngi, si marcukundha, bale sampun dumadi,
  19. Wot siratal mustakim timbangngannira, uwot siogal-lagil, wus pepak sadaya, widyadari ing swarga, loka kathahé sakethi, langkung satunggal, ita Bathari Rathih,
  20. Sang Hyang Guru sampunna mawi sisiyan, Sang Hyang Uma Bathari, sampunning dumadya, suwarga luwih pélag, para jawatha wus sami, pepak sadaya, miwah para Bathari,
  21. Aglar sandhapping bale si marcukundha, dhadhasar wus cumawis, karsannipun samya, angnginum punning toya, kamandhalu adan lirih, pating gariyak, sukunnira kapati,
  22. Wonten kocap rêrêgedding marcapada, nanging warni raseks, dannawa paparab, rêmbu culung unningnga, yén para jawatha sami, angnginum toya, Hyang Rêmbu culung ngalis,
  23. Medhun saking ngawiyat sedyanné arsa, tumut angnginum warih, tanna mawi taha, punning tirta dénniras, ginnogok kunningngan dénning, Bathara Condra, Sang Hyang Wisnu jinnawil,
  24. Kakang Wisnu punnika wonten dennawa, tumut angnginum warih, sinten kuwawa nglawan, Bathara Wisnu amusthi, cakra daksana, lumepas amatitis,
  25. Gulu pegat nanging salebetting sirah, sampun kalebon warih, déréng manjing badan, kaselak dipun  cakra, wus pejah punnang raseksi, sirah malesat, mumbul madyanning langit,
  26. Dadi buta kara mumong sarêmbulan, miwah pratongga pati, ujarré wong buda, mila wonten grahana, [11]aramé dipun béndrongngi, minongka tandang, kunneng ingkang winarni,
  27. Hyang Bathara Guru alenggah kaliyan lawan Uma Bathari, Hyang Guru lingira, marang Bathari Uma, yayi jenennengnging ngaurip, jalu wannodya, ambabarraken wiji,
  28. Sang Dyah Ayu cinnandhak astanné kiwa, sarya ing ngarih arih, Sang Rêtna tur sembah, kakang ulun lengana, sinnenggaman ulun maksih, déréng unningnga, sajatinning pawéstri,
  29. Taksih suwung kakang sarira kawula, Bathara Guru angling, dhuh pupujanning wang, inten rêtna mulyéndah, dasiyé nedha jajampi, Bathari Uma, tansah angrarassati.    

III.

  1. Sang Dyah mijil sang kakung ngukuhi, rinnabaséng turon, atangkis asta sang dyah tan péléh, sirna gempa langenning kang sari, priya andhatengngi, jayéng prana ninimpuh,
  2. Pinten rosanning dyah wus katitih, teka ing parêmpon, nanging sang dyah asanget lumuhé, dupi gaduh rasanné kang jati, kén Uma ngoncatti, dadya Sang Hyang Guru,
  3. Kamanya nrus tumibéng jaladri, jumegur tannalon, tamah dadya gara-gara gedhé, lir kinnocah punning jalanidhi, ing sawarga tuwin, prabawa annempuh,
  4. Bale marcukundha lir ginnonjing, Hyang Guru nabda lon, mring déwa kabéh apakaranné, gara-garanné swarga kapati, matur para rêssi ing Bathara Guru,
  5. Sampun amba pariksa kang dadi, prabawa gumenjot, Sang Hyang Prathiwi wonten warninné, kaulatan saged amastanni, Hyang Jagad Natha ngling, iya jenneng ngingsun,
  6. Kang nguningnga wastanné kang dadi, gara-gara abot, ya sang kama salah iku ranné, geter pater samya annauri, angngandika aris, Hyang Pramésthi Guru.
  7. Sakathahé yo gamnningsun sami, mengko karsanning ngong, sira mrecaya kabéh, mring si koma salah dén tumuli, kang tan naklonni, dudu yoganningsun,
  8. Para jawatha samya tur bekti, umangkat tan nalon, samya ambekta sagegamanné, prapténg samodra samya glepassi, kalawan jemparing, tibanya lir jawuh,
  9. Sangsaya yén dipun tingalli, gya kalawon lawon, cakra daksana dadya mukanné, limping nenggala baunné kalih, gada ingkang dadi, geger wus alungguh,
  10. Sang para jawatha anningalli, samya gawok gowok, Bathara Brama alon muwussé, dénné sira padha ngaku sukci, kaya pasu mami, sirantukka mungsuh.
  11. Kang bisa nyepeng sastra jemparing, atannapi waos, mandah baya kabéh palayunné, wus lumampah Hyang Kala maranni, mring déwa pra sami, sasaran lumayu’
  12. Rêbut dhucung karsannira ngungsi, Hyang Guru angadhaton, para déwa prapténg ngarsa kabéh, angngandika alon Hyang Pramésthi, baya paran dénning, pra samilumayu,
  13. Déwa samya umatur wotsari, ing Sang Maha Kathon, mila sadaya sru palajengngé, pun kama salah mangké awarni, dannawa ngjrihi, mangké kados rawuh,
  14. Wau swaranya nguwuh angerik, kawula jrih tumon, atakén bapa wau sedyanné, mésem Hyang Guru ngandika aris, mengko ana ngendi, kang ngarupa diyu,
  15. Lan gya cinnatur ing Hyang Pramésthi, ing jaba gumuruh, déwa samya gégér sadayanné, ngungsi sajronning kang sawarga di, méh prapta ngarsanning, Hyang Bathara Guru,
  16. Rémanya gimbal sakisi-kisi, dumugéng cicingklok,  siyungngipun sacarak panjingngé, nétranya pindha pratongga pathi, muka sawangcuri, wiwaranning ngicung,
  17. Lir guthaka sakembarran rawit, ing lathi mangrongkob, simbarring jaja kadya ing nguré, wulunning geger dawa mratanni, yén tinnempuh dénning, maruta kumrusuk,
  18. Prapta ngarsannipun Hyang Pramésthi, ngadeg swaranya gor, éh sira iku apa wastanné, Hyang Jagad Natha ngandika aris, ya ingsun kang dadi, rathunning tumuwuh.
  19. Sang kawasa lah keras nauri, yén sira sayektos, rathunning sanniskara kabéh, sunna takon prenahing sudarmi, pasthi sira unning, yén sanyata rathu,
  20. Angnga[12]ndika alon Hyang Pramésthi, nyata ingsun weroh, marang sudarmannira prenahé, lamun sira anut karsa mami, kama salah angling, iya mannira nut,
  21. Kaya priyé maringsun kang karsi, Hyang Guru nebda lon, iya wong anut iku tegessé, saparéntah ingsun dén lakonni, mapan sira kadi, wong nganjongka Guru,

IV.

  1. Lamun sira arsa wikan, ing bapakmu anembaha ing mami, nuli mannira atuduh, mojar sang kama salah, iya gelem mannira nembahréku, nanging yénnora kapedhak, pasthi yén sira bilai,
  2. Sun tadhah sun tara mongsa, babalungmu pasthi ingsun kelétti, angngandika Sang Hyang Guru, iya sakarêppira, paténnana yén goroh sariranningsun, anulya sang kama salah, mendhak néng ngarsa ngebkti,
  3.  Tarampil Hyang Jagadnatha, kama salah binnedhol ingkang wénni, kalih lembar nulya jumbul, tumengnga kama salah, wus cinnandhak siyungngé karo jinnabud, lajeng sinuwuk lathinya, upassé sadaya kenni.
  4. Winnadhan nastaginna, winnor lawan calakutha kang warni, siyung dadya pannah limping, kang sawiji nenggala, pannah roro wawratté amitung ngatus, réma kakalih wus dadya, kendheng ponca wéda luwih,
  5. Sang Hyang Guru angngandika, kama salah sira ingsun naranni, Sang Hyang Kala ingkang sinung, jujuluk atur sembah, sasampunné ngandika Bathara Guru, ésmu runtik dhateng garwa, Bathari Uma annuli,
  6. Cinnandhak nulya sinungsang, sanget muwun déwi Uma anjerrit, kadya sundari awuwuh, karsanning Hyang thannana, wus sawarna durga panjritté sangngayu, jinnodhokken Sang Hyang Kala, pinnarnahaken tumuli,
  7. Kayangnganné Sang Hyang Kala, annéng nusa kambangngan lan kang rayi, dénya akrama sih lulut, Hyang Guru kang winnarna, angngandika dhateng Hyang Bramalan Wisnu, tinuduh numpes dannawa, dadya rêrêgedding bumi,
  8. Rêmbu Culung kang ngatmaja, kawan dasa tinumpes tanna kari, nanging sawiji kang dipun, langkungngi apratapa, satatanné manungsa tinnalu talu, paparab puthuk Jantaka, kunneng kang winnarnéng kawi,
  9. Bathara Guru tumingngal, jro samodra wonten téja nelahi, ing ngandika Sang Hyang Guru, iku téjanné sapa, sarêng matur para jawatha wot santun, tan wrin wastanné patik bra, punnapa malih kang mawi,
  10. Ngling malih Hyang Jagad Natha, iku téja ing ngaran suba siti, dénning ana jronning banyu, Hyang Tamburu ing ngatag, pariksannen apa kang ngaduwé tamtu, Sang Linningngan atur sembah, mesat tan kawarnéng margi,
  11. Prapta prennahé kang téja, tinningngallan ana sujanma linggih, Sang Hyang Tamburu gya wangsul, sampun prapténg ngajengngan, atur sembah sampun kapir sapukulun, annenggih kang mawi téja, manungsa kang mangun téki,
  12. Apitekur jronning toya, datan teles ngandika Hyang Pramésthi, payo godhannen dén gupuh, kabéh nuli mangkatta, sarêng nembah mangkat jawatha sadarum, kang sami arsagogodha, miwah ingkang widya dari,
  13. Lampahnya samya rantabban, tan kawarnéng marga lampahnya prapti, prennahing téja kang murub, sang ngatapa katingngal, datan kenna mosik tapanné ambisu, para jawatha wus prapta, ing ngarsanné sang Palinggih,
  14. Adangu datan sinnapa, Sang Hyang Brama mojar wecana mannis, gedhé temen angkuhipun, cacak tamu wandé, lumrah-lumrah wong mredayoh di pun suguh, apait rasanning kinnang, sinnabawan srebi batin,
  15. Dumé-duméh yén pandhitha, gawé angkuh tegessé mejannani, maring kang samya mretamu, mojar Bathara Siwah, satemenné mannira iki ing ngutus, maring Hyang Jagad Natha, kinnén amundhut jajampi,
  16. Bathari Uma kalaran, lara mengko sira sungnga jajampi, tannobah dénnira lungguh, Sang Hyang kannéka Putra, gantya gantya para jawatha amuwus, tannana kang sinnaurran, Hyang Brama wekassan runtik,
  17. Pamgucappira asygal, ingkang kaya sira ingsunnaranni, wong lumuh ginnawé ayu, iki buminné sapa, sira gonni [13] nora  nganggo ijab Kabul, yén kang duwé nora lila, tapannira tanpa kardi,
  18. Dadi pandhitha ngathorang, Sang Hyang Sambu prapta anggawa kendhi, Sang Pandhita dén gajurujug, tan teles dénning toya, Sang Hyang Condra bramantyanyandhak salukun, sang Palinggih ginnitikkan, wulu salembar tannosik,
  19. Bathara Bayu anyandhak, mring sang tapa sinnambetken ning curi, watu pecah mara pitu, tan wigatti sang tapa, Sang Hyang Brama anyipta  dahana murub, kadya sundhulling ngawiyat, sang pandhita wus dén bismi,
  20. Panyannanning pra jawatha, sang Kkannéka Putra sampun ngemassi, urubbing dahana dangu, dangu sang saya ilang, sang ngatapa kadyakencana sinnepuh, sagungnging para jawatha, kagawokkan anningngalli,
  21. Samya anambut gagaman, cakra kunta raras ardadali, neggala parasu limping, pasopati trisula, kadya udan néng ngarsannéng Sang Palumngguh, tanna gepok sariran, menggah sagung para rêssi,
  22. Sakalangkung dénya mérang, sarêng bubar datan kawarnéng margi, sampun prapta ngarsannipun, Sang Hyang Guru Bathara, Brama nembah kawula dinuta sampun, anggodha kang tapa lenggah, sakalangkung dénning sekti,
  23. Sakathahé pra jawatha, ingkang godha samya pegel kang galih, telas kabudayannipun, lenggahipun tan wedhar, angngandika aris Hyang Bathara Guru, payo ngong tindak priyonggo, léngsér Hyang Guru Pramésthi,
  24. Datan kawarna ing marga, sampun prapténg ngarsanné Sang Palinggih, anggandika Sang Hyang Guru, sira iku pra tapa, paran karêppakennira ingsun turut, payo sira ucappenna, mannawa arêp arabi,
  25. Mannira sugih parawan, ayu-ayu sarêgep nambut kardi, tongtonnana dénna gupuh, sakarêpmu liliya, datan kénjek angéca pitekur, ngling malih Jagad Natha, iya ingsun wus udanni,
  26. Tanpa gawé temenning wang, nama guru dadya ratunning swargi, tan wruh ing sadurung durung, marmanné sira tapa, karêppira arsa mamadha maringsun, nangingsun gawé lengkara, sira amadhanni gusthi,
  27. Séwu taunna tapaha, ingsun nora anganggo mangun téki, pinnasthi yénraganningsun, dadya ratunning swarga, tannana lyan mannira dhéwé kang sepuh, nanging ana ingkang tuwa, téja lawan cahya wenning,
  28. Téja cahya sepuh na lyan, kang ngatuwa bumi kalawan langit, ana malih kang ngasepuh, Sang Hyang Wennang wise, iku datannana ngungkulli anjumbul, Bagawan Kannéka Putra, gumuyu latah sarya ngling,
  29. Ingsun Sang Kannéka Putra, pinutra mannira sampun udanni, dikaran Bathara Guru, guru gurunning déwa, yénna mungnga wruh mangkénné baé durung, waspada jatinning tunggal, Sang Hyang Wisésa dinnalih,
  30. Dinnalih sepuh priyongga, enggonnirabestu éstunné sisip, sisip satemah kasiku, sinniku mungguhing Hyang, Hyang Wisésa kala maksih awing uwung, bumi langit durung ngana, kang ngana dhingin punnapi,
  31. Swaranya kapyarsa mring Hyang, Hyang Wisésa kadya gentha melingngi, mila wus sinung pangrungu, pangrungu dadi tondha, pratandhanné yén wussana kang ngamengku, kang ngamengku iku sapa, duk miyarsa Hyang Pramésthi,
  32. Hyang Pramésthi Guru Natha, tanpa ngucap pangucappé mrih pamrih, pamrihé Bathara Guru, pinnardiya dénning Sang, Apalenggah kakang annedha wakkingsub, ingsun kakang katénnana, ingkang tannana ing mami,
  33. Lawan malih pakennira, ingsun gawa mungguh ing swarga adi, para jawatha sadarum, pakennira kang réhna, sapa kang tanna ngidhep paréntahipun, ing kakang Kannéka Putra, kajaba ing yoga mami,
  34. Kabéh aturré sandika, Sang Kannéka Putra amuwus aris, annenggih ingkang karungu, dénning Sang Hyang Wisésa, karsanning Hyang thannana pramilannipun, kabéh sinung titimbangngan, ing ngandhap timbangngé nginggil,
  35. Bumi kalawannakasa, elor kidul kulon wétan nimbangngi, segara kalawan gunung, genni timbangngé toya, peteng padhang rinna timbangngipun dalu, srengngéngé kalawan bulan, mung lintang kang ora mawi,
  36. [14]Jalu atimbang wannodya, bapa biyang nini timbangngé kaki, bibi paman ala ayu, kumet timbangngé loma, nanging nguwa tannana timbangngannipun, dadya timbangnganning lintang, sadurungngé wus pinnasthi,
  37. Wus pinnasthi lawansira, apannanyar kang pedhak Hyang Pramésthi, Sang Hyang Guru Natha muwus, lah kakang payo minggah, iya marang ing swargaloka dén gupuh, Kannéka Putra lingngira, sumongga mangkat tumuli,
  38. Datan kawarna ing marga, prapténg swarga atata samya linggih, bale marcukundha dangu, dangu awas tuminggal, Sang Hyang Girinatha dhateng astannipun, bagawan Kannéka Putra, ginnegem Hyang Guru angling,
  39. Éh kakang Kannéka Putra, kaya paran dénning ngastanniréki, sadangunné ingsun dulu, ginnegem datan wudhar, Sang Bagawan Kannéka Putra umatur, punnika reran dumilah, rathunning sosotya adi,
  40. Kasekténné punning rêtna, pan luputting luwé kalawan narip, tan teles manjing jro banyu, ing ngobong datan pannas, ngling Hyang Guru kakang mannira arsa wruh, umatur Sang Hyang Kannéka, sumongga ing karsa nanging,
  41. Alandhep yayai punnika, yén cinnepeng ngasta pan boten kenni, kalamun boten marucut, ambotollaken nasta, agancang pannibanné ngling Sang Hyang Guru, kakang payo uncallenna, mannira ingkang nampanni,
  42. Lan sagung para jawatha, Sang Kannéka Putra umatur riris, sumongga karséng pukulun, nanging dipun prayitna, ing ngumbulken rêtna dumilah mandhuwur, karsanné Hyang Jagad Natha, sinnongga ngasta kakalih,
  43. Tumurun rêtna dumilah, tinnampannan dhateng Sang Hyang Pramésthi, sinnanggi asta marucut, kebat sang maha déwa, gya cinnandhak tan kandheg dénnya dhumawuh, Bathara Sambu annongga, lestari dénnya lumaris,
  44. Hyang Kamajaya annyandhak, datan kandheg Sang Hyang Wisnu nanggappi, cinnepengngan ngasta marucut, Sang Hyang Bayu annyandhak, dipun songga lumarap Hyang Brama gupuh, annampanni datan kenna, Hyang Citra Gotra Hyang Sakri,
  45. Tamburu Sang Hyang Kuwéra, Prita njala liwat samya nampénni, para jawatha sadarum, nongga rêtna dumilah, datan kandheg palajengngira annerrus, dhateng jagad pramudita, prayitna Sang Hyang Prathiwi,
  46. Rêtna Dumilah sinnongga, datan kandheg anrus bumi ping kalih, Bagawan Kusika gupuh, dumilah dipun songga, maksa lajeng anrus bumi kaping telu, Sang Hyang Ganggang aprayitna, sinnanggéng ngasta lestari,
  47. Dhateng bumi ping sakawan, Hyang Sindhula wus pratyitna nampanni, sinnanggéng ngasta marucut, gepah Hyang Dharampallan, duk annongga tan kandheg lajeng marucut, dhateng kaping nem pratala, Hyang Mannikkara nampanni,
  48. Sinnongga ing ngasta liwat, lajeng anrus dhumateng sapta bumi, Hyang Ngontha Boga winuwus, karsannira atadhah, nuilya mangapa Hyang Ngontha Boga annerus, gandanning tutuk angambar, tumeka ing swarga adi,
  49. Wananen rêtna dumilah, datan kandheg apan lajeng wus prapti, nuju mengnga punning tutuk, ipun Hyang Ngonta Boga, sarêng tiba kadya tirta tibéng bannyu, winnadhahan nastaginna, Hyang Ngotha Boga ngingkemmi,
  50. Sampunna turu Hyang Natha, kawarnaha wau Sang Hyang Pramésthi, sasampunning ngical wau, ingkang rêtna dumilah, Sang Hyang Giri Raja angandika asru, mring Sang Hyang kannéka Putra, éh kakang punnapa kapti,
  51. Gagadhuhan pakennira, saicallé paran gonné ngalatti, Bagawan Kannéka matur, ing pada sang winnenang, yén suwawi lan karsa paduka tinut, aken saparannannéya, nedyan dhateng sapta bumi,
  52. Tannapti ulun mantukka, lamun déréng kang ngical wus kapanggih, angandika Sang Hyang Guru, sakarsannira kakang, nanging poma aja tannora katemuy, jawatha kabéh miluwa, Sang Kinnon tur sembah amit,
  53. Lampahipun kadya kilat, prapténg bumi pisan ibu pratiwi, tinnakon matur yén laju, bumi kalih ping tiga, ping sakawan ping gangsal kaping nem matur, lajeng mring bumi kasapta, para jawatha lestari,
  54. Wus dhateng bumi kasapta, Hyang Ka[15]nnéka Putra sampun kapanggih, Hyang Ngontha Boga umatur, kakang tuwan bagéya, dénné dahat amamarassi ing kalbu, sagungnging para jawatha, pinnarêkking sapta bumi,
  55. Mannawi adarbé karsa, Sang Winnenang amundhut pati urip, Sang Hyang Kannéka nglingngipun, yayai lampah mannnira, mila dhateng kasapta bumi kautus angularri  kang kagungnga, nnipun Hyang Guru Pramésthi,
  56. Awasta rêtna dumilah, sukur yén wus annéngnging sira yayi, gedhé ganjarrannipun, sapa kang manggihenna, pasthi iku dadi wedannanné sagung, ing para jawatha ingkang, angadhaton jronning bumi,
  57. Umatur Hyang Ngonto Boga, éstu rêtna dumilah wonten ngriki, anglocita jronning kalbu, nnira Hyang Ngonta Boga, sun jajallé pra jawatha sektinnipun, angngucap Hyang Ngonta Boga, nanging kakang atur mami,
  58. Kang punning rêtna dumilah, manggén wonten jronning cucupu mannik, annenggih punning cucupu, lan sun tan kenna pisah, yén pinundhut kudu bektannen lan ningsun, tan saged kawula kakang, minggah dhumateng sawargi,
  59. Kannéka Putra ngling sugal, saujarmu kaya dudu sayekti, sapa kuwasa angusung, maring sira prasasat, gawa jagad pramudita karsanningsun, sira dhéwé lumakuwa, Hyang Natha tanpa naurri,
  60. Linneker sarirannira, Sang Hyang Ngota Boga sampunna guling, aguling sawerti lampus, lampus sajronning gessang, pratandhanning gessang maksih keteggipun, sampun annirraken karsa, karsa nir ken maras medi,
  61. Kannéka Putra angucap, kaya priyé karsanta iku yayi, mundur sira rêp aturu, Sang Hyang Wisnu tan samar, sayektinné Hyang Ngonta Boga sun dulu, sedya adamel paékan, andika dipunnayonni,
  62. Anjumbul Sang Hyang Kannéka, tegessipun Hyang Natha angayonni, angngabang ngaken simennyut, Sang Hyang Kannéka Putra, pangngucappé asru mring jawatha sagung, timun tulis wong akathah, kang lagya sedheng birahi,       

V.

  1. Aja kapinneng jronning tyas, lah payo dén nosik-asik, salebetting guwa garba, ambekta sapa kuwawi, Ontha Boga winnarni, gedhé dawanné cinnatur, amuket ngalam donnya, temu gelang boya luwih, léng ngirungngé cacahé pan kawan dasa,
  2. Léng ngirung satunggal tunggal, linampahan kalih sasi, punniku ujarring weca, kandhanning serat kang nulis, sanget dénnya sumingkir, lair batin boya weruh, sagung para jawatha, tumandang arêbut dhingin, ginna gulung ing para jawatha kathah,
  3. Ginnalusur pra jawatha, mennawi dipun simpenni, ginnarayangngan tannana, telas ambanning jasmanni, cinnipta pinrih lali, dénning Hyang Naga sadarum, mannahnya kagégérrqn, ramya sami silih ukih, panna ramé brewala samya rowangnya,
  4. Ramé samya kukuwellan, Sang Hyang Tamburu asilih, ukih lan Sang Hyang Kuwéra, Bathara Condra nulungngi, Hyang Tamburu wus kenni, pringsillan cinnekel jumbul, batur Bathara Condra, sira tulungngana mami, ana kénné engonné rêtna dumilah,
  5. Sang Hyang Condra tinulungngan, ing Hyang Yamadipathi, Hyang Tamburu jola-jola, angngucap kaworran sakit, dhuh biyang aku mati, siya mamilu kapahung, teka betha pringsillan, angngucap Yamadipathi, dudu konthol iki mannik astaginna,
  6. Hyang Tamburu tanpa ngucap, matanné saya malirik, angngucap Wisnu Bathara, kabéh nora idhep ngisin, sakéhé batur mami, tannidhep lamun binnangngus, sektinné Ontoboga, sakathahé para rêssi, jronning guyu wirangngé kaya matiya,
  7. Angngucap Sang Hyang Kannéka, raganné tannana sekti, mung bathangngé Onthaboga, pada réwang dipun dolli, payo batur dén naglis, Si Ontoboga jinunjung, pinnikul mring ka swargan, pangusungngé kadya lagi, sira ngusung maring gunung jamur dipa,
  8. Sang Hyang Brama dadya salang, Hyang NgVndra dadya tetali, Bathara Bayu pikullan, Sang Hyang Wisnu ing[16]kang nanggi, ing ngangkat padha siji, dinné kék bendhawa sampun, pinnikul déwa kathah, mumbul dhateng sapta langit, kadya thithtik lampahé para jawatha,
  9. Medal saking sapta jagad, lampahé kang para rêssi, Hyang Ngontaboga rinnembat, pan saya dangu wussalit, alit saya ngunussi, dangu-dangu datan dulu, musna saking rêmbattan, Hyang Kannéka Putra runtik, nora ta lah angkuhé si Ontoboga,
  10. Bisa temen gawé wiring, sapadha padhanning ngurip, nora suka temen ningwang kaya wong dénnisin-nisin, sun matur Hyang Pramésthi, dhang-dhangsun nunnékken kontul, lestari lampahira, datan kawarna ing margi, sampun prapta ngarsanné Hyang Jagad Natha,
  11. Lagyarsa matur dhateng Sang, Jagad Natha angngadonni, alanné Hyang Ngontoboga, nulya waspada ningngalli, Hyang Naga wus pinanggih, néng ngandhappé Sang Hyang Guru, sirahnya linnenggahan, Sang Hyang Kannéka nudingngi, iya benner tannana malih manungsa,
  12. Kang ngasekti kaya sira, dénné liwat mejannanni, mojar Sang Hyang Sang Hyang Giri Raja, kakang ngaja dadi galih, nyata kalamun sisip, si Ontoboga kalangkung, anjaluk sukannira, tuwin sagung para rêssi, menggah kéndel bagawan Kannéka Putra,
  13. Ngling malih Hyang Jagad Natha, dhateng Sang Hyang Natha mannis, payo sira wedallenna, rêtna dumilah dén naglis, Hyang Ngontoboga gipih, punning ngastaginna katur, ing Sang Hyang Giri Raja, nulya binnuka tumuli, datan kénging awanti-wanti binnuka,
  14. Tinedhakaken tumulya, mring Sang Hyang Kannéka aglis, kakang bukannen dén nénggal, wennang kang cucupu mannik, sapisan kaping kalih, tan mengnga kang punning cupu, wanti-wanti winnengkang, wus tiba sinungkem malih, Sang Hyang Wisnu kang mengkang meksa tan kenna,
  15. Agantya gantya tumandang, ambuka cucupu mannik, sagungngé para jawatha, cucupu tan kenna osik, ngandika Hyang Pramésthi, Kannéka Putra tinnantun, paran karêpmu kakang, Sang Hyang Kannéka katur baris, mapan wonten punnika ingkang anggadhah,
  16. Annenggih pun Ontoboga, mokal tan saged ngungkabbi, Sang Hyang Guru angandika, Hyang Ngontaboga tinuding, ambuka cucupu mannik, Hyang Ngontoboga umatur, kawula darmi gadhah, mengnga minneb tannudanni, Sang Hyang Guru kéndel tan kenna ngandika,
  17. Anneges karsannira Sang, Murbéng Nata sarêng wus senning, cucupu sinnanggéng ngasta, saksana nulya binnanting, mawur datan kaéksi, papecahanning cucupu, nenggih rêtna dumilah, wus awarni jabang bayi, luwih ayu sedhengngé angngrusak taman,
  18. Sasirnanning ngastaginna, ing swarga wonten dumadi, kang bale si marakata, Sang Rêtna sinung kakasih, ing Jeng  Sang Hyang Pramésthi, Kên Tinawathi rannipun, karêm sadinna dinna, Sang Rêtna tan liyan saking, wonten sajronning si marakata,
  19. Kunneng tan kawarna lama, Sang Hyang Ayu Tisnawathi, lagya birahi sandhangngan, citrannira ngatawissi, tuhu yén ayu luwih, wedana sawang sitangsu, widyadari ing swarga, Uma Ratih Dewi Esri, pantes dadya céthinné ambekta lancing,
  20. Awayah pa belas warsa, Hyang Jagad Natha  kagimir, supé dhateng Déwi Uma, among Nikén Tisnawathi, kang dadya rossing galih, sumelap annéng jajantung, sampunning ngongkah garwa, tarunna Kén Tisnawathi, Sang Hyang Guru kang gra arsa cinnangkraman,
  21. Pangandikannya sor kilang, Sang Rêtna ing ngarih arih, dhuh mirah juwwitanning wang, bisa temen karya brangti, Sang Rêtna  atur bekti, ing pada jeng sang pukulun, anuwun sih paduka, yén néstu karsa Déwa Ji, dhateng ngulun wonten kang kawula tedha,
  22. Pangngandikannya sor kilang, apa kang sira karsanni, sang dyah matur awot sekar, tan nedha kang ngadi-yadi,  kang kula suwun gusthi, sandhangngan tan kenni kusut, papangngannan tinnedha, sapisan kanggé saurip, malihipun nedha gamelan kathoprak,
  23. Sang Hyang Guru angngandika, iya mirah sun tekanni, nanging nimas ingsun tedha, wong ngayu dén tulus asih, Hyang Guru annimballi, Hyang Citra Gotra ing ngutus, nimba[17]lli Sang Hyang Kala, nusa kambangngan kang panti, mesat saking ngajeng datan winnarna,
  24. Ing marga lampahé prapta, nusu kambangngan pinnanggih, lan Sang Hyang Kala ngangucap, Hyang Citra Gotra milanni, prapta dinuta mami, sira ngandikan Hyang Guru, Sang Hyang Kala agepah, mangkat tan kawarnéng margi, sasampun prapta ing ngarsa Hyang Jagad Natha,
  25. Mendakking ngarsa tur sembah, angngandika Hyang Pramésthi, kaki marmanné sun nundang, atmajanira sun nambil, sun kongkon angngulatti, si Kala Gumarang patut, sasandhangngan sinnandhang, kanggo sajegging ngaurip, lawan malih angngularri papangngannan,
  26. Pinnangan sapisan dadya, tinnimballan sampun rawuh, nég ngarsa atur sembah, angngandika Hyang Pramésthi, éh ta Kala Gumarang sun nutus sira,
  27. Mudhun marang marcapada, sira ngupayaha kaki, sandhang ngora kenna luwas, gamelan nora bosenni, papangngannan binukti, awarêg sajeggé umur, iku sira lattana, lamun sira oléh kardi, awakkira sun karya kakalonthongngan,
  28. Kala Gumarang tur sembah, luméngsér saking ngarsanning, Hyang Jagad Natha wus prapta, ing jaba sira annuli, limampah sarya jungkir, alatah-latah gumuyu, éh désura ya, ajana purunning mami, awakingsun  kinnarya kakalonthongngan,
  29. Yén nana déwa kapapag, tinnabok dipun jagurri, wennéh bajonné sinuwah, kang sawennéh dénnidonni, sagung déwa prasami, sakalangkung dénnya rêngngu, annibakken sengngara, sun tedha salinna warni, aja kongsi wangsul maring swargaloka,
  30. Awarniya sato kéwan, geter pater annaurri, jumegur ing ngotoriksa, kawarna ingkang lumaris, Kala Gumarang prapti, ing taman banjarran santun, Ni Dewi Sri asiram, ning segara nila wenning, katingngallan dénning pun Kala Gumarang,
  31. Mannahé kadya sinendhal, Sang Kala Gumarang gipih, Déwi Esri pinnarannan, mestas lumayu Sang Déwi, sinjangnya tan tinnolih, prapta ngarsanné Sang Wisnu, sumungkem sarya mular, Sang Wisnu ngandika ris, ana parang wong ayu apo poyanna,
  32. Déwi Sri maturing raka, asiram sari mami, wontenning sagara nila, pun Kala Gumarang prapti, kula binujeng nuli, lumajeng watawissipun, ing mangké atut wuntat, lagya cinnatur gya prapti, celuk-celuk, iki sapa duwé omah,
  33. Ni Déwi Esri mujar, gumeter kadya ngemassi, Kala Gumarang wus prapta, ngarsanné Sang Wisnu Musthi, Kala Gumarang angngling, sapa duwé bojo mau, kang ngadus annéng taman, Bathara Wisnu lingnya ris, bojonningsun ling malih Kala Gumarang,
  34. Ingsun jaluk bojonnira, Bathara Wisnu naurri, iya sok uga arêppa, Kala Gumarang lingnya ris, sira tariya aglis, nuli sun najakké turu, mojar Wisnu Bathara, angundang Kén Déwi Esri, arinningsun Ni Déwi Sri marénnéya,
  35. Akarsa datan lumampah, asanget ajrih ing laki, lenggah annéng wurinnira, Bathara Wisnu lingnya ris, akramaha mas yayi, kang sarira dipun jaluk, mring Ki Kala Gumarang, kéringngan noran nawanni, kalothangngannipun Sang Hyang Jagad Natha,
  36. Déwi Sri maturing raka, leng pejahana rumiyin, lamun wus pejah waking wang, sumongga karsa Déwa Ji, Bathara Wisnu angling, iku sun tari tan purun, alaki lawan sira, Kala Gumarang naurri, pilih wongngé tinnari laki arêppa,
  37. Pasthi papanggillé kathah, apan wus tamtunning ngéstri, gelemma ora gelemma, bojomu ingsun karêppi, Sang Hyang Wisnu bibisik, kang garwa kinnén lumayu, dhateng Medhang Kamulan, manjingnga garwanning ngaji, atur bekti Sang Rêtna lumayu medal,
  38. Bathara Wisnu wus silang, saking Sang Kala ngarsanning, sakalangkung dénning krodha, Kala Gumarang tan sipi, binuru Déwi Esri, kinuya kuya lumayu, tinut saparannira, manjing jronning wana werit, siyang dalu Sang Dyah tan pegat ki[18]nuya,
  39. Sang Dyah Ayu karépottan, méh kacandhak Déwi Esri, Bathara Wisnu saksana, senjatannira pinusthi, dadya oyod penjalin, Kala Gumarang kasrimpung, temah tiba rumangkang, Déwi Sri amuwus saris, kaya céléng Gumarang solahannira,
  40. Amalih suwarnannira, Gumarang arupa babi, angadeg ngadeg tan bisa, nulya anningalli warih, warnannira kaéksi, Kala Gumarang angadhuh, wus mangkénné waking wang, mongsa ta ingsun nundurri, nadyan silih ngungsiya lak-lakkana naga,
  41. Lajeng Déwi Sri lumajar, datan kawarna ing margi, prapta ing Medhang Kamulan, anuksma garwanning Ngaji, parab Darmanastiti, warnannira luwih ayu, warnannen pun Gumarang, kalilab sajronning ngati, maring ngendi babo Esri parannira,
  42. Bathara Wisnu anuksma, Mendhang Kamulan napati, juluk Prabu Mengukuhan, wiwitanné raja Jawi, kunneng ingkang winnarni, carita Bathara Guru, mapan sampun unningnga, dutannya salah kadadin, Sang Hyang Guru tyassira datan derrana,
  43. Tan pegat kinuswa kuswa, kusuma yu Wisnu Wathi, semunné kapti akarsa, cinneng kraman pulang rêsmi, Sang Dyah matur ngabekti, Déwa Ji ingkang sinuhun, dipun sumenné karsa, yén carakanta wus prapti, sarta angsal damel kang badan sumongga,
  44. Hyang Guru mangreppa-rêppa, sinnambut sang mindha suji, awanti wanti ing ngaras, Sang Dyah Ayu atur bekti, ing Hyang Guru Pramésthi, pecat nyawanné Sang Ngayu, pejah annéng ngembannan, gegetun Sang Hyang Pramésthi, annimballi bagawan Kannéka Putra,
  45. Kakang iki arinnira, Nikén Déwi Thisna Wathi, layonné sira bektaha, mring marcapada rannéki, negara kang ngabecik, Mendhang Kamuln kang lungguh, si raja mangukuhan, alassé ingkang prayogi, wong nenandur ya sikentring kendhayana,
  46. Kayunné sawa akathah, punnika konnen babaddi, kinnon mandeng Sang Hyang Surya, yén sampunna kang annuli, Hyang Brama kinnon bukti, nunten punnika tinnandur, pamit Sang Hyang Kannéka, bekta layon Thisna Wathi, tanna dangu prapta ing MendhangKamulan,
  47. Alas kentring kendhayana, semana wus dén babaddi, sampun berêssih jinugang, layonné Dyah Tisna Wathi, pinnager wacak puji, sarêng mongsa wiji cukul, kang medal saking sirah, cukul kalapa ing parji, cukul pari épék-épék cukul pisang,
  48. Jagung kadadéyan waja, akathah yén pinnarinci, laminné datan winnarna, wus sepuh pinnencar malih, saya kathah kang pari, ingkang dadya juru pantun, Ki Buyut lan Ki Tuwa, Ki Bucakut kang nglurahi, Radén Jaka Puring arinné Sang Natha,
  49. Sangsaya lama wus pencar, kang punnangngarén wus inggil, annenggih kang winursita, jawatha ingkang nengganni, lor wetan ingkang bumi, prittanjala wastannipun, anglociténg wardaya, kakang Kannékan néng ngendi, wus salam lin kakang Wisnu tannana,
  50. Lunga maring ngendi baya, anulya miber tannaris, annéng madyanning ngawiyat, waspada dénnya ningngalli, Mendhang Kamulan késthi, kuwuh gandannya mrih arum, kambet saking ngawiyat, Sang Hyang Prittanjala gipih, mudhun saking ngawiyat lampahé prapta,
  51. Kalangkung dénnya kacaryan, dhateng suwarnanning pari, yata nuli tiwa krama, wus sarupa manuk emprit, punning pari sinnisil, sakalangkung écannipun, saya dangu kunningngan, ing Radén Jaka Puring, dipun sawat ampungngan dang serkara.

VI.

  1. Kunneng Déwi Sri sampun anunggil, myang Thisna Wathi sampun rakettan, yata kang warni céléng, Kala Gumarang sampun, boten samar yén Déwi Esri, wonten Mendhang Kamulan, lampahnya sinner, wus prapténg sabin tan wang-wang, dénnya ngemah anujah aguling-guling, pinnisil kinnemah,
  2. Sang Hyang Wisnu pannahnya pinusthi, dadya tunggak wuluh pun Gumarang, anujah nujah polahé, katunggak jajannya trus, sumamburat ludira dadi, wawerêng gegadhingngan, lelodhoh myang busang, ama puser mendhék walang, [19] atmannipun kapaung manjing sakéhing, atmajanning Jantaka,
  3. Kunneng Hyang Prittanjala tan sipi, dénnya kacaryan asaba sawah, ninisil tanna kandheggé, yén kawruhan kang tunggu, dipun sawat ampungngan mungswing, dangu arén kang kenna, nenggih punning dangu, Ki Buyut matur ring radian, Jaka Puring yén kagengngan dalem pari, wonten kang purun mongsa,
  4. Awarni peksi irêng tur ralit, Ki Jaka Puring alon sahurnya, mannirarsa wruh rupanné, sarêng mangkat katelu, prapténg sawah kang punning peksi, ingkang saya akathah, pirang-pirang puluh, kagyat andulu sujanma, gya sinnawat méncok nesel kolang kaling, Ki Buyut aturrira,
  5. Sampun nadatté punniku ugi, yén sinnawat tumunten ampungngan, dangu kinnarya pangngungsén, Jaka Puring lingnya rum, iku tansah dadya ling ngaling, mannira awéh aran, arén kayu nanggung, tegessé rén palérénnan, yén binnalang kayunné annennanggungngi, marmannya ran mangkana,
  6. Yén mangkonno pagassén tumuli, yén niku maksih dadya ampungngan, ing ngama nglaleburraké, wussing ngandhannan gupuh, dipun pagas dangunnya mijil, punning toya dinnilat, dahat mannis sarum, kakang sira tadahana, Kyai Thuwa tarampil amecok epring, tambelang wus tinnadhah,
  7. Kinnéndelken sadalu kawarni, énjing dénnudhuh tambelang muncar, dénnaturken Rahadén, Jaka Puring amuwus, endi kakang sunnarsa unning, susumpelnya pinnecat, kongas gandannya rum, Radén Jaka Puring mojar iki pantes katurring Sri Naraphati, dudu sira kang mangngan,
  8. Sampun kondur Radén Jaka Puring, sarwi punning waragan binnekta, sakedhap prapta lampahé, ngarsannira Sang Prabu, Radén matur wotsari, nuhun punnika ingkang werni wedallipun, kagengngan dalem déréssan, kayu agung katur Rajéng Narapathi, agepah tinnampannan,
  9. Susumpellé bumbung wussing ngambil, kongas gandanning punnang waragang, Sri Naranatha delingngé, mring Hyang Kannéka arum, dika bekta minggah ing swargi, katurra kang winnenang, tan lenggannéng kayun, bagawan Kannéka Putra, gya umesat lampahé lir péndah thathit, ing marga tan winnarna,
  10. Prapténg ngarsannipun Hyang Praméthi, Bathara Guru alon ngandika, kakang Kannéka na gawé, kang tinnanya umatur, adhi Guru pramila kami, umarêk ngarsa tuwan, nenggih dipun nutus, dhumateng putra sampéyan, ngaturraken punnang toya medal saking, dangu kagengngan tuwan,
  11. Sang Hyang Guru angngandika aris, lah payo bukannen kang Kannéka, nulya binuka tutuppé, mancurat toyannipun, annyipratti kang punnang lathi, Sang Hyang Kannéka Putra, kecap sarwi matur, dhuh asoplak tetemennan, Sang Hyang Guru angngandika awor runtik, sinnamur pagujengngan,
  12. Wong ngala datankenna bebecik, mangkana Sang Hyang Kannéka Putra, nulya asalin warnanné, lathi nyoméh tur gingsul, punnang waja bokongnya candhik, sarta salin pangngucap, kagét jronning kalbu, bagawan Kannéka putra, nulya mundhut paéssan warna kaéksi, matur Sang Hyang Kannéka,
  13. Kénging punnapa ulun punniki, asalin sipat kabinna binna, Hyang Guru Natha dellingngé, mongsa kenna winnangsul, wus karsanné Hyang Maha Munni, dadya déwa kabayan, lan sinung jujuluk, paparab Sang Hyang Narada, dénningnga Narada kagepokking baring, kadya lakunning barat,
  14. Kunnengnging kang winursita dénning, garwannira Sang Hyang Giri Raja, Nikén Uma kakasihé, tatkala gessangngipun, Déwi Thisna Wathi kalindhih, gennipun rêbat trisna, Sang Dyah nulya lampus, sakalangkung sukannira, mangkya temahipun anukméng rijeki, kadhahar Hyang Naréndra,
  15. Nikén Uma Jronning nala méri, tansah wau anutuh sarira, raganningsun katuwonné, ya dénning Ni Sri iku, dadya ketanni Thisna Wathi, pari kadadénnira, Nikén Numa sampun, pannedhanné dalu siyang, pinnangnganna ingkang gedhé……
  16. …………….
  17. ……………. S.d no. 41…..dst.
  18. [22]kking ngapti, Kyai Andhong dhadhappan, kalangngennannipun, annama kaé wayungyang, condra mawa dasiyé pandhitadhadhing, pangukir sarêng prapta,
  19. Ulesnya cemeng yayah minnangsi, kak kong dedegnya gempol awaknya, rada barojol pundakké, wetengngipun ajemblung, gulu kerrên kuping cicipir, kopokké duléwérran, jéléh matannipun, bathuk banyakka dagingngan, irung sunthi wedana anjerruk wangngi, kukuncangngé apanjang,
  20. Condra mawa dedegnya ndhappalit, iya kak kong gulunné apanjang, rada acilik sirahé, aritdhedhemennipun, sinnangkelang wontenning gigir, malih kalingngan brama, datan kenni konus, yén dipunnangsah lulumuh, annéng wungkal yén kala dipun sepuhi, mrekungkung néng wirungngan,
  21. Sarêng dénnya atur sembah kalih, angngandika Ki Andhong Dhadhapan, yayai Radén iya kuwé, kang sun gawé pitulung, sasmi kalih sampun winneling, aturripun sandika, ngling malih sang wiku, lanniki sira bektaha, arinningsun talempak tateken mami, dhapurré tan wikan,
  22. Mongsa bodho akarsanné yayi, mestanni dhapur sarta landhéyan, gogodhi myang sarungnganné, padhaamawi semu, aja among winnestan yayi, wredinné dén kapedhak, lah wus arinningsun, tumulya sira mangkatta, yayi Prabu kalangkung gén nganti-yanti, Sang Linningngan tur sembah,
  23. Sumungkem padanné Sang Palinggih, rayi winnisik yén karya awrat, talempak kingsun dénnagé, pocotten wrangkannipun, sinuntekka ngarsanning baris, sumambung Radén Sengkan, Turunnan umatur, punnika sampéyan bekta, bamboo saros yén karya awrat ginnitik, dénna sru ulun prapta,
  24. Atur sembah punnang siswa kalih, Dyan Jaka Puring nembah wus mangkat, sinnerru radén lampahé, tanna rérén yén dalu, tan winnarnéng marga wus prapti, praja Mendhang Kamulan, tumaméng kadhatun, Sang Natha lagya pinnarak, annéng made sapraptannipun kang rayi, ing ngawé lumayuwa,
  25. Sangnging ngujarran wajeng wotsasari, mangusappi lebu delamakkan, umatur sarta sembahé, pathik bathara ngutus, umarêkking sang maha ayekti, nuhun pangétu sabda, kang mandilan nuhun, bantonni aprang lan kéwan, pinnatedhan siswa kakalih tan sipi, pracayéng tyas rakamta,
  26. Sinnawang nayannya ingkang lagi, dha tedanma kakalih tan wingkang, kalamun nambang kat gawé, gya pinnatedhan suguh, myang nginumman kang toya putih, kaé wayuyang tansah, condramawa sampun, pinnaring toya dawegan, kawarnaha Sang Natha kén mepak baris, kang wadya ing ngundhangngan,
  27. Sampun pepak gagamanna mregil, miyos sang natha Mendhang Kamulan, gumrerah bala mantrinné, kadya laron nambubul, tanna dangu lampahnya prapti, prennahnya sato kéwan, sang celéng demalung, sabrayannipun kot buta, sang kuthila jinnada narajang wanni, tinnadhahanning wadya,
  28. Ramé surak kang wadya tan sipi, céléng demalung pangamukkira, sinnonggéng tumbak maléséd, sinnaligi tumimbul, wadya mendhang Kamulan wing wring, warnanne Ki Wayungyang, kang lagya anginum, kalawan Ki Condramawa, Tingga Riyak Wayungyang mginumman lerri, Condramawa dawegan,
  29. Kawarna Sang Dyah Darma Nasthithi, lawan Kén Subur lagya pinnarak, mandha parêngngnyan wartinné, Ki Wayungyang tan milu, dhateng sawah kalangkung runtik, kusuma yu tumedhak, dhateng prennahipun, kang lagya inum minumman, samya kagyatting nala andulu gusti, mendhak atur pra natha,
  30. Déwa Darma Nasthithi ling runtik, sira iku kakang kenna ngapa, baya lagi wuru genjé, yén sira tan panuju, ingur sira muliya aglis, umaturra mring kakang, yén kang ngakon ningsun, paran dénné sira kakang, ing ngupaya tekanning don tanpa kardi, pakvwuh tan jinnongka.        

VII.

  1. Annangngis kaé Wayungyang, Condramawa kalih samya tur bekti, anusul dhateng Sang Prabu, lampahira lir kilat, sampun prating paprangngan nawas andulu, [21] wadya ing Mendhang Kamulan, mannahé sampunna ngucir,
  2. Agepah kaé Wayungyang, sirahipun sinniram toya leri, sarira teles anurut, mring suku kina lalar, nulya medal segawon warninné jamus, daler sirahipun pethak, ing gigir buntut myang sikil,
  3. Tekéng weteng gulunnira, dhateng cocot nenggih dipun wastanni, belang wayungyang ngagupuh, Condramawa wus nyandhak, bannyu degan sinniramken sirahipun, sarirannipun warata, dipun nusap nulya mijil,
  4. Kucing warnannipun pethak, dalir cemeng sirah tumekeng gigir, lepas dhateng buntuttipun, terus mring silit pisan, lajeng dhateng gulunné malih atepung, wata kucing condramawa, kalih samya dénnabanni,
  5. Dhumateng kaé Wayungyang, Condramawa asuka kalawan kucing, tan sipi pambujengngipun, punnang céléng tumingngal, dhateng ngasu dhasarré wus angsal buru, milanné tan mawi taha, sarêng mengsah wussa panggih,
  6. Céléng sinnaut wus pejah, dhateng malih sonna dipun kembulli, sinnaut sing ngarsa pungkur, nanging datan kuciwa, yén winnales sinnaut endhassé rampung, tannana kongsi mindhowa, kang sawennéh datan kongsi,
  7. Dipun saut lagya prapta, dipun jugug baé wus padha mati, pramila tumpang ngasusun, bebathangngé waraha, katingallan dhateng pun céléng demalung, balannipun kathah pejah, sanget krodha marêpekki,
  8. Annempuh saking ngiringngan, punnang sonna ginnadhil tan wigatti, sira demalung anubruk, kinnerah kinnakahan asu belang wayungyang males annaut, cocongor kawat gata, céléng demalung wus mati,
  9. Wadya balanné wus gempang, kutila tumingngal sanget dén nyandik, sabrayannira tumempuh, segawon ginnagila, datan kéwran belang wayungyang angamuk, naut anjugug mangrenjah, pangedhé kutila mati,
  10. Kang ngalit samya lumajar, sanget bawanning ngasu wangsul malih, sinnaut suwara lampus, kang annéng papénnékkan, dipun jugug saréng tiba nulya lampus, dénning pun tikus jinnada, atarung kalawan kucing,
  11. Sagendhingngipun kapapan, sampun pejah ingkang ulessé putih, kang ngalit samya lumayu, tinututtan kacandhak, sampun tumpes sadaya prawira tikus, surak mangambal lamballan, wong Medhang suka ningngalli,
  12. Sirna ingkang sato kéwan, Sri Naréndra sinniwaka ing sabin, pepak pra mantra néng nganyu, condramawa mayungyang, ing ngandika aris Sang Prabu mangukuh, Jaka Puring kadya paran, si kakang dhadhing pangukir,
  13. Pakirimmé ingsun suksma, punnang waos dhapurripun punnapi, Radén Jaka Puring matur, botenna mawi aran, kang timballan wong saborong yayai prabu, mésem Prabu Mangukuhan, ya ingsun kang amastanni,
  14. Mongsa borong yayi emas, dapur péncok sahang deder pring gadhing, sinulam gegodhinnipun, sarungngan kayu sawa, sawadinné kang pakirim mawi semu, semunné pencok sahan, awrat sinnongga kakang kari,
  15. Ujar esa prinrih awas, mring satunggal landhéyannya pring gadhing, suwarnanné gadhing ngiku, putih asemu jennar, aputiya sujanma di lamun durung, ambucal sahwat luamah, satemah andadi kunning,
  16. Kunnengnging kang ginupita, sira puthut jantaka kang winnarni, ginubel atma jannipun, sipat lembu maésa, awata pun Kala Murthi ingkang sepuh, Kala Srenggin ningikang trunna, panggubellé nuhun pamit,
  17. Nusul mring Medhang Kamulan, miyasrsa yén kadangngé samya mati, nedya bélanni sadulur, mojar Puthut Janthaka, iya kaki lumakuwa nanging dipun, prayitna wus tinutuppan, kupingngé atmaja kalih,
  18. Pinrih sampunna miyarsa, panjuguggé srenggalanné sang ngaji, pun Kala Murthi kalangkung, krodha sadalan dalan, yénna manggih séla dén undha maledug, milanné dahat prakosa, cinnatur babalung wessi,
  19. Balitumng lan otot kawat, wulu edom mur tembagi abrit, tingngal kumala asungu, purasanni terracak, waja tumpeng [22] bol karah agetih puput, yén tumindak kadya ngobah, aken kang sapta pratiwi,
  20. Samarga ngundhaka kaywan, kang kamargén wana lir dén babaddi, kadya pawana katelu, lampahira Sang Kala, Murthi Kala Srenggginni datan winuwus, ing marga sampun dungkap pasabinnan anningngalli,
  21. Sang Prabu lagya sinnéba, annéng sawah wadya lit anningngalli, sato kéwan dahat tagung, galak sungunnya rangkah, ngling Sang Natha kaé Wayungyang tinuduh, payo kakang abannana, srenggalannira tur bekti,
  22. Ki Wayungyang Condramawa, ing ngabannan srenggala lawan kucing, kalih pannandernya asru, sampun nayun-nayunnan, tanna mawi taha srenggala annaut, anubruk kagulingnga gya, ginnébégken mesat tebih,
  23. Wangsul annaut tenggoknya, dipun tujuh tiba lajeng cinukit, ing ngundha kombul mandhuwur, tiba malih singat, mring Sang Kala Murthi dipun singat muluk, sinningat tinnimbal-timbal, dheteng pun Kala Srengginni,
  24. Tumibéng siti tinujah, dipun tujah punnang ngasu lan kucing, kakalih samya ngalumpruk, atangi tan kuwawa, sanget welas kaé Wayungyang ngandulu, tannapi Ki Condramawa, sarêngngan deel pratiwi,
  25. Malesatting ngabyangtara, Condramawa namber atmaja kucing, Ki Wayungyang namber asu, madhun nulya sinniram, toya leri Ki Condramawa annambut, dawegan Kucing sinniram, kalih samya dén kosokki,
  26. Dhateng running wuluh pogag, sarêng tangi ngadeg nulya kikirig, wulu rontok dadya asu, kathah awarna-warna, belang cemeng putih lorék pirang ngatus, pun kucing datan pra bvda, ulessé awarni-warni,
  27. Kabéh sarêng  lumaksana, dhateng prennahira Sang Kala Murthi, kalih samya ginnarumung, dénning kucing srenggala, datan kéwran annyingat nujah anggejug, sinnaut datan kerasa, kadya upahannéng lathi,
  28. Tinnon kadya semut bandhang, sumengka mring pucuk gunung merapi, kadya cacathak dinulu, Jaka Puring tumingngal, gya cinandhak pring saros pinukul asru, rahadén Sengkan burunnan, talingngannya lir sinnebit,
  29. Sakedhap nétra lumampah, prapténg ngarsannipun Ki Jaka Puring, angngandika mannissarum, kaki sira bagéya, Radén Sengkan burunnan aturré uhun, lajeng marêk ngarsa natha, atmaja kalih tur kingkin,   

VIII.

  1. Kasmaran Sri Narapathi, anningngalli paratmmaja, kalih sudira semunné, pangngandikannya sor kilang, kaki atmajanning wang, pun bapa annedha tulung, Sang Linningngan atur sembah,
  2. Saha matur kawlas sasih, ping sapta janma tan montra, montra yvn gadhah kasektén, lumajengngira paman, Prabu mosik lan munna, pangawasa dalen rawuh, dhateng pung Sengkan Burunnan,
  3. Manggut Sang Sri Narapathi, mangukuh lon angngandika, adhuh putran ningsun nanggér, sadurungngé sira ngucap, kaki wus sun tarima, sur karya wakil nakkingsun, nembah Radén Lumaksana,
  4. Angadheg wadyanning baris, Rahadén Sengkan Burunnan, gupuh angusap dakarré, miyos oyod pitung ngasta, lan tigang nyarinnira, warnanné gilig arurus, alus lir péndah ngongottan,
  5. Wong kunna dénnya ngaranni, winnastan oyod dadawa, wong mangké dénning bisanné, adamel lemessing basa, kaprah katular-tular, winnastan anjalin muruk, saking wurukking wong kunna,
  6. Umangsah satriya kalih, pamecut pinnandhi ngasta, gawok sagung ingkang tumon, dhateng papecuk kawuryan, yén ngadeg kaja téja, yén malengkung lir kukuwung, yén kumelab kadya kilat,
  7. Kalamunning ngobat-tabit, kadya thathit aliwerran, Sang Kala Murthi duk tumon, sujanma ngadeg néng papan, sinnander datan wang wang, Kala Srenginni tan kantun,  sinnaut samya sudira,
  8. Narajeng Sang Kala Murthi, ngarsanné Rahadén Sengkan, pinedhut kenna endhassé, Kala Srengginni Narajeng dhateng  Rahadén Burunnan, pinnecut papethakkipun, sato kalih sarêng niba,
  9. Kantaka tan bisa nglilir, agepah [23] kaé wayungyang, lan Condramawa rowangngé, kalih samya kinneluwan, ing tampar sinunta gya, dén nuger lan kayu agung, sapaglilirré karunna,
  10. Puthut jantaka winnarni, pandhita trussing panningngal, wikan sadurung durungngé, kalangkung mannah nalongsa, mring sagung putrannira, loci tanning tyas anglampus, déwa banjutten waking wang,
  11. Paerandénné sun naurip, tan sami-sminning titah, sampun lumaksana agé, pun nujung ranthi binnekta, samargi ngundhamana, nulya anningngalli watu, satemah ing wana pringga,
  12. Sapuluh dhepa pesagi, cinnandhak ing ngundha-undha, lajeng dipun umbullaké, dipun tadhahi mastaka, punnang séla galepang, swarannya kadya manguwuh, lir prakempa kang pratala,
  13. Kadya semélu ing ngaksi, mukannipun kadya parang, lir surya kembarr nétranné, punnang siyung kadya carak, wiwaranning kang grana, kadya kutha kang binnandhung, kokop jéjénggot kumbala,
  14. Simbar jaja angebekki, ing weteng tekéng pupunya, apanjang wulu cubunné, lir cangkara bala pata, sinnerru, lampahira, tan kawarnéng marga rawuh, prennahé Sri Naranatha,
  15. Gégér kadya dén niterri, wandya ing Medhang Kamulan, amiyarsaken swaranné, Puthut janthaka kapuyengngan, katur Sri Naréndra, Ki Jaka Puring annambut, talempak Sang Natha bubar,
  16. Para Bupatya Rahadén Sengkan carunnan, Wayungyang Condramawanné, Dyan Jaka Puring prayitna, sarungngannya talempak, kayu sawa wus ing ngunussa, sinuntak wus mijil sarpa,
  17. Geng ngipun kagiri-giri, watara sabongkotting tal, amonca warna ulessé, anglandeng kukussing wisa, ilat pindha trisula, anggigilanni dinulu, kadya Sang Hyang Ngontaboga,
  18. Puthut janthaka winnarni, solahipun anggigila, rémannya gimbal dénnuré, lumampah angonja-onja, kekes wadya ing mendhang, Ki Tuwa Nalanya gumyur, sannastis padha sadhéla,
  19. Ki Buyut tumut macicil, gestiya ingkang kocappa, Puthut Janthaka lampahé, kang pinnarag bubar, wadya bala ing Mendhang, angngungsi dhateng Sang Prabu, tannana purun lumawan,
  20. Kadya ngobahaken bumi, gurubyagging wong lumajar, méh nungkap ngarsa sang kathong, prabu bupathi  aprayitna, Rahadén Sengkan Carunnan, annéng ngarsanning Sang Prabu, samya angagem jatmaka,
  21. Puthut janthaka ningngalli, dén pandeng Sri Naranatha, pan nical mangkuhanné, Bathara Wisnu kang ngana, angagem rudaksana, Puthut Janthaka lumayu, ngungsi dhateng wana pringga,
  22. Tinutting Sri Narapathi, lawan sagung bala kuswa, anulak wangsul lampahé, Ki Puthut sampun singiddan, naleceb wedi sawah, kalaras datan kadulu, sektinné Puthut janthaka,
  23. Kunneng Sang Prabu winnarni, sinnasak sambanning wana, Ki Ujung Ranthi kapangguh, cinnepeng datan suwala, Ki Puthut tan kapedhak, Sri Bupathi arsa kondur, dénnya wus datan kapedhak,
  24. Wus kobndur Sri Narapathi, Kyai Tuwa landhang-landhang, lumaku sarwi sisindhén, pangngucappé nyata édan, baring Puthut Janthaka, di lécek wedi maringsung, lumayu angngungsi wana,
  25. Iya aja lumayu maris, yén ningsun uwis bramatya, amungsuh Puthut maloto, ja siji ja loro nadyan, ana aronggo réngngan, yén bathigal ingsun purun, ngong pangan sega wadhang,
  26. Ki Buyut amuwus saris, bisa temen adol mbég, mau sapa rêp madodong, malah dadi pipikullan, Ki Tuwa sru annyentak, singa wong ngalamun wurung, atemuwa pisan-pisan,
  27. Yén sampunna mor ping siji, ping pindho wedi punnapa, mapan nuwis taté benter, nora sapisan kéwala, ingsun népangngi buta, sannajan ana aséwu, padha lannang wedi apa,
  28. Dénnya lumampah angari, anduluwa wedi sawah, tan wruh yén nana isinné, sinnedhal sarya lumampah, séréd turut galengngan, Puthut janthaka angruntuh, kipu cakut kadandappan,
  29. Ki Thuwa noléya aglis, wurimu [24]  iku punnapa, Ki Thuwa sugal sahurré, mongsa baya lumakuwa, Ki Buyut asru mojar, si thuwa tan sandé lampus, endhassé dén plokking buta,
  30. Yata ki thuwa aannolih, anniba napassé ilang, gumer swaranning punnang wong, yén ki thuwa sampun pejah, sinnautting janthaka, katur mring raja mangukuh, wangsul saha balannira,
  31. Puthut Janthaka ningngalli, yén Sang Prabu sanget duka, gumeter sarwi andhépok, arsa lumajeng tan bisa, Sri Bupathi wus prapta, annéng prennahé Ki Puthut, Ki thuwa sampun rinnembat,
  32. Dén dalih snnsndhang kannin, Ki Thuwa dipun bebayang, Puthut Janthaka anglongsod, Sri Bupathi angandika, iku Puthut Janthaka, yén sedyaha ambek purun, pesthi yén duwé tennaga,
  33. Dénné iku becik-becik, si Thuwa nora karowan, kalengnger karêppé dhéwé, umatur Puthut Jantaka, nuhun patik bathara, anjanma akaping pitu, dadossa abdi paduka,
  34. Kami purunna ing Gusti, milanné amba tannarsa, lumajeng tebih lan rajéng, sakarsa jeng Naranatha, sun tedha ing ngapapa, ngandika Prabu Mangukuh, yén mengkonno karêppira,
  35. Lumaku sun naken dasih, mannira kang ngawéh prennah, néng longan lumbung becikké, yén nana wong ngumpet kaya, iku bagéyannira, wong duwé pari rong ngatus, dénnakonni karo belah,
  36. Kang séket sira duwénni, miwah annak putunnira, néng lesung pancuddan pawon, ing latar myang tarêteppan, dalan gadhé pawuhan, anggonné annak putumu, nembah Ki Puthut wus silang,
  37. Angandika Sri Bupathi, dhateng sagung wadya bala, poma kabéh wadyanning ngong, pawéstri yén kala adang, ywa lali buwang sega, ing tumang atawa nutu, ing lesung tilarra beras,
  38. Miwah lamunna musussi, pabannyon tilarra beras, yén nangi tan kenna supé, annular sega ing ngiyan, iku wekas mannira, kawarnaha punnang santun, kang lebur pinnangngan ama,
  39. Sinnasak dipun niderri, dhumateng punnula sawa, gessang pari purna kabéh, tan kalong wuwulénnira, tinningngal lan anglayan, punnang ngula sarêng sampun, mider sahambanning sawah,
  40. Angklengker puwara mati, prennahé wonten galengngan, katingallanning  Sang Kathong, yén punnula sampun pejah, ngungun Sri Naranatha, purwakanné annéng lumbung, dénning walungsungngan nula,
  41. Sampunning kang ngula mati, wonten pawéstri katingngal, lawan sang ngula tannadoh, kadya widyadari kéndran, parab niluwih éndah, kadya sasongka mawelu, liringngé sor madu kilang,       

IX.

  1. Wayahé lagya rumaja putrid, asembada dedeggnya pineksa, pepek kang punnang pangnganggé, ajamang sekar suhun, amakutha binuka asri, asawit kuswaraga, nanging maksih pinjung, sutra di amonca warna, emerripun kencana dhinnandhang gendhis, asingsim mamanissan,
  2. Kelangkana kencana pinnodhi, podhi sekar kennango ginnubah, asengkang basing kennitén, inten dadya panunggal, mirah sélan dadya pangngapit, annelahi wedana, sang saya sumuru, gumebyar kadya lilidhah, Sri Mangukuh éram sakedhap ningngalli, dhateng Kén Luwih éndah,
  3. Sang rêtna yu dipun parêpekki, sarya ngandika sor madu kilang, atma jiwanningsun nanggér, pun kakang ngawu-ngawu, payo kondur marang jro puri, darma baé atengga, sajronning kadhatun, andika gusthi kang gadhah, kusuma yu matur sarwi awot sari, kapundhi ing mastaka,
  4. Pangandika dalem kakang ngaji, ulun binnekta mundur lenggana, panuhun kula Sang Rajéng, yénnéstu Sang Ngaulun, lair batin angaken céthi, dhateng ngawak kawula, sonten lawan nésuk, ameng ngamengnga mring sawah, pratandhanné paduka asih ing mami, éstu kula ki kawula,
  5. Sirna saking ngasrsannya narpathi, ngungun Sang Prabu Mendhang Kamulan, kondur sawadya balanné, malebéng jro kadhatun, langkung ngarja punnang negari, murah sandhang lan pangan, tulus kang tinandur, wadya lit suka pirênna, sampun tamat cariyos ingkang tinulis, wasta srat mannikmaya.

=== tamat ===


https://alangalangkumitir.wordpress.com/2021/05/05/serat-manikmaya/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...